JV/Javanese Main Page


Menapa Menika Vanipedia

Vanipedia minangka satunggaling ensiklopedia ingkang tansah ngrembaka saking tetembunganipun (vani) Srila Prabhupada. Lumantar mawarni-warni budidaya ngasto damel sesarengan, kawula sedaya sampun nitiki lan nata sedaya pitutur lan pamulangipun Srila Prabhupada saking werni-werni wawasan kangge saklajengipun dipuncawisaken malih kanthi cara ingkang gampil kangge digayuh lan dipunmangertosi. Kawula sedaya saweg ngedegaken satunggaling wadhah pasimpenan ingkang tamanpa tandhing saking pitutur lan pamulangipun Srila Prabhupada ingkang sampun dipundigitalisasekaken, kangge dipundadosaken minangka satunggaling pisungsung kagem piyambakipun, ing saklebeting wujud satunggaling wadhah lumintu ingkang nglimputi sakindhenging ngalam ndonya, ingkang saged dipundamel minangka pamulang lan pamarsudinipun seserepan kainsapan Krishna kangge kawigatosanipun sedaya jalma manungsa wonten ing jagat pramudita.

Pakaryan ngedegaken Vanipedia punika minangka satunggaling budidaya ngasta damel sesarengan saking mawarni-warni basa ingkang nglimputi sakindhenging ngalam donya. Pakaryan punika saged dados angsal damel amargi wonten kathah sanget para penyembahipun Srila Prabhupada ingkang kepareng nyarengi lan nyengkuyungi lumantar werni-werni cara. Saben basa nggadhahi tataran kamajenganipun piyambak-piyambak ingkang benten-benten. Kawula sedaya ngajeng-ajeng bilih sedaya rekaman pamulangipun, rekaman pangandikanipun kaliyan serat-seratipun Srila Prabhupada saged angsal damel dipuntarjamahaken sedayanipun sakmboten-mbotenipun dhateng 16 basa, lan saged mantun 25% dhateng sakmboten-mbotenipun 32 basa, saengga saged dipundamel kangge satunggaling pisungsung wonten ing upacara kangge ngemuti 50 warsa tilaripun Srila Prabhupada wonten sasih November 2027. Menapa basa Jawa badhe saged dados salah satunggaling basa ingkang nggayuh target punika?

Gegayutan Dhateng Konten Wonten Ing Basa Jawa

Punika sedaya gegayutan saking konten ingkang sakmenika sampun cumawis wonten ing Vanipedia Basa Jawa :

Wonten mriki panjenengan badhe manggihaken sedaya 1080 video saking Srila Prabhupada ingkang sampun dipunformat mligi kanthi tetembungan ingkang sampun dipuntarjamahaken dhateng Basa Jawa.

Kaca saking pamulangipun Srila Prabhupada ingkang dipunpiranteni dening turunan tetembungan lan video.

Manifesto punika minangka satunggaling andharan saking sedaya Misinipun Vanipedia.

Srila Prabhupada: Acarya-Pangadeg ISKCON - Satunggaling Serat Dhedasaripun GBC

Ngasto Damel Sesarengan Kaliyan Kawula Sedaya

“Bageyan punika minangka aturan dhateng panjenengan kangge tumindak – uleman kangge ngempal sesarengan wonten lebet misi ngedegaken Vanipedia – awujud pawarta – saged dipunenggalaken sakwanci-wanci.”

Sloka-sloka Ingkang Mboten Tumata Saking Bhagavad-gita Miturut Aslinipun

Bhagavad-gita 8.5

अन्तकाले च मामेव स्मरन्मुक्त्वा कलेवरम् ।
यः प्रयाति स मद्भावं याति नास्त्यत्र संशयः ॥५॥
anta-kāle ca mām eva
smaran muktvā kalevaram
yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ
yāti nāsty atra saṁśayaḥ

SYNONYMS

anta-kāle—at the end of life; ca—also; mām—unto Me; eva—certainly; smaran—remembering; muktvā—quitting; kalevaram—the body; yaḥ—he who; prayāti—goes; saḥ—he; mad-bhāvam—My nature; yati—achieves; na—not; asti—there is; atra—here; saṁśayaḥ—doubt.

TRANSLATION

And whoever, at the time of death, quits his body, remembering Me alone, at once attains My nature. Of this there is no doubt.

PURPORT

In this verse the importance of Kṛṣṇa consciousness is stressed. Anyone who quits his body in Kṛṣṇa consciousness is at once transferred to the transcendental abode of the Supreme Lord. The word smaran (remembering) is important. Remembrance of Kṛṣṇa is not possible for the impure soul who has not practiced Kṛṣṇa consciousness in devotional service. To remember Kṛṣṇa one should chant the mahāmantra, Hare Kṛṣṇa, Hare Kṛṣṇa, Kṛṣṇa Kṛṣṇa, Hare Hare/ Hare Rāma, Hare Rāma, Rāma Rāma, Hare Hare, incessantly, following in the footsteps of Lord Caitanya, being more tolerant than the tree, humbler than the grass and offering all respect to others without requiring respect in return. In such a way one will be able to depart from the body successfully remembering Kṛṣṇa and so attain the supreme goal.


Klip Video Ingkang Mboten Tumata Saking Srila Prabhupada


Klip Audio Ingkang Mboten Tumata Saking Srila Prabhupada


JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Dados, gesang manungsa punika sanes namung sakderma kangge nyiya-nyiya bakuning bandha ingkang aji lumantar cara gesang para segawon lan para babi. Kawula sedaya nggadhahi tanggel jawab. Sang atma pindhah saking setunggal ujud salira dhateng ujud salira lintunipun lan ujud salira manungsa punika jumbuh sanget dipunginaaken kangge nyamektakaken dhiri panjenengan wonten nglebet iktiyar kadospundi caranipun kangge saged mlebet dhateng tataran karaharjan rohani Rādhā-Kṛṣṇa. Panjenengan saweg madosi karaharjan, nanging panjenengan mboten mangertos kadospundi caranipun nggayuh karaharjan punika. Kangge nggayuh karaharjan punika, rumusanipun cumawis wonten mriki, tapo divyaṁ. “Mesthinipun panjenengan sedaya nindakaken prinsip-prinsip mertapa tartamtu, o para puteraku,” divyaṁ, “kangge nggayuh karaharjan rohani wonten nglebet sesrawungan kaliyan Sang Kasunyatan Ingkang Tamanpa Wates.”
680504 - Kelas SB 05.05.01-3 - Boston



Manifesto Vanipedia

↓ Glindhingaken dhateng ngandhap kangge maos langkung kathah ...

Tembung Purwaka

Srila Prabhupada migatosaken sanget dhateng pamulang-pamulangipun, amargi menika Vanipedia dipunaturaken kanthi mligi dhateng ragangan pakaryanipun ingkang dumados saking pustaka-pustaka, rekaman pamulang lan rekaman pangandikan, serat-serat saha ingkang lintunipun. Nalikanipun mangke sampun mantun, mila Vanipedia badhe dados satunggaling temple Vani wiwitan ingkang nawakaken satunggaling panggenan suci wonten pundi mayuta-yuta priyantun ingkang saweg madosi tuntunan rohani ingkang sejati badhe manggihi wangsulan saha pawisik saking pamulangipun Srila Prabhupada ingkang kasuwur, ingkang dipuncawisaken minangka satunggaling ensiklopedia ingkang dipunserat wonten nglebet sakkathah-kathahipun basa.

Pratelan Visi Vanipedia

Ngasta damel sesarengan lumantar nenuwun lan sakwetahipun mujudaken Vani-presence (Rawuhipun tetembungan) Srila Prabhupada ingkang dipunserat wonten nglebet sakkathah-kathahipun basa, saengga saged nyekecakaken mayuta-yuta priyantun wonten nglebet budidaya nindakaken seserepan kainsapan Krishna, saha mbiyantu pakempalan sankirtananipun Gusti Pangeran Sri Caitanya Mahaprabhu ndamel jalma manungsa dados rohani malih.

Ngasta Damel Sesarengan

Ngedegaken satunggaling ensiklopedia dumugi saged nggayuh wates kados ingkang dipuncawisaken wonten lebetipun Vanipedia namung saged kelampahan lumantar budidaya ngasta damel sesarengan saking maewu-ewu panyembah ingkang sesarengan saha tlatos nindakaken panatan lan pantarjemahan pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada.

Kawula sedaya ngersakaken kangge mantunaken pakaryan pantarjemahan dhateng sedaya pustaka, pamulang saha serat-seratipun Srila Prabhupada punika sakmboten-mbotenipun dhateng nglebet 16 basa saha sakmboten-mbotenipun kelampahan wonten 108 basa ingkang saged nyawisaken sabageyan reriptanipun Srila Prabhupada wonten nglebet basanipun piyambak-piyambak wonten ing Vanipedia ing sasih November 2027.

Dumugi sasih Oktober 2017, Pustaka Suci Injil sampun jangkep dipuntarjemahaken dhateng nglebet 670 basa, Pustaka Perjanjian Enggal sampun dipuntarjemahaken dhateng nglebet 1.521 basa lan bageyan utawi cariyos saking Injil sampun dipuntarjemahaken dhateng nglebet 1.121 basa lintunipun. Statistik punika mitedahaken bilih sesarengan kaliyan wontenipun indhak-indhakan ingkang kathah sanget wonten lebet pamulangipun Srila Prabhupada, mila angkahipun kawula sedaya punika mboten kesangeten ambisiusipun tinimbang budidaya ingkang sampun dipuntindakaken dening para priyantun Kristen kangge nyebaraken pamulang piyambakipun dhateng sakindhenging donya.

