JV/690911 Pangendikan - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing London

Revision as of 09:39, 8 July 2020 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "Category:JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada Category:JV/Tetesan Nektar - 1969 Category:JV/Tetesan Nektar - London {{Audiobox_NDrops|JV/Javanes...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)
JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Prabhupāda: Menawi mantra nggadhahi kakiyatan, mila sedaya priyantun kedahipun migunakaken mantra punika. Kenging menapa mantra punikadi kedah dipunrahasyakaken?


George Harrison: Sedaya priyantun saged ngangsalaken mantra ingkang kawula sedaya gadhahi, nanging piyambakipun sedaya ingkang kedah ngangsalaken saking priyantun lintunipun. Kawula sedaya mboten saged maringaken mantra punika dhateng piyambakipun sedaya, nanging mantra punika cumawis kangge sedaya priyantun.


Prabhupāda: Inggih. Mantra, menawi punika nggadhahi aji, mila punika ugi nggadhahi aji kangge sedaya priyantun. Kenging menapa namungdipuntujokaken dhateng priyantun tartamtu kemawon?


John Lennon: Menawi sedaya mantra punika … Sedaya mantra minangka asmanipun Gusti Pangeran. Menapa mantra punika minangka satunggaling mantra rahasya utawi mantra kangge sedayanipun. Dados, mboten dados satunggaling perkawis ingkang benten sanget, sanes mekaten, menggah ing pilihan mantra menapa ingkang panjenengan ngendikan?


Prabhupāda: Mboten. Sami kados dene wonten ing toko jampi, piyambakipun sedaya nyade sedaya warni jampi kangge lelara, kangge nyarasaken lelara. Nanging panggah kemawon, panjenengan mbetahakenresep dokter kangge tumbas jampi tartamtu. Piyambakipun sedaya mboten sakderma nyawisaken jampi-jampi dhateng panjenengan. Menawi panjenengan tindak dhateng toko jampi lajengngendikan, “Kawula gerah. Nyuwun paringaken jampi dhateng kawula,” mila punika sanes … Priyantun ingkang njagi wontening toko jampi badhe mundhut pirsa dhateng panjenengan, “Wontenpundi resep dokter panjenengan?” Mila sami kadosdene, wonten ing wekdal punika, ing jaman Kali-yuga, mantra punika, mantra Hare Kṛṣṇa, dipunprayogakaken wonten nglebet śāstra, lan Sang Panyembah Ageng — kawula sedaya mastani Panjenenganipun minangka tititsanipun Kṛṣṇa piyambak — Śrī Caitanya Mahāprabhu, Panjenenganipun maringaken pamulang menggah ing perkawis punika. Amargi menika, prinsipipun kawula sedaya inggih menika bilih saben priyantun kedahipun ndherek perkawis punika. Mahājano yena gataḥ sa panthāḥ ( CC Madhya 17.186). Kawula sedaya kedah napak tilas para pihak ingkang nggadhahi kawisesan ingkang ageng. Punika kuwajianipun kawula sedaya.

690911 - Pangendikan with John Lennon, Yoko Ono lan George Harrison - Tittenhurst