JV/Prabhupada 0045 - Obyek Seserepan Dipunwastani Minangka Jñeyam

Revision as of 08:16, 1 March 2019 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0045 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1973 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 13.1-2 -- Paris, August 10, 1973

Prabhupāda :

prakṛtiṁ puruṣaṁ caiva
kṣetraṁ kṣetra-jñam eva ca
etad veditum icchāmi
jñānaṁ jñeyaṁ ca keśava
(BG 13.1-2)

Punika minangka sipat mligi ingkang pinunjul saking jalmi, inggih menika bilih piyambakipun saged mangertosi ngalam, wujud jagad raya punika, sarta dados ingkang ngrahapi ngalam punika, lan piyambakipun saged dados mumpuni sanget menggah ing menapa obyek seserepan, jñeyam, punika.

Wonteng tigang perkawis, jñeyam, jñāta, lan jñāna. Obyek seserepan, ingkang mangertosi perkawis punika dipunwastani minangka jñāta, lan obyek seserepan dipunwastani jñeyam. Lan proses lumantar menapa satunggaling priyantun saged mangertosi punika, proses punika dipunwastani minangka jñāna, seserepan. Sanalikanipun kawula sedaya ngrembag menggah ing seserepan, mila badhe tansah wonten tigang perkawis : obyek seserepan, priyantun ingkang ngiktiyaraken kangge mangertosi sarta proses lumantar menapa obyek seserepan punika dipunangsalaken.

Dados sabageyan saking piyambakipun sedaya .... Sami kados dene para sarjana materialis, piyambakipun sedaya ngiktiyaraken kangge mangertosi menggah ing prakṛti. Nanging piyambakipun sedaya mboten mangertos menggah ing puruṣa. Prakṛti minangka ingkang dipunrahapi, senaos dene puruṣa minangka ingkang ngrahapi. Kasunyatanipun, ingkang ngrahapi inggih menika Kṛṣṇa. Panjenenganipun minangka puruṣa ingkang kawitanipun. Perkawis punika dipunakeni dening Arjuna, puruṣaṁ śāśvatam, "Panjenengan minangka Ingkang Ngrahapi Ingkang Kawitanipun, puruṣam." Kṛṣṇa minangka ingkang ngrahapi lan kawula sedaya, sagung dumadi, lan prakṛti, ngalam, sedayanipun punika wonten kangge dipunrahapi dening Kṛṣṇa. Sedayanipun minangka kagunganipun Kṛṣṇa ... Puruṣa ingkang sanesipun ingih menika kawula sedaya, sagung dumadi. Nanging sakleresipun kawula sedaya sanes puruṣa. Kawula sedaya minangka ugi prakṛti. Kawula sedaya dipuntujoaken kangge dipunrahapi. Nanging ing salebetipun kawontenan material punika, kamula sedaya ngiktiyaraken kangge dados puruṣa, ingkang ngrahapi. Amargi menika, punika suraosipun nalikanipun prakṛti utawi sagung dumadi ngersakaken dados puruṣa, mila punika ingkang dipunwastani minangka kawontenan material. Menawi satunggaling priyantun estri ngiktiyaraken kangge dados satunggaling priyantun kakung, mila perkawis punika sanes setunggal perkawis ingkang limrah, saengga sami kados dene kaliyan sagung dumadi ingkang miturut kodratipun dipuntujoaken kangge dipunrahapi ...

Kupiyanipun sami kados dene ingkang sampun makaping-kaping kawula paringaken, inggih menika bilih nalikanipun jeriji saweg nyepeng dhaharan ingkang eco, nanging kasunyatanipun jeriji sanes ingkang ngrahapi. Jeriji saged mbiyantu ingkang ngrahapi ingkang sejati, inggih menika sang madharan. Piyambakipun sedaya saged mendhet dhaharan ingkang eco lan nglebetaken dhaharan punika dhateng tutuk lan sanalikanipun dhaharan punika mlebet dhateng madharan, ingkang minangka ingkang ngrahapi ingkang sejati, mila sedaya prakṛti, inggih menika sedaya bageyanipun salira, sedaya peranganing salira, sedayanipun ngraosaken kalegan. Dados ingkang ngrahapi inggih menika sang madharan, sanes peranganing salira ingkang sanesipun.

