JV/Prabhupada 0037 - Sinten Kemawon Ingkang Mangertosi Kṛṣṇa, Mila Piyambakipun Minangka Guru: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0037 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1975 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "...|Original" to "|Original")
 
Line 8: Line 8:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 0036 - Angkahipun Gesang Kawula Sedaya|0036|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Kasuwur Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 0036 - Angkahipun Gesang Kawula Sedaya|0036|JV/Prabhupada 0038 - Seserepan Dipunangsalaken Saking Veda|0038}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<div class="center">
<div class="center">
'''<big>[[Vaniquotes:Caitanya Mahaprabhu says that who is guru. Guru means yei krsna-tattva-vetta sei guru haya: "Anyone who knows Krsna, he is guru." Guru cannot be manufactured. Anyone who knows about Krsna as far as possible...|Original Vaniquotes page in English]]</big>'''
'''<big>[[Vaniquotes:Caitanya Mahaprabhu says that who is guru. Guru means yei krsna-tattva-vetta sei guru haya: "Anyone who knows Krsna, he is guru." Guru cannot be manufactured. Anyone who knows about Krsna as far as possible|Original Vaniquotes page in English]]</big>'''
</div>
</div>
----
----
Line 18: Line 18:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|VZ29mFDYMC4|Sinten Kemawon Ingkang Mangertosi Kṛṣṇa, Mila Piyambakipun Minangka Guru<br />- Prabhupāda 0037}}
{{youtube_right|mE408Gz4i38|Sinten Kemawon Ingkang Mangertosi Kṛṣṇa, Mila Piyambakipun Minangka Guru<br />- Prabhupāda 0037}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->



Latest revision as of 17:08, 9 April 2021



Lecture on BG 7.1 -- Hong Kong, January 25, 1975

Dados, kados pundi kawula sedaya saget mangertosi energinipun Bhagavān, kados pundi kawula sedaya saget mangertosi energi kreatipipun, lan menapa daya kakiyatanipun, kados pundi Panjenenganipun nindakaken perkawis punika, sedayanipun - punika sedaya minangka satunggaling ngelmu seserepan ingkang minulya sanget. Punika dipunwastani minangka ngelmu seserepan menggah ing Kṛṣṇa. Kṛṣṇa-tattva-jñāna. Yei kṛṣṇa-tattva-vettā, sei guru haya (CC Madhya 8.128). Caitanya Mahāprabhu dhawuh, sinten ingkang dipunwastani minangka guru. Guru suraosipun yei kṛṣṇa-tattva-vettā sei guru haya : "Sinten kemawon ingkang mangertosi Kṛṣṇa, mila piyambakipun inggih menika guru." Guru mboten saged dipundamel. Sinten kemawon ingkang mangertosi Kṛṣṇa saktebihipun lan sakkathahipun ... Kawula sedaya mboten saged mangertosi perkawis punika. Kawula sedaya mboten saged mangertosi Kṛṣṇa sawetahipun. Punika minangka perkawis ingkang mestail. Energinipun Kṛṣṇa wonten kathah sanget lan wujudipun maneka werni. Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate (CC Madhya 13.65, andharan). Satunggaling energi saweg tumindak kanthi setunggal cara tartamtu, energi ingkang sanesipun saweg tumindak kanthi cara ingkang sanesipun malih. Nanging sedayanipun minangka energinipun Kṛṣṇa.

Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram (BG 9.10). Prakṛti ... Kawula sedaya mirsani sekar punika miyos saking ngalam, lan sanes namung sekar kemawon, nanging wonten kathah sanget ingkang miyos -- lumantar winih. Winih ermawar badhe tuwuh dados wit ermawar. Winih bela badhe tuwuh dados wit bela. Lajeng kados pundi sedayanipun saget kapuntindakaken? Siti ingkang sami, toya ingkang sami, lan winih-winih ingkang katingalipun sami, nanging sedayanipun miyos dados wujud ingkang benten-benten. Kados pundi punika saged kapuntindakaken? Punika ingkang dipunwastani minangka : parāsya śaktir vividhaiva śrūyate svābhāvikī jñāna. Para limrahipun jalmi utawi piyambakipun sedaya ingkang namung sebatanipun kemawon para sarjana, piyambakipun sedaya ngendikan,"Punika minangka reriptanipun ngalam." Nanging piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa sakleresipun ngalam punika, sinten ingkang nyetitekaken kridha-kridhanipun ngalam punika, ngalam material, kados pundi ngalam punika tumindak.

Punika dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, mayādhyakṣeṇa (BG 9.10). Kṛṣṇa dhawuh, "Ngalam lagi tumandang ana ing sakngisore pangawasanKu." Punika kasunyatanipun ingkang sakleresipun. Ngalam, bebakalan material ... Bebakalan material punika mboten saged miyambaki gentos genten ngempal. Wewangunan-wewangunan nginggil punika, sedayanipun dipunsusun saking bebakalan material, nanging bebakalan material punika mboten miyambaki rawuh mekaten kemawon kangge dados wewangunan nginggil. Punika mestail sanget. Wonten satunggaling atma ingkang alit sanget, sang insinyur utawi sang arsitek, ingkang mbeta bebakalan material punika lajeng ndandosi bebakalan punika lan ndadosaken sedayanipun minangka setunggal wewangunan nginggil. Punika kupiyanipun kawula sedaya. Dados kados pundi kawula sedaya saged mratelaaken bilih bebakalan material punika tumindak miyambaki? Bebakalan material mboten tumindak miyambaki. Dipunbetahaken utak ingkang langkung remit, tumindak ingkang langkung remit lan kanthi mekaten ugi dipunbetahaken pranatan ingkang langkung remit ugi.

Sami kados dene ing salebetipun donya material punika kawula sedaya nggadhahi pranatan ingkang paling nginggil, inggih menika surya, ewah-ewahanipun surya, energi benteripun surya, energi tejanipun surya. Dados kados pundi perkawis punika dipunginaaken? Punika dipunpratelaaken ing salebetipun śāstra : yasyājñayā bhramati sambhṛta-kāla-cakro govindam ādi-puruṣaṁ tam ahaṁ bhajāmi. Planet surya minangka satunggaling planet kados planet punika. Sami kados dene wonten ing planet punika wonten kathah presiden, nanging ing wekdal ingkang rumiyin namung wonten setunggal presiden kemawon, mila sami kados dene, ing saben planet namung wonten setunggal presiden. Ing planet surya kawula sedaya ngangsalaken seserepan punika saking saking Bhagavad-gītā. Kṛṣṇa dhawuh, imaṁ vivasvate yogaṁ proktavān aham avyayam : (BG 4.1), "Ing kawitane Aku nglantarake ngelmu seserepan Bhagavad-gītā iki menyang Vivasvān." Vivasvān minangka presidenipun planet surya punika lan asma puteranipun inggih menika Manu. Wekdal sapunika minangka wekdalipun Manu. Wekdal punika saweg kapuntindakaken sapunika. Lan wekdal punika dipunwastani minangka wekdal Vaivasvata Manu. Vaivasvata suraosipun ingkang sangkanipun saking Vivasvān, utawi puteranipun Vivasvān. Piyambakipun ugi dipunwastani minangka Vaivasvata Manu.