JV/Prabhupada 0001 - Ngrembaka Dados Sawendra Utawi Sedasa Yuta

Revision as of 04:13, 9 January 2019 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0001 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1975 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on CC Adi-lila 1.13 -- Mayapur, April 6, 1975

Prabhupāda : Caitanya Mahāprabhu dhawuh dhateng para ācārya .... Nityānanda Prabhu, Advaita Prabhu lan Śrīvāsādi-gaura-bhakta-vṛnda, sedayanipun minangka para ingkang ngasta dhawuhipun Śrī Caitanya Mahāprabhu. Dados iktiyaraken kangge numutaken proses marginipun ācārya. Salajengipun gesang badhe dados angsal damel. Lan kangge dados ācārya menika mboten ewed sanget. Ing wiwitanipun, kangge dados abdi sewaka ingkang mituhu sanget saking ācāryanipun panjenengan, tumutaken kanthi tuhu menapa kemawon ingkang dipundhawuhaken dening piyambakipun. iktiyaraken kangge nglegaaken piyambakipun lan sebaraken kainsapan Kṛṣṇa. Punika kemawon. Sayekti mboten ewed. Iktiyaraken kangge numutaken pitedah Guru Mahārājanipun panjenengan lan sebaraken kainsapan Kṛṣṇa. Punika dhawuhipun Gusti Pangeran Śrī Caitanya.

āmāra ajñāya guru hañā tāra' ei deśa
yāre dekha tāre kaha 'kṛṣṇa'-upadeśa
(CC Madhya 7.128)

"Kanthi manut dhawuhKu, sampeyan dadi guru." Lan menawi kawula sedaya numutaken sistem ācārya punika kanthi tuhu sarta ngiktiyaraken kangge nyebaraken pitedahipun Kṛṣṇa kanthi leres. Yāre dekha tāre kaha 'kṛṣṇa'-upadeśa (CC Madhya 7.128). Wonten kalih werni kṛṣṇa-upadeśa. Upadeśa suraosipun pitedah. Pitedah ingkang dipunparingaken dening Kṛṣṇa, punika minangka 'kṛṣṇa'-upadeśa, lan pitedah ingkang dipuntampi menggah ing Kṛṣṇa, punika ugi minangka 'kṛṣṇa'-upadeśa. Kṛṣṇasya upadeśa iti kṛṣṇa upadeśa. Samāsa, śāsti-tat-puruṣa-samāsa. Lan Kṛṣṇa viṣayā upadeśa, punika ugi minangka Kṛṣṇa upadeśa. Bāhu-vrīhi-samāsa. Punika anggenipun mraceka paramasastra Sansekerta. Dados Kṛṣṇa upadeśa inggih menika Bhagavad-gītā. Panjenenganipun maringaken pitedah kanthi mligi. Dados satunggaling priyantun ingkang nyebaraken kṛṣṇa-upadeśa, ingkang nanging mangsuli menapa kemawon ingkang dipundhawuhaken dening Kṛṣṇa, mila piyambakipun badhe dados ācārya. Sayekti mboten ewed. Sedayanipun dipunpratelaaken ing mrika. Kawula sedaya nanging kedah mangsuli kados paksi beyo. Mboten sami persis kaliyan paksi beyo. Paksi beyo punika mboten mangertosi suraosipun; piyambakipun namung ngasilaken geteran suwanten kemawon. Nanging panjenengan kedah ugi mangertosi suraosipun; menawi mboten, lajeng kados pundi panjenengan badhe saget ngandharaken? Dados kawula sedaya ngersaaken nyebaraken kainsapan Kṛṣṇa. Cekap namung kanthi nyamektaaken dhiri panjenengan piyambak, kados pundi anggenipun kangge mangsuli pitedahipun Kṛṣṇa kanthi sae sanget, tanpa wontenipun kalepatan tapsir menapa kemawon. Lajeng, ing tembe wingking .... Umpaminipun sapunika panjenengan nggadhahi saleksa. Mila kawula sedaya badhe ngrembakaaken punika dados sakethi. Punika ingkang dipunbetahaken. Lajeng sakethi dados sayuta, lan sayuta dados sawendra utawi sedasa yuta.

Panyembah : Haribol! Jaya!

Prabhupāda : Dados mboten badhe wonten kakirangan ācārya, lan sedaya priyantun badhe mangertosi kainsapan Kṛṣṇa kanthi gampil sanget. Dados jumenengaken pakempalan punika. Sampun dados sombung kanthi klentu. Tumutaken pitedah para ācāya lan iktiyaraken kangge ndadosaken dhiri panjenengan sampurna lan mateng. Mila badhe dados gampil sanget kangge ngawonaken māyā. Inggih, para ācāya, sedayanipun mratelaaken perang dhateng kridhanipun māyā.