JV/Prabhupada 0026 - Wiwitanipun Panjenengan Dipunpindhahaken Dhateng Jagad Raya Wonten Pundi Kṛṣṇa Wonten Ing Mrika: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0026 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1975 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
 
Line 8: Line 8:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 0025 - Menawi Kawula Sedaya Ndugekaken Perkawis Ingkang Asipat Sejati, Mila Punika Badhe Kapuntindakaken|0025|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Kasuwur Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 0025 - Menawi Kawula Sedaya Ndugekaken Perkawis Ingkang Asipat Sejati, Mila Punika Badhe Kapuntindakaken|0025|JV/Prabhupada 0027 - Piyambakipun Sedaya Mboten Mangertosi Bilih Wonten Gesang Salajengipun|0027}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 18: Line 18:

<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|1CJwK0p-9WE|Wiwitanipun Panjenengan Dipunpindhahaken Dhateng Jagad Raya Wonten Pundi Kṛṣṇa Wonten Ing Mrika<br />- Prabhupāda 0026}}
{{youtube_right|b2nKNBvPNW4|Wiwitanipun Panjenengan Dipunpindhahaken Dhateng Jagad Raya Wonten Pundi Kṛṣṇa Wonten Ing Mrika<br />- Prabhupāda 0026}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->

Line 38: Line 38:
Prabhupada : Umpami nalikanipun agemanipun panjenengan, ageman punika bedhah, mila panjenengan kedah tumbas setunggal ageman. Sapunika, ageman ingkang bade dipuntumbas dening panjenengan menika tamtu kemawon kedah jumbuh kaliyan arta ingkang dipungadhahi kaliyan panjenengan. Menawi panjenengan mbayar kangge satunggaling regi ingkang sae, mila panjenengan ugi ngangsalaken ageman ingkang sae. Menawi panjenengan mboten gadhah arta, mila panjenengan ngangsalaken ageman ingkang awon. Punika kemawon.  

Priyantun India : Kawula ngersaaken matur punika, Swamiji, bilih naraka ugi wonten ing ngalam donya punika, amargi panjenengan saget menggalih, wonten pundi kawula sedaya saget mbayar ampilan utawi utangipun kawula sedaya? Dosa, utang amargi saking dosanipun kawula sedaya. Wonten pundi panjenengan menggalih kawula sedaya saget nyaur punika? Wonten ing naraka, ingkang mboten ...  
Priyantun India : Kawula ngersaaken matur punika, Swamiji, bilih naraka ugi wonten ing ngalam donya punika, amargi panjenengan saget menggalih, wonten pundi kawula sedaya saget nyaur ampilan utawi utangipun kawula sedaya? Dosa, utang amargi saking dosanipun kawula sedaya. Wonten pundi panjenengan menggalih kawula sedaya saget nyaur punika? Wonten ing naraka, ingkang mboten ...  

Prabhupada :Naraka minangka kunjara utawi panggenan kangge ngukum panjenengan. Priyantun India : Amargi menika panggenanipun wonten ing bumi punika. Prabhupada : Kenging menapa wonten ing bumi punika?  
Prabhupada : Naraka minangka kunjara utawi panggenan kangge ngukum panjenengan.  
 
Priyantun India : Amargi menika panggenanipun wonten ing bumi punika.  
 
Prabhupada : Kenging menapa wonten ing bumi punika?  

Priyantun India : Wonten ing planet bumi, menapa sanes mekaten?  
Priyantun India : Wonten ing planet bumi, menapa sanes mekaten?  

Latest revision as of 17:45, 1 October 2020

Morning Walk -- October 5, 1975, Mauritius

Priyantun India : Swamiji, dipunsanjangaken bilih sami kados dene kaliyan ingkang kawula sedaya tindakaken ... mila kawula sedaya badhe nampi kalairan ingkang jumbuh kaliyan lampahipun kawula sedaya. Dados menawi kawula sedaya sampun nindakaken satunggaling lelampahan, mila kawula sedaya kedah nampi kalairan ingkang jumbuh kaliyan hukumipun Gusti Pangeran.

Prabhupada : Panjenengan kedah nampi kalairan. Punika minangka satunggaling kasunyatan. Panjenengan mboten saget ngindhani. Nanging panjenengan kedah nampi kalairan ingkang jumbuh kaliyan karmanipun panjenengan.

Priyantun India : Nanging menawi mekaten ... Punika suraosipun inggih menika bilih panjenengan kedah nyaur menapa kemawon ingkang sampun dipunserat kaliyan panjenengan. Inggih, eh? Amargi menika menapa panjenengan menggalih bilih ...

