Dados, kawontenan gesang material punika minangka satunggaling kawontenan gerah. Kawula sedaya mboten mangertosi perkawis punika. Nanging kawula sedaya malah ngiktiyar kangge ngrahabi wonten nglebet kawontenan gerah punika. Mila punika suraosipun kawula sedaya saweg ngawon-awoni lelara punika — kawula sedaya dados kedah panggah wonten ing saklebeting kawontenan gerah. Kawula mboten saweg nyarasaken lelara punika. Sami kados dene sang dokter ingkang maringaken pantangan, “Oh pasien, sampun dahar ingkang kados mekaten, sampun ngunjuk ingkang kados mekaten. Mangga panjenengan unjuk pil punika.” Dados, wonten pantangan saha pranatan lan paugeran — ingkang dipunwastani minangka tapasya. Nanging menawi sang pasien menggalih bilih, “Kenging menapa kawula kedah miturut sedaya pantangan punika? Kawula badhe nedha menapa kemawon ingkang kawula remeni. Kawula badhe nindakaken menapa kemawon ingkang kawula remeni. Kawula mardika,” mila piyambakipun mboten badhe saras. Piyambakipun mboten badhe saras.
|