JV/690914 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing London

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Sinten kemawon ingkang rawuh dhateng Kṛṣṇa utawi wakilipun mesthi kemawon mboten saged dipunmastani sampun mantunaken sedaya tumanggapipun tumindak ingkang dipunluberi dosa saking wekdalipun ingkang rumiyin. Punika mestail. Saben priyantun dipunluberi kanthi dosa-dosa hasil kridhanipun saking wekdal ingkang rumiyin … Wonten nglebet ngalam donya material punika, menapa kemawon ingkang panjenengan tindakaken, sedayanipun kirang langkung minangka kridha ingkang dipunluberi dosa. Dados, nalikanipun panjenengan pasrah dhiri dhateng Kṛṣṇa lumantar wakilipun, mila sanes suraosipun bilih saklajengipun kridha panjenengan ingkang dipunluberi dosa sakanalikanipun dipundegi. Nanging amargi panjenengan sampun pasrah dhiri dhateng Ingkang Murbeng Wasesa, mila Panjenenganipun numesep sedaya kridha panjenengan ingkang dipunluberi dosa punika. Panjenenganipun ndadosaken panjenengan mardika. Nanging kedahipun panjenengan insap bilih, “Kawula mboten badhe nindakaken perkawis punika malih.”
690914 - Kelas - SB 05.05.02- London