JV/Prabhupada 0042 - Diksa Punika, Panjenengan Tampi Kanthi Legawa



Initiation Lecture Excerpt -- Melbourne, April 23, 1976

Prabhupāda : Ing salebetipun Caitanya-caritāmṛta, nalikanipun saweg maringaken wejangan dhateng Śrīla Rūpa Gosvāmī, Caitanya Mahāprabhu dhawuh,

ei rūpe brahmāṇḍa bhramite kona bhāgyavān jīva
guru-kṛṣṇa-kṛpāya pāya bhakti-latā-bīja
(CC Madhya 19.151)

Sagung dumadi, piyambakipun sedaya pindhah saking setunggal wujud gesang dhateng wujud gesang ingkang sanesipun lan ngumbara saking setunggal planet dhateng planet sanesipun, kadang kawis ing salebetipun gesang wonten ing tataran ngandhap, kadang kawis ing salebetipun gesang wonten ing tataran nginggil. Perkawis punika saweg kapuntindakaken. Punika dipunwastani minangka, saṁsāra-cakra-vartmani. Kala wingi dalu, kawula sampun ngandharaken menggah ing perkawis punika, mṛtyu-saṁsāra-vartmani. Tembung ingkang lebet sanget suraosipun punika ingkang dipunginaaken, mṛtyu-saṁsāra-vartmani. Satunggaling cara gesang ingkang ewed sanget, kangge saklajengipun pejah. Saben priyantun ajrih pejah amargi saksampunipun pejah mboten wonten setunggalpun priyantun ingkang mangertos menapa ingkang badhe kapuntindakaken. Nanging piyambakipun sedaya ingkang mboten lantip, piyambakipun sedaya punika sakleresipun sami kemawon kaliyan para satwa. Sami kados dene nalikanipun para satwa saweg dipunsembeleh, mila para satwa ingkang sanesipun menggalih bilih, "Kawula sae-sae kemawon." Dados, satunggaling priyantun ingkang nggadhahi sekedhik kalantipan mboten nate badhe remen pejah namung kangge saklajengipun nampi salira ingkang sanesipun malih. Menapa malih kawula sedaya mboten mangertosi, wujud salira menapa ingkang badhe kawula sedaya angsalaken saklajengipun punika.

Dados, diksa ingkang minangka pangestunipun guru sarta Kṛṣṇa punika, kedahipun mboten dipuntampi kanthi dipunsepeleaken. Perkawis punika kedah dipuntampi kanthi legawa. Amargi menika minangka satunggaling kalodhangan ingkang minulya sanget. Bīja suraosipun winih, winihipun bhakti. Dados menapa kemawon ingkang sampun panjenengan ikraraken wonten ing sakngajengipun Gusti Pangeran, wonten ing sakngajengipun guru karohanenipun panjenengan, wonten ng sakngajengipun agni suci, wonten ing sakngajengipun para Vaiṣṇava, panjenengan sampun nate sumimpang saking ikrar punika. Mila saklajengipun panjenengan badhe dados teguh ing salebetipun gesang rohaninipun inggih menika, mboten nindakaken sesambetan seks ingkang dipunlarang, mboten dhahar ulam daging, mboten nindakaken judi, mboten nindakaken mendem-mendeman - sekawan rupi "mboten" punika - dipunsarengi kaliyan nindakaken japa Hare Kṛṣṇa - setunggal "inggih." Sekawan "mboten" lan setunggal "inggih." Perkawis punika badhe ndadosaken gesangipun panjenengan angsal damel. Perkawis punika gampil sanget. Mboten patos ewed. Nanging māyā menika kiyat sanget, kadang kawis piyambakipun nyababaken kawula sedaya dados sumimpang. Dados menawi nalika wonten reka daya saking māyā kangge ndadosaken kawula sedaya sumimpang, mila panjenengan ndonga dhateng Kṛṣṇa, "Nyuwun wilujengaken kawula. Kawla pasrah dhiri, pasrah dhiri sedayanipun, lan nyuwun welas asihipun kangge maringaken pangayomanipun dhateng kawula," lan Kṛṣṇa badhe maringaken pangayoman. Nanging sampun ngantos kecalan kalodhangan punika. Punika panyuwunipun kawula. Sedaya pangestu lan pangarep-arepipun kawula ingkang sae kawula paringaken dhateng panjenengan.

Dados mangga kawula sedaya mendhet kalodhangan bhakti punika, bhakti-latā-bīja. Mālī hañā sei bīja kare āropaṇa. Nalikanipun kawula ngangsalaken winih ingkang sae, mila kawula kedah nandur winih punika wonten ing siti. Tuladhanipun inggih menika sami kados dene nalikanipun panjenengan ngangsalaken winih sekar ermawar ingkang kualitasipun nomor setunggal lan sae sanget, mila panjenengan nandur winih punika wonten ing siti lan panjenengan nyiramaken sekedhik toya dhateng winih punika. Mila winih punika badhe tuwuh. dados winih punika badhe saged tuwuh lumantar panyiraman ndamel toya. Menapa panyiraman ndamel toya punika? Śravaṇa kīrtana jale karaye secana (CC Madhya 19.152). Kridha panyiraman dhateng winih, bhakti-latā, dipuntindakaken lumantar śravaṇa-kīrtana, mireng lan japa. Dados panjenengan badhe mireng saking para sannyāsī lan para Vaiṣṇava menggah ing perkawis punika kanthi langkung lan langkung kathah malih. Nanging sampun ngantos kecalan kalodhangan punika. Punika panyuwunipun kawula. Matur sembah nuwun sanget.

Panyembah : Jaya Srila Prabhupāda!