Kawula sedaya ngaturi dhateng sedaya panyembah kangge ngempal sesarengan kaliyan kawula sedaya lan saklajengipun nindakaken budidaya ingkang minulya punika kangge nenuwun lan sakwetahipun mujudaken Vani-presence (Rawuhipun tetembungan) Srila Prabhupada ingkang dipunserat wonten nglebet sakkathah-kathahipun basa wonten nglebet internet kangge kawigatosanipun SEDAYA jalma manungsa.

Nenuwun

Ing 1965 Srila Prabhupada rawuh ing Amerika Serikat tamanpa wontenipun uleman saking sinten-sinten kemawon. Senaos dene kalumaksananipun dinten-dinten Vapu (rawuhipun) piyambakipun ingkang minulya sampun mantun wiwit 1977, nanging piyambakipun taksih tansah rawuh wonten lebet Vani-nipun (tetembungan), lan Vani (tetembungan) punika ingkang kedah kawula sedaya suwun sakmenika. Namung lumantar ngaturi lan nenuwun kersanipun Srila Prabhupada miyos kemawon, mila saklajengipun piyambakipun badhe kepareng nindakaken perkawis punika. Pepinginan ingkang kiyat saking kawula sedaya kersanipun Srila Prabhupada tansah rawuh dhateng kawula sedaya ingkang minangka konci cepenganipun kawula sedaya kangge miyosipun piyambakipun.

Dipunwujudaken Sakwetahipun

Kawula sedaya mboten ngersakaken rawuhipun Srila Prabhupada ingkang namung sabageyan kemawon wonten ngajeng kawula sedaya. Kawula sedaya ngersakaken rawuhipun Vani-presence (Rawuhipun tetembungan) piyambakipun ingkang sakwetahipun. Sedaya pamulangipun ingkang sampun dipunrekam, kedah dipunkempalaken sakwetahipun lan dipuntarjemahaken dhateng nglebet sakkathah-kathahipun basa. Punika minangka pisungsung saking kawula sedaya kangge para kawula anom tembe mburinipun jalma manungsa wonten ing planet punika – inggih menika satunggaling panggenan pangayoman (ashraya) ingkang awujud pamulang-pamulangipun srila Prabhupada.

Vani-presence (Rawuhipun tetembungan)

Vani-presence (Rawuhipun tetembungan) Srila Prabhupada ingkang sakwetahipun badhe miyos wonten nglebet kalih tataran. Tataran kaping setunggal – tataran ingkang gampil – inggih menika panatan lan pantarjemahan pamulang-pamulangipun dhateng nglebet sedaya basa. Tataran kaping kalih – tataran ingkang langkung ewed – inggih menika ndamel mayuta-yuta priyantun dados nindakaken pamulang-pamulang punika sakwetahipun.

Mawarni-warni Cara Marsudi

  • Jumbuh kaliyan panalitenipun kawula sedaya, mila dumugi sakmenika kawula sedaya sampun manggihi bilih Srila Prabhupada sampun ndhawuhi para panyembah kangge maos pustaka-pustakanipun lumantar 60 cara ingkang benten-benten.
  • Kanthi mulang pustaka-pustaka Srila Prabhupada lumantar cara ingkang benten-benten punika, mila kawula sedaya saged mangertosi lan ngluluh isenipun pustaka-pustaka punika kanthi leres. Kanthi tumut metodologi pamulang lumantar cara tematik lan saklajengipun nindakaken panatan dhateng perkawis punika, mila satunggaling priyantun saged mlebet kanthi gampil dhateng suraos saking saben tetembungan, wedharan, angen-angen lan kaprianggan ingkan dipuncawisaken dening Srila Prabhupada. Mboten ringa-ringa malih, pamulang-pamulang piyambakipun minangka gesang saha atmanipun kawula sedaya, saengga nalikanipun kawula sedaya marsudi dhateng pamulang-pamulang punika kanthi sakwetahipun, mila kawula sedaya saged mangertosi lan ngraos rawuhipun Srila Prabhupada wonten nglebet kathah perkawis kanthi lebet sanget.

Sawendra Utawi Sedasa Yuta Acharya

  • Upaminipun panjenengan sakmenika nggadhahi sedasa ewu. Mila kawula sedaya badhe ngrembakakaken dados setunggal atus ewu. Punika ingkang dipunbetahaken. Lajeng setunggal atus ewu dados setunggal yuta lan setunggal yuta dados sawendra utawi sedasa yuta. Dados mboten nate badhe wonten kekirangan dhateng Acharya lan sedaya priyantun badhe mangertosi kainsapan Krishna kanthi gampil sanget. Dados jumenengaken pakempalan punika. Sampun dados pambegan kanthi klentu. Tansah tumut pitedah para acharya lan ihtiyaraken kangge ndadosaken panjenengan sampurna lan mateng. Mila badhe dados gampil sanget kangge ngawonaken maya. Inggih, para acharya, sedayanipun mratelaaken perang dhateng kridhanipun maya – Kelas Srila Prabhupada menggah ing Sri Caitanya-caritamrta, 6 April 1975

Komentar

Pratelan visi Srila Prabupada punika sampun kawistara kanthi piyambakipun – inggih menika satunggaling rancangan ingkang sampurna kangge sedaya priyantun menggah ing mangertosi kainsapan Krishna kanthi gampil. Sawendra utawi sedasa yuta siksa-sisya (siswa ingkang ngangsalaken pasrawungan saha pitedah rohani kanthi mligi saking guru) ingkang ngangsalaken wasesa saking Srila Prabhupada kanthi lembah manah nindakaken pitedah saking Acharya-pangadeg kawula sedaya lan tansah ngihtiyar kangge nggayuh kasampurnan lan kamatengan. Srila Prabhupada kanthi kawistara mratelakaken “jumenengaken pakempalan punika.” Kanthi greget, Vanipedia mbiyantu nindakaken visi punika.

Seserepan Kainsapan Krishna

Wonten nglebet bab kaping sanga saking Bhagavad-gita, seserepan kainsapan Krishna punika dipunwastani minangka ratu saking sedaya seserepan, ratu saking sedaya perkawis ingkang asipat rahasya saha seserepan ingkang paling nginggil menggah ing kainsapan rohani. Kainsapan Krishna minangka seserepan rohani ingkang namung saged dipunwedhar dhateng satunggaling panyembah ingkang tuhu lan sayaga maringaken peladosan dhateng Gusti Pangeran. Kainsapan Krishna mboten saged digayuh lumantar adu panemu ingkang asipat garing utawi lumantar kualifikasi akademik. Kainsapan Krishna ugi sanes satunggal kapitadosan kados dene agama Hindu, Kristen, Buddha utawi Islam, ananging satunggaling seserepan. Menawi satunggaling priyantun maos pustaka-pustakanipun Srila Prabhupada kanthi setiti, mila piyambakipun sedaya badhe dados langkung insap dhateng seserepan kainsapan Krishna ingkang paling nginggil lan dados langkung ngangsalaken pawisik kangge nyebaraken perkawis ingkang sami dhateng sedaya priyantun kangge karaharjan lan piguna ingkang sejati saking piyambakipun sedaya.

Pakempalan Sankirtana Kagunganipun Gusti Pangeran Sri Caitanya

Gusti Pangeran Sri Caitanya Mahaprabhu minangka rama lan pengajengipun pakempalan sankirtana. Priyantun ingkang muja Panjenenganipun kanthi ngurbanaken gesang, yatra, kalantipan saha tetembungan piyambakipun kangge pakempalan sankirtana dados dipunakeni dening Gusti Pangeran saha ngangsalaken pangestunipun. Sauntawis pangurbanan ingkang lintunipun saged dipunwastani minangka kamboten-lantipan, amargi saking sedaya ujud pangurbanan ingkang dipuntindakaken dening satunggaling priyantun kanthimugunakaken energinipun, mila pangurbanan ingkang dipuntindakaken kangge pakempalan sankirtana minangka pangurbanan ingkang paling minulya. Sedaya pakempalan kainsapan Krishna dipundhasaraken dhateng pranatan lan paugeranipun pakempalan sankirtana ingkang dipunresmekaken dening Sri Caitanya Mahaprabhu. Amargi menika priyantun ingkang ngiktiyar kangge mangertosi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar pakempalan sankirtana dados mangertosi sedayanipun kanthi sampurna. Piyambakipun minanka “sumedhah,” satuggaling priyantun ingkang lantip sanget.

Ndamel Jalma Manungsa Dados Rohani Malih

Sakmenika jalma manungsa saweg wonten ing saklebeting lelimengan ingkang dipunsababaken dening kawontenan supe. Kawontenan punika sampun ndadosaken kamajengan ingkang enggal sanget wonten nglebet tataran sekecanipun material, pamulangan saha pangrembakanipun ekonomi wonten ing sakindhenging jagat. Nanging wonten ing satunggaling panggenan saking sedayanipun ragangan sosial, malah miyos setunggal kedhingklangan ingkang nyababaken miyosipun pasulayan ingkang ageng, ingkang miyos namung amargi wonten perkawis ingkang kirang wigati. Dipunbetahaken satunggaling pitedah menggah ing kadospundi nindakaken kersanipun jalma manungsa saged gesang sesarengan kanthi rukun, memitran lan gemah ripah kerta raharja, wonten nglebet satunggaling angkah ingkang sami. Srimad-Bhagavata saged nyembadani kabetahan punika, amargi Srimad-Bhagavatam minangka satunggaling cecawis budaya kangge ndamel sedaya jalma manungsa dados rohani malih. Limrahipun, golongan mangsarakat minangka satunggaling piranti ingkang wonten ing astanipun para politikus modern saha pangageng kawula alit. Namung menawi tuwuh paewahan wonten nglebet batinipun para pangageng kemawon, mila saklajengipun saged dipunpesthekaken badhe wonten paewahan ingkang nyata dhateng kawontenan jagat punika. Angkahipun pamulangan ingkang sejati kedahipun kangge nggayuh kainsapan dhiri, kainsapan menggah ing ajining rohani saking sang atma. Saben priyantun kedahipun mbiyantu kersanipun sedaya kridha wonten nglebet ngalam donya saged dados rohani. Lumantar kridha ingkang kados mekaten, mila para priyantun ingkang nindakaken kridha saha kridha punika piyambak dados nggadhahi aji rohani saengga pungkasanipun saged nglangkungi sipat-sipat ngalam donya punika.

