JV/Prabhupada 0016 - Kawula Ngersaaken Makarya



Lecture on BG 7.1 -- San Francisco, March 17, 1968

Dados, satunggaling priyantun kedah mangertosi kados pundi anggenipun nyumambungaken dhiri kaliyan Kṛṣṇa. Kṛṣṇa wonten ing pundi-pundi. Punika pakempalan kainsapan Kṛṣṇa. Punika kainsapan Kṛṣṇa. Satunggaling priyantun kedah mangertosi kados pundi kawula sedaya saget ngangsalaken paedah saking tandha-tandha wujudipun Kṛṣṇa punika ingkang dipundamel saking kajeng, wesi utawi waja ... Punika mboten dados sabab. Kṛṣṇa wonten ing pundi-pundi. Panjenengan kedah nyinau kados pundi anggenipun nyumambungaken Kṛṣṇa kaliyan sedayanipun. Punika badhe dipunandharaken ing salebetipun sistem yoga punika. Panjenengan badhe nyinaui perkawis punika. Dados kainsapan Kṛṣṇa punika ugi minangka satunggaling yoga, satunggaling yoga ingkang sampurna, ingkang paling nginggil saking sedaya sistem yoga. Sinten kemawon, saben yogī kepareng rawuh lan kawula sedaya saget nyumbari sarta kawula sedaya saget mratelaaken bilih punika minangka sistem yoga ingkang nggadhahi kwalitet A-1. Punika minangka yoga ingkang kwalitetipun A-1 lan sanalikanipun sistem punika ugi prasaja sanget.

Panjenengan dhereng nggadhahi program latihan kangge saliranipun. Mbok menawi panjenengan saweg lesu utawi panjenengan ngraos sayah sanget, nanging ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa, panjenengan mboten badhe ngraosaken perkawis ingkang kados mekaten. Sedaya sisya kawula, sedayanipun namung ngersaaken kange dados ewed ing salebetipun pakaryan, kainsapan Kṛṣṇa. "Swamiji, menapa ingkang badhe kawula tindakaken? Menapa ingkang saget kawula tindakaken?" Piyambakipun sedaya sayekti nindakaken sedayanipun kanthi sae. Kanthi sae sanget. Piyambakipun sedaya mboten ngraos sayah. Punika kainsapan Kṛṣṇa. Ing salebetipun ngalam donya material, menawi panjenengan makarya sekedhap kemawon, mila panjenengan tamtu badhe ngraos sayah. Panjenengan badhe kedah ngaso.

Tamtu kemawon, kawula mboten, kajengipun kawula, nglangkung-langkungaken dhiri kawula piyambak. Kawula punika tiyang sepuh, ingkang yuswanipun sampun pitungdasa kalih warsa. Oh, ing wekdal menika kawula gering. Lajeng kawula wangsul malih dhateng India. Sapunika kawula sampun rawuh malih. Kawula ngersaaken makarya! Kawula ngersaaken makarya. Limrahipun, kawula badhe kedah pansiyun saking sedaya kridha punika, nanging kawula mboten ngraos kados mekaten ... Menggah ing menapa kemawon ingkang saget kawula tindakaaken, mila kawula ngersaaken makarya. Kawula ngersaaken makarya ... rinten-dalu. Ing dalu kawula makarya ngginaaken dictaphone. Dados kawula ngraos getun ... Kawula dados ngraos getun menawi kawula mboten saget makarya. Punika kainsapan Kṛṣṇa. Satunggaling priyantun kedah ngersaaken sanget makarya. Suraosipun sanes bilih punika minangka masarakat pangangguran. Sanes. Kawula sedaya nggadhahi cekap kathah kridha-kridha. Piyambakipun sedaya saweg nindakaken pangeditan seratan-seratan lan sedayanipun ugi saweg nyade seratan-seratan punika. Cekap kanthi mangertosi kados pundi anggenipun supados kainsapan Kṛṣṇa punika saget dipunsebaraken, cekap kados mekaten kemawon. Punika sayekti saget dipuntindakaken.