JV/Prabhupada 0022 - Kṛṣṇa Mboten Ngraos Anglih



Lecture on SB 1.8.18 -- Chicago, July 4, 1974

Kṛṣṇa dhawuh, "PanyembahKu, krana pepak tresna asih," yo me bhaktyā prayacchati. Kṛṣṇa mboten ngraos anglih. Kṛṣṇa mboten rawuh dhateng panjenengan kangge nampi menapa ingkang sampun panjenengan aturaken amargi Panjenenganipun ngraos anglih. Mboten. Panjenenganipun mboten ngraos anglih. Panjenenganipun jangkep kanthi piyambakipun, lan ing salebetipun donya rohani, Panjenenganipun dipunladosi, lakṣmī-sahasra-śata-sambhrama-sevyamānam, Panjenenganipun dipunladosi dening atusan lan ewonan dewi kabegjan.

Nanging Kṛṣṇa sakmekaten saenipun, amargi menawi panjenengan sayekti tresna dhateng Kṛṣṇa, mila Panjenenganipun wonten ing mriki kangge nampi patraṁ puṣpam saking panjenengan. Malah ugi senaos dene panjenengan namung minangka priyantun ingkang paling mlarat, Panjenenganipun panggah badhe nampi menapa kemawon ingkang saged panjenengan kempalaken, sakedhik godhong, sakedhik toya, sakedhik sekar. Ing saben bageyanipun donya punika, saben priyantun saged ngangsalaken lan ngaturaken perkawis ingkang kados mekaten dhateng Kṛṣṇa. "Kṛṣṇa, kawula mboten gadhah menapa-manapa ingkang saged kawula aturaken dhateng Panjenengan, kawula menika mlarat sanget. Nyuwun kepareng nampi punika." Kṛṣṇa. badhe nampi punika. Kṛṣṇa dhawuh, tad aham aśnāmi, "Aku mangan." Dados perkawis ingkang utami inggih menika bhakti, welas asih, tersna asih.

Dados wonten mriki dipundhawuhaken bilih : alakṣyam. Kṛṣṇa mboten katingal, Gusti Pangeran mboten katingal, nanging Panjenenganipun sakmekaten saenipun saengga Panjenenganipun sampun rawuh wonten ngajengipun panjenengan lan dados katingal kangge netra materialipun panjenengan. Kṛṣṇa mboten katingal ing salebetipun donya material punika, lumantar netra material punika. Sami kados dene kados bageyan ingkang mboten saged dipunuwalaken saking Kṛṣṇa, mila kawula sedaya minangka bageyan ingkang mboten saged dipunuwalaken saking Kṛṣṇa, mekaten ugi sedaya sagung dumadi, nanging kawula sedaya mboten saget gantos-ganten mirsani. Panjenengan mboten saget mirsani kawula lan kawula mboten saget mirsani panjenengan. "Mboten, kawula saget mirsani panjenengan." Nanging menapa sayektosipun ingkang panjenengan pirsani? Panjenengan mirsani salira kawula. Dados, nalika sang atma sampun tindak nilaraken salira, kenging menapa panjenengan nangis, "Rama kawula sampun tindak?" Kenging menapa rama sampun tindak? Rama saweg sarean wonten mriki. Lajeng menapa ingkang saweg panjenengan pirsani menika? Panjenengan saweg mirsani layonipun rama panjenengan, sanes rama panjenengan.

Dados menawi panjenengan kemawon mboten saged mirsani bageyanipun Kṛṣṇa, sang atma, lajeng kados pundi panjenengan saget mirsani Kṛṣṇa? Amargi menika śāstra mratelaaken, ataḥ śrī-kṛṣṇa-nāmādi na bhaved grāhyam indriyaiḥ (CC Madhya 17.136). Netra material ingkang bujel punika, piyambakipun mboten saget mirsani Kṛṣṇa, utawi mboten saged mireng asmanipun Kṛṣṇa, nāmādi. Nāma suraosipun asma. Nāma suraosipun ugi asma, wujud, sipat, kridha. Perkawis-perkawis kados mekaten mboten saged dipunmangertosi dening netra material ingkang bujel utawi indriya-indriya material sanesipun. Nanging menawi sedayanipun dipunsucekaken, sevonmukhe hi jihvādau, menawi sedayanipun dipunsucekaken lumantar proses paladosan bhakti, mila panjenengan saget mirsani Kṛṣṇa saben wektu wonten pundi-pundi. Nanging kangge limrahipun priyantun, alakṣyam : mboten katingal. Kṛṣṇa wonten ing pundi-pundi, Gusti Pangeran wonten ing pundi-pundi, aṇḍāntara-stha-paramāṇu-cayāntara-stham. Dados : alakṣyam sarva-bhūtānām. Senaos dene Kṛṣṇa wonten ing kekalihipun, wonten jawi sarta wonten lebet, kawula sedaya taksih panggah mboten saged mirsani Kṛṣṇa kejawi kawula sedaya nggadhahi netra kangge mirsani Kṛṣṇa.

Amargi menika pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika wonten kangge mbikak netra sarta mangertosi kados pundi anggenipun kangge mirsani Kṛṣṇa lan menawi panjenengan saged mirsani Kṛṣṇa, mila : antah bahih, mila gesang panjenengan angsal damel. Amargi menika śāstra mratelaaken bilih :

antar bahir yadi haris tapasā tatah kim
nāntar bahir yadi haris tapasā tatah kim
(Nārada Pañcarātra)

Saben priyantun mbudidaya kangge dados sampurna, nanging suraosipun kasampurnan ingkang sayekti inggih menika nalikanipun satunggaling priyantun saged mirsani Kṛṣṇa wonten lebet sarta wonten jawi. Punika kasampurnan.