“Kṛṣṇa” suraosipun Gusti Pangeran. Menawi panjenengan nggadhahi asmanipun Gusti Pangeran ingkang lintunipun, opanjenengan saged ngendikakaken asma punika ugi. Sanes suraosipun bilih panjenengan kedah ngendikakaken “Kṛṣṇa.” Nanging “Kṛṣṇa” suraosipun Gusti Pangeran. Suraosipun saking tembung “Kṛṣṇa” inggih menka “Ingkang Maha Nengsemake.” Menawi dipunpirsani saking kaendahanipun, Kṛṣṇa Maha Nengsemake. Dipunpirsani saking kakiyatanipun, Kṛṣṇa Maha Nengsemake. Dipunpirsani saking filsafat-filsafatipun, Panjenenganipun Maha Nengsemake. Dipunpirsani saking pangungkuranipun, Panjenenganipun Maha Nengsemake. Dipunpirsani saking kamisuwuranipun, Panjenenganipun Maha Nengsemake. Gangsal ewu warsa ingkang rumiyin, Kṛṣṇa ndhawuhaken Bhagavad-gītā punika, ingkang dumugi sakmenika taksih tansah lumaksana kanthi teguh. Panjenenganipun saestu kasuwur.
|