Prabhupada : Umpami nalikanipun agemanipun panjenengan, ageman punika bedhah, mila panjenengan kedah tumbas setunggal ageman. Sapunika, ageman ingkang bade dipuntumbas dening panjenengan menika tamtu kemawon kedah jumbuh kaliyan arta ingkang dipungadhahi kaliyan panjenengan. Menawi panjenengan mbayar kangge satunggaling regi ingkang sae, mila panjenengan ugi ngangsalaken ageman ingkang sae. Menawi panjenengan mboten gadhah arta, mila panjenengan ngangsalaken ageman ingkang awon. Punika kemawon.

Priyantun India : Kawula ngersaaken matur punika, Swamiji, bilih naraka ugi wonten ing ngalam donya punika, amargi panjenengan saget menggalih, wonten pundi kawula sedaya saget nyaur ampilan utawi utangipun kawula sedaya? Dosa, utang amargi saking dosanipun kawula sedaya. Wonten pundi panjenengan menggalih kawula sedaya saget nyaur punika? Wonten ing naraka, ingkang mboten ...

Prabhupada : Naraka minangka kunjara utawi panggenan kangge ngukum panjenengan.

Priyantun India : Amargi menika panggenanipun wonten ing bumi punika.

Prabhupada : Kenging menapa wonten ing bumi punika?

Priyantun India : Wonten ing planet bumi, menapa sanes mekaten?

Prabhupada : Sanes. Mboten saget kados mekaten.

Priyantun India : Ing salebetipun planet-planet ingkang sanesipun?

Prabhupada : .... mayuta-yuta mil tebihipun.

Priyantun India : Nanging punika dereng dipuntamtoaken panggenanipun ... Dados namung naraka ingkang wonten ing satunggaling panggenan utawi prada (?) utawi naraka punika wonten ing panggenan ingkang sanes? Menapa panjenengan menggalih kados mekaten, Swamiji?

Prabhupada : Inggih. Inggih. Wonten planet-planet ingkang benten.

Priyantun India : Wonten kathah priyantun ingkang sangsara ing salebetipun donya punika.

Prabhupada : Dados, wiwitanipun piyambakipun sedaya dipunlatih ing salebetipun planet-planet naraka punika lan salajengipun piyambakipun sedaya rawuh dhateng mriki kangge nglampahi kasangsaran ing salebetipun bakunipun gesang ingkang sami.

Priyantun India : Nalikanipun sang atma nilaraken saliranipun kawula sedaya, piyambakipun tindak dhateng naraka utawi ...

Prabhupada : Planet-planet naraka.

Priyantun India : ... dhateng tlatahipun bumi ingkang sanesipun utawi menapa piyambakipun nampi kalairan sanalikanipun?

Prabhupada : Inggih. Piyambakipun sedaya ingkang duraka, sedayanipun mboten nampi kalairan sanalikanipun. Wiwitanipun, piyambakipun sedaya dipunlatih menggah ing kados pundi anggenipun sangsara ing salebetipun planet-planet naraka kangge salajengipun dados nglimrahaken dhirinipun, lan salajengipun sedayanipun nampi kalairan lan lajeng sedayanipun nglampahi kasangsaran. Sami kados nalikanipun panjenengan lulus ujian I.A.S. Lajeng panjenengan dados asistenipun hakim. Panjenengan nyinau magang wonten mrika. Salajengipun panjenengan nembe badhe dipunpanggenaken dados hakim. Malah ugi menawi panjenengan sampun cekap prayogi kangge wangsul malih dhateng dalem, wangsul dhateng Gusti Pangeran, mila wiwitanipun panjenengan badhe dipunpindhahaken dhateng jagad raya wonten pundi Kṛṣṇa wonten ing mrika, lan wonten mrika panjenengan nyinau kangge nglimrahaken dhiri saderengipun. Lajeng wau panjenengan tindak dhateng Vṛndāvana ingkang sejati.

Priyantun India : Amargi menika, sasampunipun kawula sedaya pejah ...

Prabhupada : Saben pranantanipun Gusti Pangeran menika sampurna. Pūrṇam. Pūrṇam adaḥ pūrṇam idaṁ pūrṇāt pūrṇam. (Īśopaniṣad, Invocation). Menapa kemawon ingkang dipunriptaaken dening Gusti Pangeran, sedayanipun sampurna.