JV/660302 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing New York

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Kasusilan modern wonten ing kasunyatanipun naming … Piyambakipun saweg nebih, piambakipun saweg nebihi kasangsaran ingkang sejatosipun. Piyambakipun malah saweg ewed wonten nglebet kasangsaran ingkang asipat samentawis. Nanging sistem Veda minangka seserepan Veda. Lan seserepan punika dipunkersakaken kangge mungkasi kasangsaran, … kangge sakdangunipun, mungkasi kasangsaran kangge sakdangunipun. Saged dipunmangertosi? Gesangipun jalma manungsa dipunkersakaken kangge perkawis punika, inggih menika mungkasi sedaya kasangsaran. Mesthi kemawon, kawula sedaya saweg ngiktiyar kangge mungkasi sedaya warni kasangsaran. Iktiyaripun kawula sedaya, pakaryanipun kawula sedaya, pamulanganipun kawula sedaya, kamajengan seserepan kawula sedaya — sedayanipun dipunkersakaken kangge mungkasi kasangsaran. Nanging kasangsaran punika naming asipat samentawis, naming samentawis. Senaos denekawula sedaya kedah mungkasi kasangsaran kangge sakdangunipun. Kasangsaran … Seserepan ingkang kados mekaten dipunwastani minangka seserepan rohani.
660302 - Kelas BG 02.07-11 - New York