Pratelan Misi Vanipedia

  • Ngaturaken dhateng Srila Prabhupada satunggaling tataran ingkang sumambung wonten ing sakindhenging jagat kangge mulang lan nglatih sedaya priyantun menggah ing seserepan kainsapan Krishna wonten nglebet sedaya basa ing ngalam donya.
  • Nitiki, manggihi lan nata sedaya pamulangipun Srila Prabhupada lumantar mawarni-warni wawasan.
  • Nyawisaken Vani Srila Prabhupada kanthi cara ingkang gampil digayuh lan dimangertosi.
  • Nglantaraken satunggaling panggenan pasimpenan kangge panaliten sedayanipun ingkang dipundasaraken dhateng tema ingkang mligi kangge nggampilaken panyeratan pustaka-pustaka ingkang dipundasaraken Vani saking Srila Prabhupada.
  • Nglantaraken sumber daya kurikulum utawi rancangan pamulangan kangge mawarni-warni prakarsa pamulangan dhateng nglebet Vani Srila Prabhupada.
  • Nglebetaken pambudi ingkang werit dhateng para pandherek tuhu Srila Prabhupada menggah ing wigatosipun nindakaken wawan rembug kaliyan Vani Srila Prabhupada kangge kebetahan tuntunan piyambak-piyambak saha wigatosipun kangge dados cekap lantip saengga saged nyulihi piyambakipun wonten nglebet sedaya indhak-indhakan.
  • Ndamel para pandherek Srila Prabhupada saking sedaya negari dados ngersakaken ngasta damel sesarengan wonten ing sakindhenging jagat kangge nggayuh sedaya perkawis ingkang sampung dipunserat wonten nginggil.

Menapa Ingkang Ngrentegaken Kawula Sedaya Kangge Ngedegi Vanipedia?

  • Kawula sedaya nampi bilih,
  • Srila Prabhupada minangka satunggaling panyembah murni ingkang ngangsalaken wasesa kanthi mligi saking Gusti Pangeran Sri Krishna kangge ngewedaken sagung dumadi wonten nglebet paladosan bhakti ingkang dipunluberi dening welas asih dhateng Gusti Pangeran. Peparing wasesa punika dipunbuktekaken lumantar andharan ingkang tamanpa tandhing menggah ing Kasunyatan Ingkang Tamanpa Wates, ingkang wonten ing saklebeting pamulang-pamulangipun.
  • Ing jaman modern punika, mboten wonten priyantun ingkang nindakaken filsafat Vaisnava ingkang langkung minulya saha mboten wonten kritik sosial ingkang langkung ageng ingkang ngandharaken menggah ing ngalam donya wekdal sakmenika TAMANPA TEDHENG ALING-ALING, saklintunipun Srila Prabhupada.
  • Pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada badhe dados panggenan pangayoman ingkang utama kangge mayuta-yuta pandherekipun ingkang nglimputi sedaya priyantun anom ing tembe mburi.
  • Srila Prabhupada ngersakaken pamulang-pamulangipun dipunsebaraken kanthi lebet sanget saha dipunmangertosi kanthi leres.
  • Pamulangan adhedasar tema-tema mligi dhateng pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada nyababaken proses pamangertosan dhateng kasunyatan ingkang wonten ngelebetipun dados mindhak nginggil sanget, saha bilih wonten aji-aji ingkang ageng sanget nalikanipun kawula sedaya nitiki, manggihi lan nata pamulang-pamulangipun kanthi sedayanipun lumantar saben wawasan.
  • Pantarjemahan sedaya pamulangipun Srila Prabhupada wonten nglebet satunggaling basa tertamtu sami suraosipun kaliyan ngulemi Srila Prabhupada kangge rawuh sakdangunipun wonten ing panggenan-panggenan ingkang migunakaken basa punika.
  • Amargi piyambakipun sampun mboten saged rawuh wonten nglebet jasmaninipun malih, mila Srila Prabhupada mbetahkaken kathah sanget para abdi vani (vaniservant) kangge mbiyantu piyambakipun wonten nglebet misi punika.

Amargi menika kawula sedaya sampun mratelakaken tekad kangge ngripta satunggaling tataran ingkang tansah ngrembaka kangge nggampilaken proses panyebaran ingkang sakageng-agengipun saha nggampilaken gayuhan dhateng pamangertosan ingkang sunyata menggah ing seserepan ingkang sampurna lan kainsapan ingkang wonten ing saklebeting pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada, saengga sedayanipun saged dipuntindakaken kanthi bingah sanget. Namung sakprasaja mekaten kemawon. Satunggaling perkawis ingkang nguwal kawula sedaya saking ihtiyar kangge mantunaken Vanipedia inggih menika wekdal saha kathahipun paladosan suci vaniseva inking dhereng dipunaturaken dening para panyembah ingkang sampun mratelakaken tekad dhateng visi punika.

Kawula ngaturaken matur sembah nuwun sanget dhateng panjenengan sedaya, amargi sampun ngaji-aji paladosan kawula ingkang sepele punika, ingkang kawula tindakaken minangka satunggaling kuwajiban ingkang dipunpitedahaken dening Guru Maharaja kawula. Kawula nyuwun kersanipun sedaya sisya kawula nindakaken asta damel sesarengan lan kawula mitadosi tamanpo wonten sakedhikpun karinga-ringan bilih misi kawula sedaya badhe dados majeng – Layang Srila Prabhupada dhateng Tamala Krishna das (GBC) - 14 Agustus 1971

Tigang Warni Kalenggahan Ingkang Limrah Saking Srila Prabhupada

Budaya kangge ngayom wonten ing ngandhap sampeyan-padma pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada namung saged dipunujudaken nalikanipun kainsapan dhateng tigang warni kalenggahanipun Srila Prabhupada punika dipunwungokaken wonten nglebet batinipun sedaya pandherekipun.

Srila Prabhupada minangka siksa-guru kawula sedaya ingkang paling becik

  • Kawula sedaya nampi bilih sedaya pandherek Srila Prabhupada saged ngraos rawuh lan pangayoman piyambakipun wonten nglebet pamulang-pamulangipun – kanthi piyambak-piyambak saha nalikanipun saweg ngrembag pamulang-pamulang punika sesarengan kaliyan ingkang lintune.
  • Kawula sedaya nyucekaken dhiri kawula sedaya piyambak saha ngronce sambungan ingkang kiyat kaliyan Srila Prabhupada lumantar pamulangan kangge gesang sareng piyambakipun wonten ing saklebeting wujud piyambakipun minangka batin ingkang dados panuntunipun kawula sedaya.
  • Kawula sedaya ngrentegaken para panyembah kangge ngraosaken uwalan saking Srila Prabhupada, ngelegakaken wekdal kangge manggihaken rawuh piyambakipun lan ngangsalaken panglipuran wonten nglebet Vaninipun.
  • Kawula sedaya genti-gentos mandum welas asih saking Srila Prabhupada kaliyan sedaya pandherekipun, ugi kalebet piyambakipun sedaya ingkang sampun nampi diksa wonten nglebet galer paguron piyambakipun saha piyambakipun sedaya ingkang ndhereki Srila Prabhupada wonten nglebet kuwasisan ingkang benten-benten.
  • Kawula sedaya mulang para panyembah lumantar kapitadosan dhateng kalenggahanipun Srila Prabhupada minangka siksa-gurunipun kawula sedaya ingkang paling becik saha lumantar sumambungan para sisya kawula sedaya kaliyan piyambakipun wonten nglebet swasana batin uwalan.
  • Kawula sedaya ngedegi satunggaling rerangken para panglajeng saking para siksa-sisya ingkang dipunparingi kawasesan kangge njejegaken tinggalan Srila Prabhupada dumugi sakdangunipun para kawula anom ingkang saklajengipun.

Srila Prabhupada minangka Acharya-Pangadeg ISKCON

  • Kawula sedaya ngajengaken Vani Srila Prabhupada minangka kakiyatan panyurung utami ingkang ndamel para anggota ISKCON dados tansah sumambung lan mituhu dhateng piyambakipun saengga kanthi mekaten piyambakipun sedaya dados ngangsalaken pawisik, tansah giyat saha tansah nggadhahi kaantepan kangge ndadosaken pakempalan punika saged kaleksanan kanthi jumbuh kaliyan sedayanipun ingkang dipunkersakaken dening Srila Prabhupada – wonten ing wekdal sakmenika saha wonten ing tembe mburi.
  • Kawula sedaya ngrentegaken pangrembakan dhateng bakuning mutu kabrahmanan Vaishnava ingkang sambung-sinambung, ingkang dipundhasaraken dhateng pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada sareng rancangan pamulangan piyambakipun – ingkang minangka satunggaling “budaya-vani.”
  • Kawula sedaya mulang para panyembah kanthi sakleresipun menggah ing kalenggahan Srila Prabhupada minangka Acharya-pangadeg ISKCON lan paladosan kawula sedaya dhateng piyambakipun saha pakempalanipun.