Wonten satunggaling cariyos wonten ing salebetipun Hitopaniṣad, Hitopadeśa, ingkang minangka sumber saking pundi dongeng Fabel Aesop dipunterjemahaken. Punika cariyosipun : udarendriyānām. Udara. Udara suraosipun madharan punika, lan indriya inggih menika indria-indria. Dados punika cariyos menggah ing udarendriyānām. Indria-indria, sedaya indria kepanggih wonten ing salebetipun satunggaling pasamuan. Piyambakipun sedaya ngendikan, "Kawula sedaya punika ewed makarya, ewed ngraosaken ..."

(Mbisiki :) Kenging menapa punika kok mbikak?

"Kawula sedaya ewed makarya." Sang sampeyan ngendikan, "Inggih, leres, kawula mlampah sadinten-dinten." Sang asta ngendikan, "Inggih, kawula makarya sadinten-dinten, dhateng pundi kemawon salira punika ngendikan, 'Tindak mriki lan pendhet dhaharan punika.' mila kawula mbeta dhaharan punika. Lan kawula ugi ngolah-olah." Lajeng sang netra, piyambakipun sedaya ngendikan, "Kawula mirsani." Sedaya peranganing salira, wonten ing sedaya bageyanipun salira, piyambakipun sedaya nindakaken pamogokan bilih, "Kawula sedaya mboten purun nindakaken pakaryan menapapun malih kangge sang madharan ingkang pakaryanipun namung dhahar kemawon. Kawula sedaya makarya, lan sang madharan punika, piyambakipun namung dhahar kemawon." Lajeng pamogokan punika kapuntindakaken ... sami kados dene antawis ingkang gadhah bandha pawitan kaliyan para buruh. Para buruh nindakaken pamogokan, mboten wonten ingkang nyambut damel maleh. Mila sedaya peranganing salira, bageyan-bageyanipun salira, piyambakipun sedaya nindakaken pamogokan lan saksampunipun kalih, tigang dinten, nalikanipun piyambakipun sedaya kepanggih malih, piyambakipun gentos genten mendhet pirsa ing antawis piyambakipun sedaya, "Kenging menapa kawula sedaya dados lesu sanget? Kawula sedaya mboten saget makarya sapunika." Sang sampeyan ugi ngendikan, "Inggih, kawula ngraos lesu sanget." Sang asta ugi ngraos lesu, sedayanipun ngraos ingkang kados mekaten. Dados menapa sakleresipun ingkang dados panyababipun? Panyababipun ... Sang madharan lajeng ngendikan, "Punika amargi kawula mboten dhahar. Menawi panjenengan ngersakaken panggah kiyat, mila panjenengan kedah maringaken dhaharan dhateng kawula. Menawi mboten, mila punika ingkang kapuntindakaken ... Dados kawula menika ingkang ngrahapi, panjenengan sedaya sanes ingkang ngrahapi. Panjenengan sedaya dipuntujoaken kangge nyamektaaken sedayanipun kangge kaleganipun kawula. Punika kalenggahanipun panjenengan sedaya." Dados sedayanipun mangertosi perkawis punika, "Leres, kawula sedaya mboten saget ngrahapi kanthi mligi. Punika mestail."

Kanikmatan namung saged dipunangsalaken lumantar sang madharan. Cobi pendhet setunggal rasagullā, lan panjenengan, jeriji, panjenengan mboten badhe saged ngrahapi punika. Panjenengan paringaken punika dhateng tutuk, lan nalikanipun rasagullā punika sampun mlebet dhateng madharan, mila sanalikanipun miyos energinipun. Lan saksampunipun, sanes namung jeriji kemawon ingang ngrahapi, nanging ugi sang netra, sedaya bageyanipun, sedayanipun ngraosaken kalegan sarta ugi kakiyatan. Sami kados dene, ingkang ngrahapi ingkang sejati inggih menika Kṛṣṇa. Kṛṣṇa dhawuh :

bhoktāraṁ yajña-tapasāṁ
sarva-loka-maheśvaram
suhṛdaṁ sarva-bhūtānāṁ
jñātvā māṁ śāntim ṛcchati
(BG 5.29)