JV/680108b Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Los Angeles

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Dados, panjenengan namung nggadhahi sakedik kamardikan. Amargi panjenengan minangka bageyan plethikan ingkan mboten saged dipunuwal saking Ingkang Utami. Ingkang Utami nggadhahi kamardikan sakwetahipun. Amargi menika kualitas kamardikan punika ugi wonten ing panjenengan. Sami kados emas, pothelan alit emas ugi minangka emas. Sami kados dene, amargi panjenengan minangka bageyan alitipun Kṛṣṇa, mila panjenengan ugi nggadhahi sedaya kualitas ingkang alit jumlahipun. Dados, panjenengan nggadhahi sedaya kualitasipun Kṛṣṇa. Amargi Kṛṣṇa minangka …., Gusti Pangeran punika mardika sakwetahipun, amargi menika panjenengan ugi ngersakaken dados mardika. Ndherek-sarengipun panjenengan namung kangge tansah dados mardika. Nanging panjenengan saweg wonten nglebet kawontenan ingkang kasindhet. Panjenengan saweg dados kasindhet. Nalikanipun panjenengan ngangsalaken malih gesang rohaninipun, mila panjenengan ugi badhe dados mardika kados Kṛṣṇa.
680108 - Kelas CC Madhya 06.254 - Los Angeles