JV/Prabhupada 0024 - Kṛṣṇa Menika Sae Ati Sanget

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 0023
Kaca Sasampunipun - Video 0025 Go-next.png

Kṛṣṇa Menika Sae Ati Sanget
- Prabhupāda 0024


Lecture on SB 3.25.26 -- Bombay, November 26, 1974

Nalikanipun Arjuna kepanggih adhep-adhepan kaliyan Kṛṣṇa - nalikanipun Kṛṣṇa saweg ndhawuhaken Bhagavad-gītā - mila pepanggihan kaliyan Kṛṣṇa punika lan wekdal nalikanipun panjenengan maos Kṛṣṇa, kekalih perkawis punika minangka satunggaling perkawis ingkang sami. Mboten wonten bentenipun. Para priyantun, piyambakipun sedaya ngendikan bilih, "Arjuna menika begja sanget saget kepanggih adhep-adhepan kaliyan Kṛṣṇa lan nampi pitedahipun." Punika mboten leres. Kṛṣṇa, Panjenenganipun sanalikanipun saget dipunpirsani, saugi panjenengan nggadhahi netra kangge mirsani. Amargi menika dipunpratelaaken, premāñjana-cchurita ... Prema lan bhakti, satunggaling perkawis ingkang sami. Premāñjana-cchurita-bhakti-vilocanena santaḥ sadaiva hṛdayeṣu vilokayanti [Bs. 5.38].

Kawula badhe maosaken setunggal cariyos ing salebetipun sesambetan punika, menggah ing satunggaling brāhmaṇa ingkang wonten ing India Kidul, ing kuil Raṅganātha. Piyambakipun saweg maos Bhagavad-gītā, nanging sayektosipun piyambakipun tuna sastra. Piyambakipun mboten mangertosi kados menapa aksara Sansekerta kaliyan aksara menapa kemawon ingkang sanesipun, amargi piyambakipun tuna aksara. Dados para priyantun, para tangginipun, piyambakipun sedaya nyumerapi bilih, "Priyantun punika tuna aksara lan piyambakipun saweg maos Bhagavad-gītā." Piyambakipun mbikak pustaka Bhagavad-gītā, "Eh, eh," kados mekaten piyambakipun. Amargi menika, satunggaling priyantun lajeng ngguyoni, "Inggih, brāhmaṇa, kados pundi anggenipun panjenengan maos Bhagavad-gītā?" Sang brāhmaṇa punika saget mangertosi bilih, "Priyantun punika saweg ngece kawula amargi kawula tuna aksara."

Lajeng ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, kaleresan wonten ing dinten menika Caitanya Mahāprabhu ugi saweg wonten ing lebetipun kuil Raṅganātha, lan Panjenenganipun saget mangertosi bilih, "Wong iki minangka siji panyembah." Mila panjenenganipun nyelaki piyambakipun lan mendhet pirsa, "Brāhmaṇa sing apik atine, apa sing lagi sampeyan waca?" Sang brāhmaṇaugi saget mangertosi bilih, "Priyantun punika mboten saweg ngece kawula." Dados piyambakipun matur, "Ndara, kawula saweg maos Bhagavad-gītā. Kawula saweg mbudidaya kangge maos Bhagavad-gītā, nanging kawula punika tuna aksara. Guru Mahārāja kawula dhawuh bilih, "Panjenengan kedah maos wolungdasa parwa saben dintenipun." Kawula mboten nggadhahi setunggal kemawon seserepanpun. Kawula mboten saget maos. Nanging, Guru Mahārāja sampun ndhawuhaken punika, dados kawula namung mbudidaya kangge nindakaken pitedahipun lan mbikak kaca-kacanipun lan kados mekaten kemawon sedayanipun. Kawula mboten mangertosi kados pundi anggenipun maos."

Caitanya Mahāprabhu ngendika malih, "Aku ndelok nek sampeyan kala-kala nangis." Lajeng, "Inggih kawula nangis." "Kepiye ceritane sampeyan isa nangis nek sampeyan ora isa maca?" "Sanes, amargi nalikanipun kawula mendhet pustaka Bhagavad-gītā punika, kawula mirsani setunggal gambar, bilih mandahneya Kṛṣṇa sayekti sae ati sanget saengga Panjenenganipun kepareng dados sratinipun rata, sārathi, saking Arjuna. Arjuna menika panyembahipun. Dados Śrī Kṛṣṇa menika sayekti sae ati sanget saengga Panjenenganipun kepareng nampi kalenggahan dados satunggaling abdi sewaka, amargi Arjuna maringaken pitedah, 'Panggenaken rata kawula wonten ing mriki,' lan Kṛṣṇa ngladosi piyambakipun. Dados Kṛṣṇa menika sayekti sae ati sanget. Mila nalikanipun kawula mirsani gambar punika ing salebetipun panggalih kawula, kawula nangis." Lajeng sanalikanipun Caitanya Mahāprabhu nyakep piyambakipun lan ngendika, "Sampeyan lagi maca Bhagavad-gītā. Sanadyan tanpa pangajaran apa-apa wae, sampeyan wis lagi maca Bhagavad-gītā." Panjenenganipun lajeng nyakep piyambakipun.

Dados punika ... Kados pundi anggenipun sang brāhmaṇa mirsani gambar punika? Amargi piyambakipun minangka satunggaling priyantun ingkang tresna sanget dhateng Kṛṣṇa, mila mboten dados perkawis, menapa piyambakipun saget maos śloka menika utawi mboten. Nanging piyambakipun saweg khusuk ing salebetipun raos tresna asih dhateng Kṛṣṇa lan piyambakipun saweg mirsani, bilih Kṛṣṇa saweg pinarak wonten mrika, lan Panjenenganipun saweg ngemudheni ratanipun Arjuna. Punika ingkang dipunbetahaken.