Dados, kawula sedaya sampun mireng saking śāstra. Mbok menawi kemawon panjenengan mboten mitadosi, nanging kawula sedaya saged mangertosi wonten nglebet gesang ingkang sunyata punika bilih satunggaling priyantun kakung ingkang sampun nindakaken raja-pati, mila piyambakipun ugi dipunpidana kanthi cara dipungantung. Mboten wonten karinga-ringan malih menggah ing perkawis punika. “Gesang dipunsaur kanthi gesang.” Dados, kados pundi para priyantun ingkang mboten lantip punika, kersanipun kawula, sakmekaten wantunipun mejahi para kewan? Menawi perkawis punika sampun minangka satunggaling kasunyatan, malah wonten nglebet pranatan nagari panjenengan bilih, “gesang dipunsaur kanthi gesang,” lajeng kados pundi kawula saged dados sakmekaten wantunipun nindakaken raja-pati utawi mejahaken para kewan lintunipun? Mangga dipunpirsani? Lan menika sarining rembagipun. Sāstra ngendikan bilih panjenengan kedah ngwangsuli malih dhateng sang atma individu ingkang sampun panjenengan pejahi kanthi gesang panjenengan piyambak. Punika suraosipun māṁsa, tembung māṁsa wonten nglebet basa Sansekerta. Māṁsa khadati.
|