Srila Prabhupada minangka Acharya-jagat

  • Kawula sedaya mindhakaken kainsapan jagat menggah ing wigatosipun kalenggahan rohani Srila Prabhupada minangka Acharya-jagat kanthi cara ngedegi gegayutan wekdal sakmenika saking pamulang-pamulangipun saking sedaya golongan saha wewengkon wonten nglebet saben nagari.
  • Kawula sedaya maringaken pawisik menggah ing satunggaling budaya ingkang ngaji-aji lan ngagungaken pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada saengga ngangsalaken wontenipun kandherek-sartanipun mangsarakat sakindhenging donya ingkang aktif wonten nglebet panindakan kainsapan Krishna.
  • Kawula sedaya nginsapi dhasar pamanah bilih Srila Prabhupada sampun ngedegi satunggaling griya wonten pundi sakindhenging donya saged gesang wonten lebetipun, kanthi migunakaken Vaninipun minangka dhasar lan ugi minangka pajengan kanthi sesarengan – minangka satunggaling panggenan pangayoman, satunggaling ashraya – ingkang maringaken pangayoman dhateng griya punika.

Wigatosipun Putusan Dhateng Kalenggahan Ingkang Limrah Saking Srila Prabhupada

  • Mangsarakat ISKCON gadhahipun kawula sedaya punika mbetahaken prakarsa-prakarsa menggah ing perkawis pamulangan, angkahipun politik saha budaya jalma manungsa kangge nggampilaken lan ngerimat putusan saking kalenggahan ingkang limrahipun Srila Prabhupada kaliyan para pandherekipun saha wonten nglebet pakempalanipun. Perkawis punika mboten badhe kaleksanan kanthi piyambakipun utawi namung sakderma lumantar pangarep-arep wonten lebeting angen-angen pamanah kemawon. Perkawis punika namung saged digayuh lumantar iktiyar lantip ingkang manunggal lan dipuntindakaken sesarengan dening para panyembah ingkang suci batinipun.
  • Gangsal alangan konci ingkang ngaling-alingi kalenggahan ingkang limrah saking Srila Pranhupada wonten nglebet pakempalanipun:
  • 1. Mboten mangertos menggah ing pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada – piyambakipun sampun maringaken pitedah-pitedah, nanging kawula sedaya mboten insap dhateng kawontenan pitedah-[pitedah menika.
  • 2. Mboten preduli dhateng pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada – kawula sedaya mangertosi kawontenan pitedah-pitedah punika, nanging kawula sedaya mboten mredulekaken, kawula sedaya nyepelekaken pitedah-pitedah punika.
  • 3. Klentu tampi menggah ing pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada – kawula sedaya nindakaken pitedah-pitedah piyambakipun kanthi tuhu, nanging amargi kawula sedaya kesangeten tatagipun utawi taksih kirang mateng, mila kawula sedaya klentu nalikanipun nindakaken pitedah-pitedah punika.
  • 4. Kirang pitados dhateng pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada – tebih sanget wonten nglebet batin, kawula sedaya kirang mitadosi sakwetahipun dhateng pitedah-pitedah punika saha namung mastani sedayanipun minangka satunggaling kayalan, satunggaling perkawis ingkang mboten nyata lan mboten jumbuh kangge dipuntindakaken wonten nglebet “ngalam donya modern.”
  • 5. Ungkul-ungkulan kaliyan pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada – kanthi pitados sanget lan giyat ingkang ageng, kawula sedaya malah mlampah dhateng angkah ingkang benten sanget kaliyan ingkang sampun dipuntedahaken dening Srila Prabhupada, saengga lumantar tumindaj punika kawula sedaya malah dados mangaribawani priyantun lintunipun kangge ndherekaken tumindak kawula sedaya.

Komentar

Kawula sedaya mitadosi bilih alangan-alangan wonten nginggil punika saged kanthi gampil dipunlangkungi lumantar nepangaken rancangan pamulangan ingkang manunggal saha tumata, ingkang dipunangkahaken kangge ngerimat gegayutan kawula sedaya kaliyan pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada, saha kangge mindhakaken seserepan kawula sedaya dhateng pamulang-pamulang punika. Nanging perkawis punika namung badhe angsal damel menawi wonten surungan saking tekad kapangagengan ingkang ngiktiyar kanthi tuhu kangge ngripta budaya ingkang miyos saking Vani Srila Prabhupada. Kanthi mekaten, mila kalenggahan ingkang limrah saking Srila Prabhupada kanthi piyambakipun badhe dados kawistara dhateng sedaya golongan panyembah lan badhe tansah mekaten kangge sakdangunipun.

Para panyembah minangka peranganing saliranipun Srila Prabhupada, ISKCON minangka saliranipun lan Vani minangka atmanipun

  • Panjenengan sedaya minangka peranganing salira kawula. Menawi panjenengan mboten genti-gentos ngasta damel sesarengan, mila gesang kawula badhe tamanpa guna. Indriya-indriya lan gesang punika genti-gentos nggegayut. Tamanpa gesang, mila indriya-indriya mboten saged tumindak lan tamanpa indriya-indriya, mila gesang ugi dados liren – Layang Srila Prabhupada dhateng Brahmananda das (TP), 17 Juli 1968



  • Panjenengan damel samakipun pustaka dados nengsemaken, saengga kanthi piyambakipun para priyantun punika dados kepranan kangge maos seserepan ingkang wonten ing saklebeting pustaka punika. Samak pustaka punika minangka manah lan indriya-indrya, senaos dene isenipun pustaka minangka sang atma – Layang Srila Prabhupada dhateng Amogha das (TP), 22 Mei 1972


  • Kawula ngajeng-ajeng kersanipun pakempalan kainsapan Krishna punika badhe dipuncathet wonten nglebet sejarah minangka pakempalan ingkang nanggel jawab ngraharjakaken jagat. Sakleresipun, namung pakempalan kawula sedaya punika kemawon ingkang dados satunggaling pangajeng-ajeng kangge ngraharjakaken jagat saking sedayanipun alangan saha bencana – Layang Srila Prabhupada dhateng Sucandra das (TP), 1 Januari 1972


  • Panjenengan kedah tansah emut bilih menapa kemawon ingkang kawula sedaya tindakaken, sedayanipun wonten ing saklebetipun sistem parampara ingkang dipunwiwiti saking Gusti Pangeran Sri Krishna mangandhap dumugi dhateng kawula sedaya. Amargi menika, greget welas asihipun kawula sedaya kedahipun langkung dipuntujokaken dhateng piweling punika saha sanes dhateng wujud jasmani ingkang namung saged dipuntingali kemawon. Nalikanipun kawula sedaya nresnani piweling punika saha ngladosi Gusti Pangeran, mila kanthi piyambakipun raos welas asih saha pepinginan kawula sedaya kangge ngladosi salira dados diendhegaken – Layang Srila Prabhupada dhateng Govinda dasi, 7 April 1970

Komentar

Kawula sedaya minangka peranganing saliranipun Srila Prabhupada. Kersanipun asta damel sesarengan kawula sedaya kaliyan piyambakipun saged angsal damel lan piyambakipun saged ngraos lega sakwetahipun, mila kawula sedaya kedah manunggalaken kainsapan kawula sedaya kaliyan kainsapan piyambakipun. Manunggalipun kainsapan ingkang dipunluberi dening welas asih punika awit ngrembaka nalikanipun kawula sedaya dados khusyuk lan mitadosi sakwetahipun saha saklajengipun nindakaken Vani piyambakipun. Rancangan asta damel sakwetahipun kawula sedaya digayuh kanthi ngiktiyaraken kersanipun kawula sedaya nyecep pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada lan saklajengipun kanthi werit ndadosaken pamulang-pamulangipun dados panceripun saking sedayanipun ingkang kawula sedaya tindakaken kangge pakempalan kainsapan Krishna gadhahipun Srila Prabhupada. Kanthi mekaten, mila para panyembah Srila Prabhupada saget ngrembakakaken dhiri piyambakipun sedaya wonten nglebet paladosan bhakti piyambakipun sedaya piyambak-piyambak, kangge ndadosaken ISKCON minangka satunggaling pakempalan ingkang pengkuh saha saged nyembadani pepinginanipun Srila Prabhupada kangge ngraharjakaken jagat saking sedayanipun alangan lan bencana. Pungkasanipun para panyembah dados labda jaya, GBC dados labda jaya, ISKCON dados labda jaya, jagat dados labda jaya, Srila Prabhupada dados labda jaya lan Gusti Pangeran Sri Caitanya ugi dados labda jaya. Mboten wonten ingkang dados kawon.

