JV/Prabhupada 0015 - Kawula Sanes Salira Punika

Revision as of 06:57, 24 January 2019 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0015 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 9.34 -- New York, December 26, 1966

Wonten enem tandha-tandha saking rawuhipun utawi kawontenanipun atma. Salira ingkang tuwuh minangka salah satunggalipun ingkang wigati. Dados, salira ingkang tuwuh. Sanalikanipun atma medal saking salira punika, mila mboten wonten malih ingkang tuwuh. Menawi sang lare alit pejah, oh, mila mboten badhe wonten malih ingkang tuwuh. Oh, lan rama kaliyan ibunipun badhe matur bilih sedayanipun sampun mboten migunani malih. Amargi menika jasad punika dipunwucal kemawon. Dados, sami kados dene, Gusti Pangeran Kṛṣṇa maringaken tuladha ingkang kaping setunggal dhateng Arjuna bilih, "Aja mikir nek plethikan rohani sing ana ing sajroning raga iki, sing amarga kahanaane mila raga dadi isa tukhul saka wektu bocah menyang wektu nom-noman, saka wektu nom-noman menyang wektu dhewasa, lan saka wektu dhewasa menyang wektu tuwa. Dadi, amarga iku, nalika raga iki wis dadi ora migunani maneh, mula krana ora ketara, sang atma iku ninggalake raga iki." Vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya (BG 2.22). Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya nggantosaken ageman ingkang sampun kadaluwarsa lan ngagem ageman enggal ingkang sanesipun, mila sami kados dene ugi kawula sedaya nampi salira ingkang sanesipun.

Lan kawula sedaya nampi salira sanesipun sanes miturut pilihanipun kawula sedaya piyambak. Pilihan punika gumantung dhateng pranatanipun ngalam. Pilihan punika gumantung dhateng pranatanipun ngalam. Panjenengan mboten saget atur priksa babagan punika sanalikaning pejah, nanging panjenengan saget menggalih menggah ing perkawis punika. Panjenengan saget matur bilih, kajengipun kawula, kaprianggan sarta pilihan punika sedayanipun sampun wonten ing mrika. Yaṁ yaṁ vāpi smaran loke tyajaty ante kalevaram (BG 8.6). Dados, persis sanalikanipun wekdal pejahipun, mila menapa kemawon ingkang saweg panjenengan galih lan sami kados dene penggalih-penggalihipun badhe ngrembaka, mila kados mekaten ugi panjenengan badhe ngangsalaken kalairan ingkang salajengipun miturut salira punika Dados, priyantun ingkang lantip, priyantun ingkang waras, mila kedahipun piyambakipun mangertosi bilih kawula sanes salira punika. Perkawis ingkang kaping setunggal inggih menika bilih, kawula sanes salira punika. Lajeng piyambakipun badhe mangertosi menapa ingkang dados kuwajibanipun? Oh, minangka satunggaling atma rohani, menapa ingkang dados kuwajibanipun?

Kuwajibanipun, sami kados dene ingkang dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing salebetipun sloka pamungkas saking Parwa Kaping Sanga, inggih menika man-manā bhava (BG 9.34). Panjenengan menggalih menapa-menapa. Saben priyantun saking kawula sedaya ingkang dipunwujudaken, mila kawula sedaya tamtu menggalih menapa-menapa. Tanpa menggalih, malah ugi namung kangge sekedhap kemawon, mila panjenengan mboten wonten. Punika mestail. Dados, punika minangka satunggaling kuwajiban. Panjenengan menggalih menggah ing Kṛṣṇa. Panjenengan menggalih menggah ing Kṛṣṇa. Panjenengan kedah badhe menggalih menapa-menapa. Lajeng menapa lepatipun menawi panjenengan menggalih menggah ing Kṛṣṇa? Kṛṣṇa kagungan kathah sanget kridha, kathah sanget kasusastraan lan kathah sanget perkawis-perkawis ingkang sanesipun. Kṛṣṇa rawuh dhateng mriki. Kawula sedaya sampun nggadhahi kathah sanget pustaka. Menawi panjenengan ngersaaken menggalih menggah ing Kṛṣṇa, kawula sedaya saget nyamektaaken kangge panjenengan pustaka ingkang kathah sanget, ingkang mboten badhe saget dipuntuntasaken pamaosanipun dening panjenengan ing salebetipun sedaya wekdal gesangipun, malah ugi saumpaminipun panjenengan maos sedayanipun sadangunipun sekawanlikur jam sedintenipun. Dados, mangga menggalih menggah ing Kṛṣṇa, punika sampun nyekapi. Mangga menggalih menggah ing Kṛṣṇa. Man-manā bhava.

Oh, kawula saget menggalih menggah ing panjenengan. Sami kados dene satunggaling priyantun ingkang saweg ngladosi para pangagengipun. Oh, piyambakipun badhe tansah menggalih menggah ing pengangengipun. Oh, kawula kedah rawuh wonten mrika tabuh sanga amargi menawi mboten mila pengageng badhe dados mboten remen. Wonten angkah saking panggalihipun. Panggalih ingkang kados mekaten mboten badhe angsal damel. Amargi menika salajengipun Panjenenganipun dhawuh, bhava mad-bhaktaḥ (BG 9.34). "Sampeyan mikiro bab Aku krana katresnan." Nalikanipun sang bendara, kajeng kawula, nalikanipun sang abdi sewaka menggalih menggah ing sang bendara, mila mboten wonten raos katresnan wonten mrika. Piyambakipun nanging saweg menggalih menggah ing arta kemawon. "Amargi menawi kawula mboten rawuh dhateng kantor persis ing tabuh sanga, oh, kawula badhe kasep, lan kawula badhe kicalan kaleh dolar." Amargi menika piyambakipun saweg menggalih , sanes menggah ing sang bendara, nanging piyambakipun saweg menggalih menggah ing arta kemawon. Dados panggalih ingkang kados mekaten mboten badhe ngrahayokaken panjenengan. Amargi menika Panjenenganipun dhawuh, bhava mad-bhaktaḥ. "Sampeyan dadiyo panyembahKu. Lan mengko pamikir sampeyan bab Aku arepe dadi apik." Lan menapa bhakti punika? Mad-bhaktaḥ. Bhakti ... Ngawula suraosipun ngladosi. Mad-yājī (BG 9.34). Panjenengan maringaken paladosan dhateng Gusti Pangeran. Sami kados dene kawula sedaya ingkang tansah ewed wonten mriki. Saben panjenengan rawuh, panjenengan badhe manggihaken bilih kawula sedaya saweg ewed ing salebetipun kuwajiban-kuwajiban. Kawula sedaya sampun ndamel kuwajiban-kuwajiban inggih menika namung kangge menggalih menggah ing Kṛṣṇa kemawon.