JV/Prabhupada 0039 - Pengageng Modern Namung Kados Setunggal Golekan

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 0038
Kaca Sasampunipun - Video 0040 Go-next.png

Pengageng Modern Namung Kados Setunggal Golekan
- Prabhupāda 0039


Lecture on SB 1.10.3-4 -- Tehran, March 13, 1975

Dados, satunggaling ratu ingkang sampurna kados Yudhiṣṭhira, piyambakipun saged nguwaosi mboten namung dharatan sarta samudera kemawon, nanging ugi wonten ing sedaya planet. Punika ratu ingkang sampurna.

(Maos) : "Hukum Inggris modern menggah ing primogeniture, utawi hukum menggah ing hak waris ingkang dipungadhahi dening putera pembarep, ugi minangka perkawis ingkang limrah dipuntindakaken wonten ing wekdal menika nalikanipun Mahārāja Yudhiṣṭhira nguwaosi sedaya dharatan sarta samudera." Dados punika ingkang dipunkajengipun minangka sedaya planet, kalebet samudera-samuderanipun.

(Maos) : "Ing wekdal menika ratu Hastināpura, ingkang sapunika minangka sabageyanipun New Delhi, minangka panguwaos sedaya ngalam donya, kalebet ugi sedaya samudera, ngantos dumugi wekdalipun Mahārāja Parīkṣit, ingkang minangka putunipun Mahārāja Yudhiṣṭhira. Para sedherek kakungipun nindakaken ayahan dados para menteri sarta senapatinipun, lan kawujud satunggaling ngasta damel sesarengan antawis para sedherek kakungipun ratu ingkang soleh sanget punika. Mahārāja Yudhiṣṭhira minangka ratu ingkang sampurna utawi walinipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa ..." Ratu kedahipun minangka walinipun Kṛṣṇa. " .... ingkang nguwaosi karatyan ing ngalam donya lan tumimbang kaliyan Dewa Indra, panguwaos ingkang nggadhahi kawisesan wonten ing planet-planet swarga." Para dewa kados Indra, Candra, Sūrya, Varuṇa, Vāyu lan ingkang sanesipun minangka para ratu ingkang nggadhahi kawisesan wonten ing maneka rupi planet ingkang benten-benten ing salebetipun jagad raya punika. Sami kados dene, Mahārāja Yudhiṣṭhira minangka salah setunggal saking piyambakipun sedaya, ingkang nguwaosi karatyan wonten ing bhumi menika.

Mahārāja Yudhiṣṭhira sanes satunggaling pengageng kanthi cara mengagengi ingkang mligi kados para pengageng politik ingkang mboten ngaraharjaaken saking wekdal demokrasi modern sapunika. Mahārāja Yudhiṣṭhira ngangsalaken pitedah saking Bhīṣmadeva sarta ugi saking Gusti Pangeran Ingkang Maha Sampurna, lan amargi menika piyambakipun nggadhahi seserepan ingkang wetah menggah ing sedayanipun kanthi sampurna. Ingkang tumindak dados pengageng nagari ingkang dipunpilih wonten ing wekdal sapunika namung kados golekan kemawon, amargi piyambakipun mboten nggadhahi kuwaosipun satunggaling ratu. Senaos ugi menawi piyambakipun sampun ngangsalaken kasampurnan kados Mahārāja Yudhiṣṭhira, nanging piyambakipun panggah mboten saged nindakaken menapa-menapa ingkang dipundhasaraken dhateng pepinginanipun piyambak ingkang dipunsababaken dening kalenggahan dhasaripun.

Amargi menika, wonten kathah sanget nagari wonten ing donya punika ingkang gentos genten pepadon, amargi bentenipun ideologi utawi wontenipun kawigatosan-kawigatosan piyambak ingkang sanesipun. Nanging ratu ingkang kados Mahārāja Yudhiṣṭhira mboten nggadhahi ideologinipun piyambak. Piyambakipun namung tumut pitedahipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Sampurna sarta para walinipun, sarta wali ingkang nggadhahi kawisesan, Bhīṣmadeva. Dipunpitedahaken ing salebetipun śāstra bilih para priyantun kedahipun tumut para pihak ingkang nggadhahi kawisesan ingkang minulya sarta Gusti Pangeran Ingkang Maha Sampurna, tamanpa wontenipun kawigatosan piyambak sarta ideologi ingkang mboten-mboten. Amargi menika, Mahārāja Yudhiṣṭhira saged nguwaosi sedaya donya, kalebet ugi samudera-samuderanipun, amargi prinsip-prinsip ingkang dipunginaaken dening piyambakipun sampurna lan saget dipuntindakaken dhateng saben priyantun wonten ing saindhenging ngalam donya punika.

Gagasan setunggal nagari kangge setunggal donya punika namung saged dipuntindakaken menawi kawula sedaya tumut para pihak ingkang nggadhahi kawisesan ingkang sampurna. Satunggaling jalmi ingkang mboten sampurna mboten saget ngriptaaken satunggaling ideologi ingkang saget dipuntampi dening saben priyantun. Namung jalmi ingkang tanpa wates lan ingkang sampurna kemawon ingkang saged ndamel satunggaling program ingkang saget dipuntindakaken wonten ing saben panggenan lan saged dipundherekaken dening sedayanipun wonten ing donya punika. Jalmi menika ingkang nguwaosi, sanes pangreh ingkang mboten asipat priangga. Menawi jalminipun sampurna, mila pangrehipun ugi sampurna. Menawi jalminipun minangka satunggaling priyantun ingkang mboten lantip, mila pangrehipun namung badhe dados kados swarganipun para priyantun ingkang mboten lantip. Punika minangka hukum ngalam.