Panyebaran Pamulang-pamulangipun Parampara

1486 Caitanya Mahaprabhu miyos kangge mulang kainsapan Krishna dhateng sakindhenging ngalam donya

1488 Sanatana Goswami miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1489 Rupa Gosvami miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1495 Raghunatha Gosvami miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1500 Sistem cithakan ingkang migunakaken mesin tindhes mekanis awit ngewahi cara panyebaran pustaka wonten ing sakindhenging Eropa

1513 Jiva Gosvami miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1834 Bhaktivinoda Thakura miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1874 Bhaktisiddhanta Sarasvati miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1896 Srila Prabhupada miyos kangge nyerat pustaka-pustaka menggah ing kainsapan Krishna

1914 Bhaktisiddhanta Sarasvati ngripta istilah "brhat-mrdanga"

1922 Srila Prabhupada kepanggih sareng Bhaktisiddhanta Sarasvati ingkang kawitanipun saha saknalikanipun didhawuhi kangge maringaken pamulangan lumantar basa Inggris

1935 Srila Prabhupada nampi pitedah kangge nyithak pustaka-pustaka

1944 Srila Prabhupada ngawiti medalaken kalawarta Back to Godhead

1956 Srila Prabhupada pindhah dhateng Vrndavana kangge nyerat pustaka-pustaka

1962 Srila Prabhupada medalaken volume kaping setunggal saking Srimad-Bhagavatam piyambakipun

1965 Srila Prabhupada dumugi wonten ing tlatah Kilen kangge nyebaraken pustaka-pustakanipun

1968 Srila Prabhupada medalaken edisi ringkes saking Bhagavad-gita Miturut Aslinipun

1972 Srila Prabhupada medalaken edisi komplit saking Bhagavad-gita Miturut Aslinipun

1972 Srila Prabhupada ngedhegi BBT kangge medalaken pustaka-pustakanipun

1974 Para sisyanipun Srila Prabhupada ngawiti panyebaran pustaka-pustaka piyambakipun kanthi satuhu

1975 Srila Prabhupada mantunaken panusunan Sri Caitanya-caritamrta

1977 Srila Prabhupada liren ngendikan lan nilar Vani piyambakipun wonten nglebet rimatanipun kawula sedaya

1978 Bhaktivedanta Archives dipundhegi

1986 Pasimpenan data sistem digital wonten ing sakindhenging donya nggayuh klempakan ingkang kathahipun 1 CD-ROM per priyantun

1991 World Wide Web – jejaring internet ingkang nglimputi sakindhenging donya – (brhat-brhat-brhat mrdanga) dipundhegi

1992 Bhaktivedanta VedaBase versi 1.0 dipunriptakaken

2002 Wekdal Digital sampun rawuh – wonten ing sakindhenging donya, para priyantun ingkang migunakaken panggenan pasimpenan digital sampun nglangkungi para priyantun ingkang migunakaken panggenan pasimpenan analog

2007 Pasimpenan data sistem digital wonten ing sakindhenging donya sampun nggayuh klempakan ingkang kathahipun 61 CD-ROM per priyantun, ingkang suraosipun klempakan sedayanipun kathahipun 427 milyar CD-ROM (kawontenan sedayanipun kebak)

2007 Vani Temple Srila Prabhupada utawi Vanipedia dipunawiti pangadheganipun wonten nglebet internet

2010 Vapu-temple Srila Prabhupada, inggih menika Temple Planetarium Veda, dipunawiti pangadheganipun wonten ing Sridhama Mayapur

2012 Vanipedia nggayuh 1.906.753 pethikan, 108.971 kaca lan 13.946 kategori (golongan)

2013 Para panyembah ISKCON sampun nyebaraken 500.000.000 pustakanipun Srila Prabhupada wonten nglebet wekdal 48 warsa – rata-rata 28.538 pustaka saben dintenipun

2019 Wonten ing kaping 21 Maret, nalikanipun lumaksananipun Gaura Purnima, pas jam 07.15 Wekdal Eropa Madya, Vanipedia nindakaken prayaan 11 warsa lumaksananipun kridha ngulemi para panyembah wonten nglebet iktiyar asta damel sesarengan kangge nenuwun lan mujudaken Vani-presence (Rawuhipun tetembungan) Srila Prabhupada sakwetahipun. Sakmenika Vanipedia sampun dados mantunaken panatan dhateng 45.588 kategori (golongan), 282.297 kaca lan langkung saking 2.100.000 pethikan ingkang dipuncawisaken wonten nglebet 93 basa. Sedayanipun sampun digayuh dening langkung saking 1.220 panyembah ingkang sampun nindakaken vaniseva sakdangunipun langkung saking 295.000 jam. Kawula sedaya taksih badhe nglampahi mergi ingkang paos kangge mantunaken pangedhegan Vani-temple Srila Prabhupada punika, saengga kawula sedaya tansah ngulemi para panyembah kangge ndherek sesarengan wonten nglebet misi ingkang minulya punika.

Komentar

Pangrembakan misinipun Sri Caitanya Mahaprabhu wonten ngandhapipun panji pakempalan kainsapan Krishna modern minangka satunggaling wekdal ingkang ngremenaken sanget wonten nglebetipun proses nindakaken paladosan bhakti.

Srila Prabhupada, Acarya-pangadeg Mangsarakat Internasional Kainsapan Krishna, sampun manggenaken dhateng lebet panggung gesangipun ngalam donya punika, satunggaling fenomena ingkang ngewah gesang punika piyambak, wonten ing sakelebeting wujud tarjemahan, andharan Bhaktivedanta, pamulangan, pangendikan saha serat-serat piyambakipun. Saestu wonten mriki panggenanipun konci kangge ndamel sedayanipun jalma manungsa dados rohani malih.

Vani, Sesrawungan Pribadi lan Paladosan wonten nglebet Uwalan - Pethikan

  • Guru Maharaja kawula seda ing warsa 1936 lan kawula ngawiti pakempalan punika ing warsa 1965, tigang dasa warsa saksampunipun. Lajeng? Kawula ngangsalaken berkahipun guru. Punika Vani. Senaos dene guru mboten rawuh kanthi jasmaninipun, nanging menawi panjenengan ndhereki Vani, mila panjenengan badhe ngangsalaken pitulungan – Pangendikan Srila Prabhupada nalikanipun mlampah enjing, 21 Juli 1975


  • Kanthi mboten rawuhipun kawontenan jasmani saking guru karohanen, mila vanisesa dados langkung wigati. Guru karohanen kawula, Sarasvati Goswami Thakura, mbokbilih mboten rawuh kanthi jasmani, nanging panggah kemawon, amargi kawula ngiktiyar kangge ngladosipiyambakipun lumantar mboten nate ngraos uwalan saking piyambakipun. Kawula ngajeng-ajengkersanipun panjenengan sedaya nindakaken pitedah-pitedah punika – Layang Srila Prabhupada dhateng Karandhara das (GBC), 22 Agustus 1970


  • Saking kawitanipun kawula sampun mboten prayoga dhateng para impersonalis lan sedaya pustaka-pustaka kawula dipunutamekaken dhateng perkawis punika. Dados pitedah lesan kawula saha pustaka-pustaka kawula sampun samekta kangge ngladosi panjenengan. Sakmenika panjenengan sedaya, ingkang minangka GBC, mangga rembagan sareng piyambakipun sedaya lan angsalakaen pangudaraos ingkang kawistara saha kiyat, saengga mboten badhe miyos reribed. Reribed miyos amargi wontenipun kamboten-lantipan, saengga menawi mboten wonten kamboten-lantipan, mila mboten wonten reribed – Layang Srila Prabhupada dhateng Hayagriva das (GBC), 14 September 1970


  • Kanthi menggalih sesambungan pribadi kaliyan guru, mila kawula namung wonten sareng Guru Maharaja kawula kangge sakdangunipun sekawan utawi gangsal pisan kemawon, nanging kawula mboten nate ngentunaken sesrawungan kaliyan piyambakipun, senaos dene kangge sakedhap. Amargi kawula tansah ndherek pitedah-pitedahipun, mila kawula mboten nate ngraos wontenipun uwalan – Layang Srila Prabhupada dhateng Satyadhanya das, 20 Februari 1972




  • Raosaken kabagyan wonten nglebet raos uwalan. Kawula wonten ing saklebeting uwalan kaliyan Guru Maharaja kawula saweg warsa 1936, nanging kawula tansah wonten sareng piambakipun sakdangunipun kawula makarya jumbuh kaliyan pitedah piyambakipun. Dados, kawula sedaya kedah ngasta damel sesarengan kangge nglegakaken Gusti Pangeran Sri Krishna lan kanthi mekaten raos uwalan punka badhe ebah dados kabagyan rohani – Layang Srila Prabhupada dhateng Uddhava das (ISKCON Press), 3 Mei 1968

Komentar

Srila Prabhupada nglantaraken kathah sanget wedharan ingkang leres wonten nglebet kasunyatan punika.

  • Tuntunan pribadi Srila Prabhupada tansah cumawis.
  • Kawula sedaya kedah dados bagya wonten nglebet raos uwalan kaliyan Srila Prabhupada.
  • Wonten nglebet kamboten-rawuhan jasmaninipun Srila Prabhupada, mila vaniseva piyambakipun dado langkung wigati.
  • Srila Prabhupada namung nggadhahi sakedhik kemawon sesambungan pribadi kaliyan Guru Maharajanipun.
  • Pitedah lesanipun Srila Prabhupada, sami kados dene pustaka-pustakanipun, sedayanipun sampun samekta kangge ngladosi kawula sedaya.
  • Raos uwalan saking Srila Prabhupada mebah dados kabagyan rohani.
  • Nalikanipun Srila Prabhupada mboten rawuh lumantar jasmaninipun lajeng kawula sedaya panggah ndherek vaninipun, mila kawula sedaya ngangsalaken pitulungan saking piyambakipun.
  • Srila Prabhupada mboten nate ngentunaken sesrawungan kaliyan Bhaktisiddhanta Sarasvati, senaos dene namung kangge sakedhap kemawon.
  • Lumantar rembagan kaliyan pitedah-pitedah lesanipun Srila Prabhupada saha pustaka-pustakanipun, mila kawula sedaya ngangsalaken pangudaraos ingkang kawistara lan kiyat.
  • Lumantar ndherek pitedah-pitedahipun Srila Prabhupada, kawula sedaya mboten badhe nate ngraos kauwal utawi dados pegat sesambungan kaliyan piyambakipun.
  • Srila Prabhupada ngajeng-ajeng kersanipun sedaya pandherekipun ndhereki lan nindakaken pitedah punika saengga saged dados sisya-siksanipun ingkang nggadhahi kawasesan.

