JV/Prabhupada 1071 - Menawi Kawula Sedaya Memitran Sarta Ngasto Damel Sesarengan Kaliyan Gusti Pangeran, Mila Kawula Sedanya Ugi Badhe Raharja



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kawula sedaya ugi saget ngemut-emut bilih nalikanipun kawula sedaya ngrembag "Kṛṣṇa", mila asma punika sanes asma ingkang asipat sektarian. Asma "Kṛṣṇa" suraosipun inggih menika karemenan ingkang paling nginggil piyambak. Dipunpratelaaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka pancer lan lumbungipun sedaya karemenan. Kawula sedaya kepingin sanget karemenan. Ānandamayo 'bhyāsāt (Vedānta-sūtra 1.1.12). Sagung dumadi utawi Gusti Pangeran, amargi kawula sedaya dipunkebaki kainsapan, mila kainsapanipun dipuntujoaken dhateng padosan karaharjan. Karaharjan. Gusti Pangeran ugi tansah raharja, lan menawi kawula sedaya memitran sarta ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun, menawi kawula sedaya ndherek mendhet bageyan ing salebetipun kamitran kaliyan Panjenenganipun, mila kawula sedaya ugi dados raharja. Gusti Pangeran tedhak ing ngalam donya material punika kangge ngatonaken kridha-kridhanipun ing Vṛndāvana ingkang kebak dening karaharjan. Nalikanipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa saweg wonten ing Vṛndāvana, kridha-kridhanipun kaliyan sedaya rencang lare angon lembunipun, kaliyan sedaya rencang warakanyanipun, lan kaliyan sedaya para ingkang nglenggahi Vṛndāvana, sarta padamelanipun minangka lare angon lembu ing wekdal alitipun, lan sedaya kridha-kridha Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa menika kebak dening karaharjan. Sedaya Vṛndāvana, sedaya ingkang nglenggahi Vṛndāvana, sedayanipun madosi Panjenenganipun. Sedayanipun mboten mangertosi ingkang sanesipun kejawi Kṛṣṇa. Malah ugi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa mboten-marengaken ramanipun, Nanda Mahārāja, kangge mangestupada dhateng dewa Indra, amargi Panjenenganipun badhe namtoaken bilih para priyantun mboten kedah mangestupada dhateng para dewa menapa kemawon kejawi dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Amargi angkah pamungkas saking gesang inggih menika kangge wangsul dhateng panggenan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Panggenan Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, Bab 15, sloka 6 :

na tad bhāsayate sūryo
na śaśāṅko na pāvakaḥ
yad gatvā na nivartante
tad dhāma paramaṁ mama
(BG 15.6)

Sapunika, andharan menggah ing antariksa ingkang langgeng punika ... Nalikanipun kawula sedaya ngrembag antariksa, amargi kawula sedaya nggadhahi konsep material menggah ing antariksa, mila kawula sedaya menggalih menggah ing satunggaling antariksa kaliyan surya, candra, kartika lan sanesipun ingkang kados mekaten. Nanging Gusti Pangeran dhawuh bilih ing salebetipun antariksa ingkang langgeng punika, mboten dipunbetahaken kawontenanipun surya. Na tad bhāsayate sūryo na śaśāṅko na pāvakaḥ (BG 15.6). Lan ing salebetipun antariksa ingkang langgeng punika ugi mboten dipunbetahaken kawontenanipun candra. Na pāvakaḥ suraosipun mboten dipunbetahaken kawontenanipun listrik utawi latu kangge pepadhang amargi antariksa ingkang langgeng punika dipunpadhangi dening brahma-jyotir. Brahmajyoti, yasya prabhā (BS 5.40), teja saking panggenan ingkang utami. Sapunika, nalikanipun para priyantun marsudi kangge saget nggayuh planet-planet sanesipun, mila mboten ewed sanget kangge mangertosi panggenan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa punika. Panggenan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa wonten ing antariksa rohani lan asmanipun Goloka. Ing salebetipun Brahmā-saṁhitā, babagan punika dipunandharaken kanthi sae sanget, goloka eva nivasaty akhilātma-bhūtaḥ (BS 5.37). Gusti Pangeran, sanaos dene Panjenenganipun lenggah sadangunipun wonten ing panggenanipun, Goloka, nanging Panjenenganipun tansah akhilātma-bhūtaḥ, Panjenenganipun ugi saget dipungayuh saking mriki. Lan amargi menika Gusti Pangeran rawuh kangge minangkaaken wujud sejatosipun, sac-cid-ānanda-vigraha (BS 5.1), saengga kawula sedaya mboten kedah ngangen-angen. Mboten wonten ingkang dipunwastani minangka angen-angen punika.