JV/670120 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing San Francisco

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Kapinunjulan saking Śrī Caitanya Mahāprabhu inggih menika bilah Panjenenganipun sampun kelimrah kangge ngajengaken pawadan-pawadan ingkang kiyat sanget lan Panjenenganipun sampun kelimrah kangge ngawonaken para mengsahipun sakmekaten saengga piyambakipun sedaya ngraos lega sanget. Piyambakipun sedaya mboten dados memengsahan. Lan perkawis punika dipunkiyataken dening tandha-tandha yekti saking śāstra. Sanes naming sakderma “argumentum-ad-vaculum.” Panjenenganipun ngajengaken pawadan-pawadan saha tandha-tandha yekti ingkang tinemu nalar saking śāstra saha pustaka suci. Sarva-straāstra khaṇḍi' prabhu bhakti kare sāra. Lan kaendahan lintunipun inggih menika bilih Panjenenganipun ngawonaken sedaya pawadan lintunipun ingkang kosok wangsul kaliyan paladosan bhakti. Panjenengan tansah namung ngedegaken bilih, “Gusti Pangeran punika Maha Minulya lan kawula sedaya dipunkersakaken kangge nindakaken paladosan dhateng Panjenenganipun.”
670120 - Kelas CC Madhya 25.19-30 - San Francisco