Migunakaken Media Kangge Nyebaraken Dhawuhipun Krishna

  • Dados lajengaken pakempalan kawula sedaya kangge nyebaraken pustaka-pustaka kawula lumantar media pers saha media modern lintunipun lan Krishna mesthi kemawon badhe ngraos lega dhateng panjenengan. Kawula sedaya saged migunakaken sedayanipun – televisi, radio, film utawi menapa kemawon ingkang wonten – kangge ngandharaken menggah ing Krishna – Layang Srila Prabhupada dhateng Bhagawan das (GBC), 24 November 1970



  • Kawula ngraos greget kawula dipunindhakaken sanget dening laporan menggah ing angsal damelipun program TV lan radio panjenengan. Saksaged-sagedipun iktiyaraken kangge mindhakaken program pamulangan kawula sedaya kanthi migunakaken sedaya media massa ingkang cumawis. Kawula sedaya minangka para Vaishnava modern lan kawula sedaya kedah giyat maringaken pamulangan kanthi migunakaken sedaya sarana ingkang cumawis – Layang Srila Prabhupada dhateng Rupanuga das (GBC), 30 Desember 1971


  • Menawi panjenengan saged nata sedayanipun saengga kawula saged namung lenggah wonten nglebet kamar kawula, dados saged dipunpirsani wonten ing sakindhenging donya saha saged ngendikan dhateng sedaya priyantun wonten ing sakindhenging donya, mila kawula mboten badhe nilaraken Los Angeles. Perkawis punika badhe dados kasampurnan kangge temple LA gadhahipun panjenengan punika. Kawula ngraos greget kawula dipunindhakaken sanget dening urun rembagipun panjenengan kangge ngluberi media wonten ing nagari panjenengan kanthi program-program kainsapan Krishna kawula sedaya. Lan kanthi mangertosi bilih perkawis punika sampun kaleksanan lumantar asta panjenengan, mila kawula tambah ngraos lega – Layang Srila Prabhupada datheng Siddhesvar das dan Krishnakanti das, 16 Februari 1972


  • Panjenengan kedah ngiktiyaraken kersanipun para pangageng ingkang nindakaken kridha-kridha wonten ing TV punika dados purun mitedahaken pustaja-pustaka kawula sedaya lajeng mawara-wara pustaka-pustaka punika lumantar pawartan piyambakaipun sedaya. Perkawis punika badhe dados kaangsal-damelan ingkang nyata saking iktiyaripun kawula sedaya kangge manunggal kaliyan media – Layang Srila Prabhupada dhateng Mukunda das, 21 Februari 1973


  • Piyambakipun (Srila Prabhupada) remen sanget mireng urun rembagipun panjenengan kangge kanthi tumata ngempalaken sedaya bakuning babagan saking sedaya pamulangan lan pitedahipun Srila Prabhupada ingkang jembar sanget limputanipun dados setunggal ensiklopedia, kados ingkang saged dipunpanggihaken wonten nglebet pustaka-pustaka piyambakipun – Layang Sekretarisipun Srila Prabhupada dhateng Subhananda das, 7 Juni 1977

Komentar

Kanthi napak tilas Guru Maharaja piyambakipun, Srila Prabhupada dados mumpuni sanget wonten nglebet ngatutaken sedayanipun kangge paladosan dhateng Krishna.

  • Srila Prabhupada ngersakaken dipunpirsani dening ngalam donya lan ngendikan dhateng ngalam donya.
  • Srila Prabhupada ngersakaken ngluberi media kanthi program kainsapan Krishna kawula sedaya
  • Srila Prabhupada ngersakaken pustaka-pustakanipun dipunsebaraken lumantar media pers lan media modern lintunipun.
  • Srila Prabhupada remen nalikanipun miring rancangan kangge nata satunggaling ensiklopedia ingkang baku babagan saking pamulangan piyambakipun.
  • Srila Prabhupada dhawuh bilih kawula sedaya kersanipun mindhakaken program pamulangan kawula sedaya kanthi migunakaken sedaya media massa ingkang cumawis.
  • Srila Prabhupada dhawuh bilih kawula sedaya minangka para Vaishnava modern ingkang kedah maringaken pamulangan kanthi greget sanget migunakaken sedaya sarana ingkang cumawis.
  • Srila Prabhupada dhawuh bilih kawula sedaya saged migunakaken sedayanipun – televise, radio, film utawi menapa kemawon ingkang wonten – kangge ngandharaken menggah ing Krishna.
  • Srila Prabhupada dhawuh bilih media massa saged dados piranti ingkang wigati wonten nglebet kridha panyebaran pakempalan kainsapan Krishna kawula sedaya.

Media modern, kalodhangan modern

Kangge Srila Prabhupada ingkang gesang wonten ing saklebeting warsa 1970-an, mila istilah media modern lan media massa punika suraosipun mesin chitak, radio, TV lan film. Wiwit piyambakipun seda, mila limputanipun media massa sampun ewah sanget lumantar mlebetipun ponsel Android, komputasi awan (cloud) saha pasimpenanipun, pamaos e-book, e-commerce, TV lan dolanan interaktif, penerbitan online, podcast lan umpan RSS, situs jejaring sosial, ladosan media streaming, teknologi layar anglipta, ladosan sambet rembag & panyebaran adhedasar web saha teknologi nirkabel.

Jumbuh kaliyan ingkang sampun dipuntuladhakaken dening Srila Prabhupada, mila wiwit warsa 2007 kawula sedaya sampun migunakaken teknologi media massa modern kangge ngempalaken, nata, nggolongaken lan nyebaraken vaninipun Srila Prabhupada.

  • Angkahipun Vanipedia inggih menika kangge ndamel pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada wonten nglebet internet dados langkung gampil sanget dipunpirsani lan digayuh, kanti cara nglantaraken satunggaling sumber daya setunggal pajengan ingkang sejati saha gratis kangge:
  • Para guru ISKCON
  • Para pangageng lan pranata ISKCON
  • Para panyembah ingkang saweg mulang kelas paladosan bhakti
  • Para panyembah ingkang ngersakaken mindhakaken seserepan piyambakipun sedaya
  • Para panyembah ingkang ewed wonten nglebet sambet rembag antawis kapitadosan
  • Para panata rancangan pamulangan (kurikulum)
  • Para panyembah ingkang ngraosaken uwalan saking Srila Prabhupada
  • Para pangageng paleksana
  • Para sarjana
  • Para guru lan sisya saking pamulangan keagamaan
  • Para panulis
  • Para pangupadi karohanen
  • Para pamiyarsa perkawis sosial
  • Para ahli sejarah

Komentar

Taksih kathah ingkah kedah dipuntindakaken kangge ndamel pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada dados langkung gampil digayuh lan dados langkung pinunjul malih wonten ing sakindhenging ngalam donya sakmenika. Teknologi asta damel sesarengan lumantar internet maringaken kalodhangan dhateng kawula sedaya kangge nglangkungi sedaya kaangsal-damelan kawula sedaya sakdherengipun.

Vaniseva – Kridha Peladosan Suci Dhateng Vani Srila Prabhupada

Srila Prabhupada liren ngendikan wonten ing kaping 14 November 1977, nanging vani ingkang piyambakipun paringaken dhateng kawula sedaya tansah seger. Senaos dene, pamulang-pamulang punika dhereng wonten ing lebetipun kawontenan ingkang murni lan dhereng sedaya saking pamulang-pamulang punika saged digayuh dening para panyembah piyambakipun. Para pandherek Srila Prabhupada nggadhahi kuwajiban suci kangge nglestarekaken lan nyebaraken vani piyambakipun dhateng sedaya priyantun. Amargi menika kawula sedaya ngulemi panjenengan kangge nindakaken vaniseva punika.

Tansah emut bilih panjenengan minangka satunggaling priyantun saking sakedhik priyantun ingkang sampun kawula tedah kangge nglajengaken pakaryan kawula wonten ing sakindhenging donya. Lan misi ingkang wonten ing ngajengipun panjenengan punika ageng sanget. Amargi menika, tansah ndonga dhateng Krishna kersanipun Panjenenganipun maringaken kakiyatan kangge ngangsal damelaken misi punika kanthi cara nindakaken menapa-menapa ingkang sampun kawula tindakaken. Perkawis kawula ingkang kaping setunggal inggih menika maringaken seserepan ingkang leres dhateng para panyembah lan ngewedaken piyambakipun sedaya wonten nglebet paladosan bhakti, dados punika sanes kuwajiban ingkang patos ewed kangge panjenengan. Kawula sampun maringaken sedayanipun dhateng panjenengan, dados panjenengan maos lan ngendikan kanthi jumbuh kaliyan pustaka-pustaka punika lan badhe wonten kathah sanget pepadhang enggal ingkang sumorot dhateng njawi. Kawula sedaya nggadhahi kathah sanget pustaka, dados menawi kawula sedaya tansah maringaken pamulangan dhateng piyambakipun sedaya dumugi sakdangunipun 1.000 warsa saklajengipun, mila taksi panggah wonten pasedhiyan ingkang cekap – Layang Srila Prabhupada dhateng Satsvarupa das (GBC), 16 Juni 1972

Wonten ing sasih Juni 1972, Srila Prabhupada dhawuh bilih “kawula sedaya nggadhahi kathah sanget pustaka” saengga kawula sedaya nggadhahi “pasedhiyan ingkang cekap” kangge nindakaken pamulangan sakdangunipun “1.000 warsa saklajengipun.” Wonten ing wekdal menika, namung wonten 10 sesirahan pustaka ingkang sampun dipunchitak, saengga kanthi sedaya pustaka wuwuhan ingkang dipunterbitaken dening Srila Prabhupada saking sasih Juli 1072 dumugi sasih November 1977, mila jangka wekdal pamulangan punika saged kanhi gamil sanget dipunwiyaraken dados 5.000 warsa. Menawi kawula sedaya ngwuwuhaken bahan pamulangan punika kanthi pitedah lesan lan layang-layang piyambakipun, mila jangka wekdal pamulangan ingkang wonten badhe mindhak saengga nyekapi kangge pasedhiyan pamulangan sakdangunipun 10.000 warsa. Kawula sedaya kedah nyamektakaken sedaya pamulang punika kanthi mumpuni sanget, kersanipun sedaya pamulang punika saged digayuh lan dipunmangertosi kanthi leres, saengga pamulang-pamulang punika saestu “saged dipunwulangaken” kangge sedaya jangka wekdal pamulangan punika.

