JV/690521 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing New Vrindaban

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Kasusastran Veda maringaken pirsa bilih, labdhvā sudurlabham idam ( SB 11.9.29). Idam suraosipun “punika.” Ingkang dipuntujokaken kanthi “punika” inggih menika salira punika, kalodhangan punika, ujud gesang manungsa, kainsapan ingkang sampun ngrembaka lan ugi sarana ingkang jangkep. Para kewan, piyambakipun sedaya mboten nggadhahi sarana. Piyambakipun sedaya manggen wonten nglebet alas. Nanging kawula sedaya saged migunakaken alas-alas punika kangge ngangsalaken kawontenan ingkang sekeca sanget. Dados, kawula sedaya sampun ngrembakakaken kainsapan saha kalantipan. Kawula sedaya saged miguakaken perkawis punika. Dados, perkawis punika dipunwastani minangka arthadam. Artha. Wonten kalih suraosipun tembung artha punika. Artha-śāstra. Artha-śāstra suraosipun ekonomi, lelampah kangge mindhakaken raja brana. Punika dipunwastani minangka artha. Dados, arthadam. Ujud gesang manungsa punika saged maringaken luberan artha dhateng panjenengan. Artha suraosipun satunggaling perkawis ingkang wigati.
690521 - Kelas Nalikanipun Inisiasi - New Vrindaban, USA