Wonten kathah sanget cariyos menggah ing ratu utawi pengageng pangreh ingkang mboten sampurna. Amargi menika, pengageng pangreh kedahipun minangka satunggaling priyantun ingkang sampun mumpuni kados Mahārāja Yudhiṣṭhira, lan piyambakipun kedah nggadhahi kuwaos otokrasi sakwetahipun kangge nguwaosi sedaya donya. Gagasan menggah ing setunggal nagari wonten ing donya punika saged kapunwujudaken ing sakngandhapipun setunggal rezim ingkang sampurna kados Mahārāja Yudhiṣṭhira. Donya wonten ing wekdal menika raharja sanget amargi wonten para ratu, kados Mahārāja Yudhiṣṭhira, ingkang nguwaosi donya. Mugi-mugi sang ratu punika tumut Mahārāja Yudhiṣṭhira lan maringaken satunggaling tuladha menggah ing kados pundi sistem pangreh karatyan saget ngawujudaken satunggaling nagari ingkang sampurna. Wonten pitedah ing salebetipun śāstra, lan menawi piyambakipun tumut pitedah punika, mila piyambakipun saged nindakaken perkawis punika. Piyambakipun nggadhahi daya kakiyatan punika.

Lan amargi piyambakipun minangka ratu ingkang sakmekaten sampurnanipun, satunggaling walinipun Kṛṣṇa mila, kāmaṁ vavarṣa parjanyaḥ (SB 1.10.4). Parjanyaḥ suraosipun jawah. Dados jawah minangka prinsip dhasar saking panyamektanipun sedaya kabetahan wonten ing salebetipun gesang, jawah. Amargi menika Kṛṣṇa dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā, annād bhavanti bhūtāni parjanyād anna-sambhavaḥ (BG 3.14). Menawi panjenengan ngersakaken ngaraharjaaken sedaya priyantun, sedaya priyantun sarta sedaya satwa ... Wonten para satwa ugi. Piyambakipun sedaya .... Para bajingan ingkang minangka para priyantun ingkang nindakaken pangreh, kadang kawis piyambakipun sedaya ndamel satunggaling pagelaran menggah ing kabecikan-kabecikan kangge para jalmi, namung mboten wonten kabecikan-kabecikan kangge para satwa. Kenging menapa? Kenging menapa wonten kamboten-adilan punika? Para satwa punika ugi dipunlairaken wonten ing bhumi punika. Piyambakipun ugi minangka dumadi. Mbok menawi piyambakipun sedaya namung para satwa ingkang mboten nggadhahi kalantipan. Nanging sakleresipun piyambakipun nggadhahi kalantipan, senaos dene mboten sakmajeng kalantipanipun para jalmi, nanging menawi mekaten menapa kanthi mekaten omah-omah jagal kangge para satwa kedah didegaken kangge mejahi piyambakipun sedaya? Menapa menika ingkang dipunwastani minangka keadilan?

Lan mboten namung menika kemawon, nanging sinten kemawon, menawi piyambakipun rawuh dhateng nagari punika, mila sang ratu nggadhahi kuwajiban kangge maringaken pangayoman dhateng piyambakipun. Lajeng kenging menapa perkawis punika dados dipunbentenaken? Saben priyantun ngangsalaken pangayoman, "Ndoro, kawula ngersakaken manggen wonten ing nagarinipun panjenengan," mila piyambakipun kedah dipunparingi sedaya sarana ingkang dipunbetahaken. Kenging menapa malah kados mekaten, "Mboten, mboten, panjenengan mboten pareng rawuh. Panjenengan menika priyantun Amerika. Panjenengan menika priyantun India. Panjenengan menika ...?" Mboten. Wonten kathah sanget perkawisipun. Menawi piyambakipun sedaya tumut prinsip punika kanthi leres, prinsip Veda, mila ratu ingkang sampurna badhe dados pengageng ingkang sae. Lan ngalam badhe mbiyantu. Amargi menika dipunngendikakaken bilih ing wekdal pangrehipun Mahārāja Yudhiṣṭhira, kāmaṁ vavarṣa parjanyaḥ sarva-kāma-dughā mahī (SB 1.10.4). Mahī, bhumi punika. Panjenengan badhe ngangsalaken sedaya kabetahanipun saking bhumi punika. Sedayanipun mboten badhe dipunparingaken saking nginggil, saking angkasa.

Inggih, sakleresipun sedayanipun nedhak saking angkasa ing salebetipun wujud jawah. Nanging piyambakipun sedaya mboten mangertosi ngelmu seserepanipun, menggah ing kados pundi sedayanipu miyos saking bhumi lumantar maneka rupi pranatan. Ing ngandhapipun kawontenan-kawontenan tartamtu, jawah badhe nedhak lan para kartika maringaken pangaribawa. Lan saklajengipun wonten kathah sanget perkawis ingkang dipunangsalaken, inten barleyan ingkang aji, mutiyara-mutiyara. Piyambakipun mboten mangertosi kados pundi sedayanipun miyos. Dados amargi menika, menawi sang ratu minangka satunggaling priyantun ingkang soleh, mila ngalam badhe mbiyantu piyambakipun, ngalam ugi badhe ngasta damel sesarengan. Lan sang ratu, menawi pangrehipun mboten soleh, mila ngalam ugi mboten badhe ngasta damel sesarengan.