Mboten dipunringa-ringakaken malih bilih Srila Prabhupada nggadhahi greget lan tekad ingkang mboten nate padhem kangge mulang dhawuhipun Gusti Pangeran Sri Caitanya Mahaprabhu. Mboten dados perkawis senaos dene vapu piyambakipun sampun nilaraken kawula sedaya. Piyambakipun panggah rawuh wonten nglebet pamulang-pamulangipun. Lan lumantar tataran digital, mila sakmenika piyambakipun malah saged maringaken pamulangan kanthi langkung wiyar malih tinimbang nalikanipun piyambakipun taksih rawuh kanthi jasmaninipun. Kanthi gumantung sakwetahipun dhateng welas asihipun Gusti Pangeran Sri Caitanya, mila mangga kawula sedaya ngrungkebi misi vani Srila Prabhupada punika lan mindhakaken tekad kawula sedaya langkung nginggil saking sakdherengipun kangge kanthi mupuni nyamektakaken vani piyambakipun kangge jangka wekdal pamulangan sakdangunipun 10.000 warsa punika.

Sampun sedasa warsa pungkasan punika, kawula sampun maringaken warangka tumindak lan sakmenika kawula sedaya sampun nglangkungi Karatyan Inggris. Karatyan Inggris malah mboten ngrembaka sami cepetipun pangrembakakan kawula sedaya. Piyambakipun sedaya namung nggadhahi sabageyanipun donya, senaos dene kawula sedaya taksih dhereng mantun ngrembaka. Kawula sedya kedah tansah ngrembaka tamanpa liren lan tamanpa wates. Nanging sakmenika kawula kedah ngemutaken panjenengan sedaya bilih kawula kedah mantunaken poses pantarjemaham Srimad Bhagavatam. Punika minangka sumbangsih ingkang paling ageng, pustaka-pustaka kawula sedaya sampun maringaken kalenggahan ingkang kinurmat dhateng kawula sedaya. Para priyantun sampun mboten nggadhahi kapitadosan malih dhateng palumaksanan ibadah wonten nglebet gereja utawi pamujan ing temple. Dinten-dinten punika sampun lewat. Mesthi kemawon, kawula sedaya kedah mesthi panggah ngrimat temple, amargi perkawis punika dipunbetahaken kangge njagi mubyar-mubyaripun greget kawula sedaya. Namung nggadhahi kalantipan mboten badhe ngangsalaken menapa-menapa, kedah wonten panyucenan ingkang nyata.

Dados kawula nyuwun dhateng panjenengan sedaya kangge langkung kathah maringaken kawula kaluwaran saking tanggel jawab menggah ing panatan, saengga kawula saged mantunaken proses pantarjemahan Srimad Bhagavatam. Menawi kawula kedah tansah nindakaken panatan, mila kawula mboten badhe saged nindakaken pakaryan kawula ingkang gegayut kaliyan pustaka-pustaka. Punika minangka satunggaling dokumen, satunggaling naskah, wonten pundi kawula kedah milih saben tetembungan piyambak-piyambak kanthi wicaksana sanget. Saengga menawi kawula taksih kedah menggalih dhateng perkawis panatan, mila kawula mboten badhe saged nindakaken perkawis punika. Kawula mboten saged tumindak kados para bajingan punika, ingkang namung sakderma nyawisaken satunggaling angen-angen penggalih namung kangge merdaya priyantun kathah. Dados kuwajiban punika mboten badhe mantun tamanpa wontenipun asta damel sesarengan saking para abdi ingkang sampun kawula tedah, GBC, presiden temple saha para sannyasi. Kawula sampun nedah para priyantun kawula ingkang paling sae kangge dados GBC lan kawula mboten ngersakaken mirsani wontenipun GBC ingkang mboten ngurmati presiden temple. Sampun limrah menawi panjenengan saged sambet rembag kaliyan kawula, nanging menawi bakuning prinsipipun panjenengan sedaya mboten kiyat, lajeng kados pundi sedayanipun badhe saged dipuntindakaken? Dados, kawula nyuwun dhateng panjenengan kangge mbiyantu wonten nglebet panatan, saengga kawula saget dados luwar lan mardika kangge mantunaken Srimad Bhagavatam ingkang badhe dados sumbangsih langgeng saking kawula sedaya dhateng donya – Layang Srila Prabhupada dhateng Sedaya GBC (Governing Body Commisioner – Komisaris Salira Pangageng), 19 Mei 1976

Wonten mriki Srila Prabhupada mratelakaken bilih, “kuwajiban punika mboten badhe mantun tamanpa wontenipun asta damel sesarengan kaliyan para abdi sewaka ingkang sampun kawula tedah” kangge mbiyantu piyambakipun mujudaken “sumbangsih langgeng kawula sedaya dhateng ngalam donya.” Pustaka-pustaka Srila Prabhupada kemawon ingkang sampun “maringaken dhateng kawula sedaya satunggaling kalenggahan kinurmat” lan pustaka-pustaka punika minangka “sumbangsih ingkang paling ageng kangge ngalam donya.”

Sakdangunipun mawarsa-warsa, wonten kathah sanget vaniseva ingkang sampun dipuntindakaken dening para panyembah BBT, panyebar pustaka, para guru ingkang cepengan dhateng pangendikan Srila Prabhupada kanthi pengkuh saha para penyembah lintunipun ingkang sampun ngawula kangge nyebaraken lan ngelestarekaken vani piyambakipun lumantar satunggaling cara utawi cara lintunipun. Nanging taksih kathah ingkang kedah kawula sedaya tindakaken. Kanthi asta damel sesarengan lumantar teknologi brhat-brhat-brhat mrdanga (World Wide Web – jejaring internet ingkang nglimputi sakindhenging ngalam donya), mila sakmenika kawula sedaya nggadhahi kalodhangan kangge mujudaken vani Srila Prabhupada ingkang tamanpa tandhing wonten nglebet wekdal ingkang sekedhap sanget. Kawula ngajengaken satunggaling urun rembag kangge ngempal sesarengan wonten nglebet vaniseva saha ngedegi Vani-temple, ingkang badhe kawula sedaya mantunaken pangedeganipun ing kaping 4 November 2027, ingkang wekdalipun sesarengan kaliyan wekdal nalikanipun kawula sedaya badhe mahargya ambal warsa ingkang kaping 50. Perayaan 50 warsa paladosan dhateng Srila Prapbhupada wonten nglebet raos uwalan. Punika badhe dados satunggaling kanugrahan ingkang minulya kangge sedaya bhakta piyambakipun wonten ing tembe mburi.

Kawula ngraos remen amargi panjenengan sampun mastani parchitakan panjenengan kanthi jejuluk Radha Press. Punika nglegakaken manah sanget. Mugi-mugi Radha Press gadhahipun panjenengan punika tuwuh ageng kangge nindakaken kridha panerbitan sedaya pustaka lan kasusastran kawula sedaya wonten nglebet basa Jerman. Punika jejuluk ingkang sae sanget. Radharani minangka abdi sewakanipun Krishna ingkang paling sae lan paling utami. Lan wekdal menikamesin chitak minangka media paling ageng kangge ngladosi Krishna. Amrgi menika, mesin punika saestu minangka sesulihipun Srimati Radharani. Kawula ngremeni sanget urun rembag punika – Layang Srila Prabhupada dhateng Jaya Govinda das (manager produksi pustaka), 4 Juli 1969

Minangka bageyan ingkang langkung sae saking abad kaping 20, mila mesin chitak sampun dados piranti kangge mawarni-warni propaganda ingkang angsal damel saking kathah sanget kempalan manungsa. Srila Prabhupada ngendikan menggah ing sakmekaten wasisipun golongan komunis nyebaraken pangaribawa piyambakipun sedaya wonten ing India, lumantar pamflet lan pustaka ingkang dipunsebaraken dening piyambakipun. Srila Prabhupada migunakaken tuladha punika kangge ngawedharaken kadospundi piyambakipun ngersakaken ndamel program propaganda ageng kangge kainsapan Krishna kanthi cara nyebaraken pustaka-pustaka piyambakipun dhateng sakindhenging donya.

Sakmenika wonten ing saklebeting abad 21, mboten dipunringa-ringakaken malih pratelanipun Srila Prabhupada menggah ing “media paling ageng kamenika kangge ngladosi Krishna” saged dipuntindakaken dhateng kakiyatan ekspnensial ingkang tamanpa tandhing saking panerbitan lan panyebaran internet. Wonten ing Vanipedia, kawula sedaya saweg nyamektakaken cawisan ambalan ingkang leres saking pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada wonten ing tataran panyebaran massal ingkang modern punika. Srila Prabhupada mratelakaken bilih Radha Press gadhahipun para pandherekipun wonten ing Jerman minangka “sesulihipun Srimati Radharani ingkang sakleresipun.” Amargi menika kawula sedaya mitadosi bilih piyambakipun ugi badhe mastani Vanipedia minangka sesulihipun saking Srimati Radharani.

