JV/Prabhupada 0059 - Sampun Nyupekaken Kridha Sejatosipun

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 0058
Kaca Sasampunipun - Video 0060 Go-next.png

Sampun Nyupekaken Kridha Sejatosipun
- Prabhupāda 0059


Lecture on BG 2.14 -- Mexico, February 14, 1975

Mila saklajengipun pamendhetan pirsanipun inggih menika, "Menawi kawula langgeng, kenging menapa wonten kathah sanget kawontenan gesang ingkang mrihatosaken? Lan kenging menapa kawula kedah pejah?" Dados punika minangka pamendhetan pirsa ingkang lantip bilih, "Menawi kawula langgeng, lajeng kenging menapa kawula kedah panggah wonten ing salebetipun raga material ingkang ngelampahi pejah, kalairan, yuswa sepah lan lelara punika?" Amargi menika Kṛṣṇa maringaken pitedah bilih kawontenan gesang material ingkang mrihatosaken punika dipunsababaken dening raga material punika. Piyambakipun sedaya ingkang minangka para karmī, ingkang suraosipun minangka ingkang ewed ing salebetipun kridha-kridha kangge nglegakaken indria-indria ... Piyambakipun sedaya dipunwastani minangka para karmī. Para karmī mboten mredulekaken tembe wingkingipun, piyambakipun sedaya namung ngersakaken sarana gesang ingkang cumawis saknalikanipun. Sami kados dene satunggaling lare alit ingkang namung ameng-ameng kemawon sakdinten-dintenipun tamanpa wontenipun pangawaspaosan saking priyantun sepahipun, piyambakipun mboten mredulekaken datheng gesang tembe wingkingipun lan piyambakipun ugi mboten mlebet sekolah. Nanging ing gesang wonten ing salebetipun raga jalmi punika, menawi kawula sedaya sayekti lantip, mila kawula sedaya tamtu badhe ngiktiyaraken kanthi sakleresipun kangge ngangsalaken raga utawi gesang ingkang wonten ing salebetipun mboten nggadhahi pejah, kalairan, yuswa sepah lan lelara.

Dados pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika dipuntujokaken kangge mucalaken para priyantun kangge nggayuh angkah punika. Sakmenika satunggaling priyantun mbok menawi ngendikan bilih, "Menawi kawula namung mbhaktekaken dhiri ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa, lajeng kados pundi wigatos material kawula badhe dipuncawisaken?" Mila wangsulanipun wonten ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih saben priyantun ingkang namung ewed ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa punika, mila Kṛṣṇa badhe mupakara sedaya wigatos gesangipun. Kṛṣṇa saweg mupakara dhateng saben priyantun. Eko yo bahūnāṁ vidadhāti kāmān, "Kaprianggan Ingkang Utami punika saweg mupakara sedaya wigatosipun sagung dumadi." Dados kangge satunggaling panyembah ingkang saweg ngiktiyaraken kangge wangsul dhateng ndalemipun, wangsul dhateng Gusti Pangeran, mila mboten badhe nate wonten kakirangan. Nggugu marang Aku, dhawuh Kṛṣṇa ing salebetipun Bhagavad-gītā, teṣāṁ satata-yuktānāṁ yoga-kṣemaṁ vahāmy aham (BG 9.22). "Sawijining panyembah sing tansah ewed sajroning ngladeni Aku, Aku ngrumat piye carane amrih sing dibutuhke sajroning uripe bakal diujudi."

Kupiya ingkang nyata inggih menika bilih ing salebetipun pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika, kawula sedaya ngadhahi setunggalatus center lan ing salebetipun saben temple, wonten paling sekedhik selangkung dumugi kalihatus seket panyembah. Kawula sedaya mboten nggadhahi sumber panguripan ingkang sayekti, lan kangge sedaya center punika, kawula sedaya nelasaken kinten-kinten wolungdasa ewu dolar saben sasinipun. Nanging amargi berkahipun Kṛṣṇa, kawula sedaya mboten ngelampahi kakirangan, sedayanipun dipuncawisaken. Para priyantun kadang kawis dados kaget bilih, "Para priyantun punika mboten nyambut damel, mboten nggadhahi pakaryan menapapun, piyambakipun sedaya mligi namung nindakaken japa Hare Kṛṣṇa kemawon. Kados pundi piyambakipun sedaya saget panggah gesang?" Dados punika sanes perkawisipun. Menawi para kucing lan segawon saged panggah gesang amargi berkahipun Gusti Pangeran, mila para panyembah ugi saged gesang kanthi sekeca amargi berkahipun Gusti Pangeran.

Mboten wonten perkawis ingkang kados mekaten, nanging menawi satunggaling priyantun menggalih bilih, "Kawula sampun tumut kainsapan Kṛṣṇa, nanging kawula taksih panggah nandhang sangsara wonten ing kathah perkawis," mila kangge piyambakipun sedaya utawi kangge kawula sedaya pitedahipun inggih menika, mātrā-sparśās tu kaunteya śītoṣṇa-sukha-duḥkha-dāḥ (BG 2.14). "Susah lan bungah iku padha karo mangsa rendheng lan mangsa ketiga." Ing mangsa rendheng, toya dados asrep sanget lan nglarakaken, senaos dene ing mangsa ketiga toya dados ngremenaken sanget. Daos kados pundi kawontenan toya punika sejatosipun? Menapa piyambakipun ngremenaken utawi nglarakaken? Toya punika mboten nglarakaken lan piyambakipun ugi mboten ngremenaken, nanging wonten ing mangsa tartamtu lumantar anglipta dhateng lulang, mila piyambakipun dipunraosaken minangka nglarakaken utawi ngremenaken. Raos lara sarta raos remen ingkang kados mekaten punika dipunandharaken wonten mriki, "Kabeh iku teka lan lunga. Kabeh iku ora ana kanggo saklawase." Āgama apāyinaḥ anityāḥ (BG 2.14) berarti, "Sedayanipun rawuh lan tindak, amargi menika sedayanipun mboten wonten kangge sakdangunipun." Kṛṣṇa lajeng maringaken pitedah, tāṁs titikṣasva bhārata (BG 2.14), "Tepa slira ana ing perkara iku." Nanging panjenengan sampun dados kesupen dhateng kridha ingkang sejatosipun, inggih menika kainsapan Kṛṣṇa. Sampun mredulekaken sedaya karemenan sarta kasisahan material punika.