JV/Prabhupada 0019 - Menapa Kemawon Ingkang Panjenengan Mireng, Kedahipun Panjenengan Ngendikakaken Punika Dhateng Priyantun Sanesipun



Jagannatha Deities Installation Srimad-Bhagavatam 1.2.13-14 -- San Francisco, March 23, 1967

Umpaminipun menawi panjenengan ngersaaken tepang utawi mangertosi menggah ing kawula mila panjenengan saget mendhet pirsa dhateng para mitra, "Oh, kados pundi Swamiji punika?" Satunggaling mitra mbok menawi ngendikakaen setunggal katrangan, ingkang sanesipun ugi mbok menawi badhe ngendikakaken satunggaling katrangan. Nanging nalikanipun kawula piyambak ingkang ngandharaken perkawis punika dhateng panjenengan bilih, "Punika kalenggahan kawula. Punika kawula," mila punika sampurna. Punika sayekti sampurna. Dados menawi panjenengan ngersaaken mangertosi menggah ing Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila panjenengan mboten saget ngangen-angen lan panjenengan ugi mboten saget mertapa. Punika mestail, amargi indriya-indriya panjenengan sayekti mboten sampurna. Dados kados pundi anggenipun? Panjenengan kedah mireng saking Panjenenganipun. Panjenenganipun sampun sakmekaten saenipun dhateng kawula sedaya kangge rawuh sarta ndhawuhaken Bhagavad-gītā. Śrotavyaḥ : "Coba rungokake." Śrotavyaḥ and kīrtitavyaś ca. (SB 2.1.5). Menawi panjenengan namung mireng lan mireng kemawon ing salebetipun kelas kainsapan Kṛṣṇa, lajeng tindak dhateng jawi sarta salajengipun nyupeaken punika, oh, mila punika mboten sae. Punika mboten badhe nyababaken panjenengan dados langkung sae. Lajeng kados pundi kedahipun? Kīrtitavyaś ca : "Menapa kemawon ingkang sampun panjenengan mireng, kedahipun panjenengan ngendikakaken punika dhateng priyantun sanesipun." Punika kasampurnan.

Amargi menika kawula sedaya sampun medalaken kalawarta Back to Godhead. Lan salajengipun para sisya dipunwajibaken kangge menggalih sarta nyerat menapa kemawon ingkang sampun piyambakipun mireng. Kīrtitavyaś ca. Mboten namung saderma mireng. "Oh, kawula saweg mireng sadangunipun mayuta-yuta warsa, nanging panggah kemawon kawula mboten saget mangertosi perkawis punika" - punika amargi panjenengan mboten ngendikakaken perkawis punika, panjenengan mboten mangsuli menapa ingkang sampun panjenengan mireng. Panjenengan kedah makaping-kaping mangsuli perkawis punika. Kīrtitavyaś ca, śrotavyaḥ kīrtitavyaś ca dhyeyaḥ. Lan kados pundi panjenengan badhe saget nyerat utawi kados pundi panjenengan badhe saget ngendika kejawi panjenengan tansah menggalih Panjenenganipun? Panjenengan saweg mirengaken menggah ing Kṛṣṇa, panjenengan kedah menggalih menggah ing Panjenenganipun, mila panjenengan nembe badhe saget ngendhikakaken menggah ing Panjenenganipun. Menawi mboten, mila punika mboten saget kadadosan. Dados, śrotavyaḥ kīrtitavyaś ca dhyeyaḥ dan pūjyaś ca. Lan panjenengan kedah nindakaken pamujan. Amargi menika kawula sedaya mbetahaken Arca punika kangge pamujan. Kawula sedaya kedah menggalih, kawula sedaya kedah ngendika, kawula sedaya kedah mirengaken, kawula sedaya kedah nindakaken pamujan, pūjyaś ca ... Salajengipun, menapa namung kadang kawis kemawon? Mboten. Nityadā : kedah kanthi tumata, tumata. Nityadā, punika prosesipun. Dados sinten kemawon ingkang nindakaken proses punika, piyambakipun saget mangertosi Sang Kaluhuran Ingkang Tanpa Wates. Punika pratelanipun ingkang kawistara sanget saking Śrīmad-Bhāgavatam.