Wonten kathah sanget Vapu-temple ingkang sae ingkang dipundegi dening para panyembah ISKCON – mila mangga kersanipun kawula sedaya sakmenika ngedegi sakmboten-mbotenipun setunggal Vani-temple ingkang minulya. Vapu-temple maringaken kalodhangan dhateng kawula sedaya kangge ngangsalaken dharsan suci saking wujud-wujudipun Gusti Pangeran, senaos dene satunggaling Vani-temple badhe maringaken kalodhangan dhateng kawula sedaya kangge ngangsalaken darshan suci saking pamulang-pamulangipun Gusti Pangeran saha para panyembah murninipun, sami kados dene ingkang sampun dipunandharaken dening Srila Prabhupada. Sampun limrahipun pakaryan para panyembah ISKCON badhe dados langkung angsal damel nalikanipun pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada dipunpanggengaken minangka satunggaling ingkang pantes kangge dipunpuja wonten ing kalenggahan ingkang sakleresipun. Sakmenika wonten satunggaling kalodhangan ingkang sae kangge sedaya “abdi sewaka ingkang sampun piyambakipun tedah” wonten ing wekdal sakmenika, kangge ngrungkebi misi pangadegan Vani-temple piyambakipun, saengga saged maringaken pawisik dhateng sedaya pakempalan kangge sesarengan ndherek ngelaksenani kridha punika.

Sami kados dene kaliyan miyosipun Vapu-temple ageng lan sae saking plipiripun bengawan Gangga wonten ing Sridham Mayapur ingkang sampun dipuntakdiraken kangge mbiyantu panyebaran pangestunipun Gusti Pangeran Sri Caitanya dhateng sakindhenging ngalam donya, mila Vani-temple saking pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada ugi badhe saged ngiyataken misi ISKCON piyambakipun kangge dados sumebar dhateng sakindhenging ngalam donya lan ngantebaken kalenggahan ingkang sakleresipun saking Srila Prabhupada kangge wekdal ewonan warsa wonten ing tembe mburi.

Vaniseva – Nindakaken Tumindak Ingkang Nyata Kangge Ngladosi

  • Mantunaken Vanipedia suraosipun ndamel pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada dados badhe dipuncawisaken sakmekaten wujudipun lumantar satunggaling cara ingkang dhereng nate dipuntindakaken dening satunggaling priyantun dhateng karyanipun guru-guru karohanen wonten pundi kemawon. Kawula sedaya ngulemi sedaya priyantun kangge ndherek sareng ngaleksanani wonten nglebet misi ingkang suci punika. Kanthi sesarengan kawula sedaya badhe nglantaraken satunggaling andharan ingkang mligi dhateng donya menggah ing Srila Prabhupada, wonten ing saklebeting wujud ingkang kathahipun namung saged dipuntindakaken lan dipunujudaken lumantar internet.
  • Pepinginan kawula sedaya inggih menika ndadosaken Vanipedia minangka satunggaling ensiklopedia bebaku dhateng pamulang-pamulangipun Srila Prabhupada ingkang nggadhahi kualitas No. 1 lan dipuncawisaken wonten nglebet mawarni-warni basa. Perkawis punika namung badhe saged dipunujudi minangka tekad, pangorbanan saha sengkuyung ingkang legawa saking kathah penyembah. Dumugi sakmenika, wonten langkung saking 1.220 panyembah ingkang sampun ndherek sareng ngedegi Vanisource, Vaniquotes saha nindakaken proses pantarjemahan dhateng lebet 93 basa. Sakmenika, kangge mantunaken Vaniquotes, ngedegi seratan Vanipedia, Vanibooks, Vanimedia lan kelas pamulangan wonten nglebet Vaniversity, mila kawula sedaya mbetahaken langkung kathah sengkuyun saking para panyembah kanthi kuwasisan kados mekaten:
• Administrasi
• Panyusunan
• Pangrembakan kurikulum (rancangan pamulangan)
• Rancangan lan Tata Panggenan
• Kahartakan
• Panatan
• Promosi
• Panaliten
• Pangrimatan Server
• Pamrograman Piranti Empuk
• Pamulangan
• Pangeditan Teknis
• Pasinauan
• Pantarjemahan
• Panyeratan
  • Para abdi sewaka vani nglantaraken paladosan piyambakipun sedaya saking griya, temple utawi kantor. Piyambakipun sedaya ugi saget ngempal kaliyan kawula sedaya kanthi wekdal ingkang sakwetahipun kangge jangka wekdal tartamu wonten ing Sridham Mayapur utawi Radhadesh.

Sumbangan

  • Sakdangunipun 12 warsa pungkasan, Vanipedia dipunragadi utaminipun lumantar panyebaran pustaka saking BLS (Bhaktivedanta Library Services a.s.b.l.). Kangge nglajengaken pangedeganipun, Vanipedia mbetahaken dana wonten jawi kuwasisan BLS wonten ing wekdal sakmenika. Menawi sampun mantun, Vanipedia dipunajeng-ajeng badhe ngangsalaken sengkuyung lumantar sumbangan alit saking sabageyan tamu ingkang ngraos lega. Nanging wonten ing wekdal sakmenika, kangge mantunaken bageyan wiwitan pangadegan ensiklopedia ingkang gratis punika, mila paladosan ingkang nglantaraken sengkuyung kahartakan dados wigati sanget.
  • Para panyengkuyung Vanipedia saged milih salah setunggal saking pilihan wonten ngandhap punika

Sponsor: Priyantun ingkang maringaken sumbangan kanthi sakpinten kemawon agengipun sumbangan jumbuh kaliyan pangersanipun

Pangayom Panyengkuyung: Priyantun utawi pakempalan ingkang maringaken sumbangan ingkang agengipun 81 euro

Pangayom Pangrimat: Priyantun utawi pakempalan ingkang maringaken sumbangan ingkang agengipun 810 euro, antawisipun dipuntindakaken lumantar kaping 9 panyauran saben sasih ingkang agengipun 90 euro

Pangayom Panuwuh: Priyantun utawi pakempalan ingkang maringaken sumbangan ingkang agengipun 8.100 euro, antawisipun dipuntindakaken lumantar kaping 9 panyauran saben sasih ingkang agengipun 900 euro.

Pangayom Panjejeg: Priyantun utawi pakempalan ingkang maringaken sumbangan ingkang agengipun 81.000 euro, antawisipun dipuntindakaken lumantar kaping 9 panyauran saben sasih ingkang agengipun 9.000 euro

  • Sumbangan saged dipuntampi kanthi online utawi lumantar akun Paypal kawula sedaya wonten ing [email protected]. Menawi panjenengan langkung remen migunakaken cara lintunipun utawi nggadhahi pamundhutan pirsa sakdherengipun maringaken sumbangan, panjenengan saged ngintun email dhateng kawula sedaya wonten ing [email protected].

Kawula Sedaya Ngaturaken Syukur - Pandonga

Kawula Sedaya Ngaturaken Syukur

Matur sembah nuwun Srila Prabhupada,
amargi sampun maringaken dhateng kawula sedaya
kalodhangan kangge ngladosi panjenengan.
Kawula sedaya badhe ngiktiyar saksae-saenipun
kangge nglegakaken panjenengan
menggah ing panindakan misi punika.
Mugi-mugi pamulang-pamulangipun panjenengan
dados panggenan pangayoman
kangge mayuta-yuta atma ingkang begja.


Srila Prabhupada ingkang kawula sedaya tresnani sanget,
Nyuwun keparengipun maringaken kekiyatan dhateng kawula sedaya
ingkang awujud sedaya bebuden ingkang sae saha kuwasisan,
saha nyuwun kersanipun keparengipun kangge sakdangunipun
tansah ngintun dhateng kawula sedaya
para panyembah ingkang saestu nggadhahi kaantepan ati saha sumbering daya
kangge angsal damelipun pangadegan Vani-temple panjenengan ingkang minulya
kangge piguna kaliyan kautamaan sedaya priyantun.


Sri Sri Panca Tattva ingkang kawula sedaya tresnani,
Nyuwun keparengipun mbiyantu kawula sedaya kangge saged
dados para panyembah ingkang dipuntresnani dening Sri Sri Radha Madhava
lan kersanipun kawula sedaya ugi saged dados para sisya ingkang dipuntresnani
dening Srila Prabhupada saha Guru Maharajanipun kawula sedaya
kanthi tansah maringaken kalonggaran dhateng kawula sedaya
kangge makarya kanthi greget lan lantip
nalikanipun nindakaken misi Srila Prabhupada
kangge kaleganipun para panyembahipun.


Matur sembah nuwun amargi sampun ngawigatosaken pandonga punika.

Komentar

Namung amargi pangestu kakiyatan saking Srila Prabhupada, Sri Sri Panca Tattva lan Sri Sri Radha Madhava kemawon mila kawula sedaya dadossaged ngangen-agen kangge mantunaken kuwajiban ingkang ageng sanget punika. Amargi menika kawula sedaya tansah ndonga nyuwun welas asih Panjenenganipun Sedaya.


Sumber-sumber Ingkang Lintunipun

hare kṛṣṇa hare kṛṣṇa - kṛṣṇa kṛṣṇa hare hare - hare rāma hare rāma - rāma rāma hare hare