JV/Prabhupada 0065 - Saben Priyantun Badhe Dados Raharja

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 0064
Kaca Sasampunipun - Video 0066 Go-next.png

Saben Priyantun Badhe Dados Raharja
- Prabhupāda 0065


Arrival Lecture -- Gainesville, July 29, 1971

Tamu estri : Menapa wonten panggenan kangge para priyantun ingkang sanesipun wonten ing salebetipun pakempalan punika, ingkang ngladosi Kṛṣṇa kanthi mboten mligi, sanes lumantar nindakaken japa Hare Kṛṣṇa sakdinten-dintenipun?

Prabhupāda : Mboten, prosesipun inggih menika, sami kados dene menawi panjenengan nyirami toya dhateng uwodipun wit-witan, mila toya punika badhe dipunsebaraken dhateng saben godhong, cawang, epang lan sedayanipun dados seger malih. Nanging menawi panjenengan namung nyirami godhongipun kemawon, godhong punika badhe panggah nglaras lan wit-witan punika ugi badhe kemropok. Menawi panjenengan nglebetaken dhaharan dhateng madharan, mila energi badhe dipunsebaraken dhateng jeriji panjenengan, rambut panjenengan dumugi dhateng naka lan sedayanipun. Lan menawi panjenengan namung manggenaken dhaharan punika wonten hasta panjenengan, nanging mboten nglebetaken dhateng madharan, mila dhaharan punika dados muspra. Dados sedaya paladosan kamanungsan sampun dados budidaya ingkang muspra amargi mboten wontenipun kainsapan Kṛṣṇa. Piyambakipun sedaya saweg mbudidaya kanthi sedaya werni cara kangge ngladosi mangsarakat jalmi, nanging piyambakipun sedaya dados mutung wonten ing budidaya ingkang muspra, amargi mboten wontenipun kainsapan Kṛṣṇa. Lan menawi para priyantun dipunwucal kangge dados insap dhateng Kṛṣṇa, mila kanthi miyambaki saben priyantun badhe dados raharja. Saben priyantun ingkang ngersakaken kangge ngempal, saben priyantun ingkang ngersakaken kangge mireng, saben priyantun ingkang ngersakaken kangge nyambut damel sesarengan -- saben priyantun badhe dados raharja. Dados proses kawula sedaya punika minangka proses ingkang alamiah. Panjenengan nresnani Gusti Pangeran, lan menawi panjenengan sayekti linuwih wonten ing nresnani Gusti Pangeran, mila sampun limrahipun menawi panjenengan ugi badhe nresnani saben priyantun. Sami kados dene priyantun ingkang insap dhateng Kṛṣṇa, amargi piyambakipun nresnani Gusti Pangeran, mila piyambakipun ugi nresnani para kewan. Piyambakipun nresnani para paksi, para kewan galak lan sedayanipun. Nanging ingkang namung sebatanipun kemawon tresna ingkang nggadhahi peri-kamanungsan, punika malah suraosipun bilih piyambakipun sedaya nresnani para jalmi ingkang sanesipun, nanging piyambakipun sedaya mejahi para kewan. Kenging menapa piyambakipun mboten nresnani para kewan? Amargi para kewan menika mboten sampurna. Nanging priyantun ingkang insap dhateng Kṛṣṇa mboten nate badhe mejahi para kewan utawi malah ugi maringaken reribed dhateng para kewan punika. Punika sakleresipun tresna ingkang nglingkupi sedayanipun jagad raya. Menawi panjenengan namung nresnani para sedherek kakung lan estri panjenengan kemawon, mila punika sanes minangka tresna ingkang nglingkupi sedayanipun jagad raya. Tresna ingkang nglingkupi sedayanipun jagad raya punika suraosipun bilih panjenengan nresnani saben dumadi. Tresna ingkang nglingkupi sedayanipun jagad raya ingkang kados mekaten saged dipuntuwuhaken lumantar kainsapan Kṛṣṇa, sanes lumantar ingkang sanesipun.

Tamu estri : Kawula mangertosi bilih wonten para panyembah ingkang sampun medhotaken sesambetan-sesambetan, umpaminipun, menawi kenging dipunsanjangaken, sesambetan kaliyan priyantun sepah material piyambakipun, lan perkawis punika maringaken raos nestapa ingkang sanget dhateng piyambakipun sedaya, amargi para priyantun sepahipun mboten mangertosi perkawis punika. Sakmenika menapa ingkang panjenengan badhe prayogekaken dhateng piyambakipun sedaya kangge ndamel perkawis ingkang kados mekaten dados keraos langkung gampil?

Prabhupāda : Dados, satunggaling kaneman ingkang ndherek pakempalan kainsapan Kṛṣṇa, mila piyambakipun saweg maringaken paladosan ingkang paling sae kangge priyantun sepahipun, kulawarganipun, nagaranipun sarta mangsarakatipun. Tamanpa kanthi dados insap dhateng Kṛṣṇa, mila paladosan menapa ingkang badhe piyambakipun sedaya paringaken dhateng priyantun sepahipun? Limrahipun, piyambakipun sedaya badhe dados misahaken dhiri piyambak-piyambak. Nanging, sami kados dene Prahlāda Mahārāja ingkang minangka satunggaling panyembah minulya lan ramanipun ingkang minangka satunggaling kaprianggan ageng saking golongan para priyantun ingkang sanes minangka panyembah, sakmekaten kawontenanipun saengga wusananipun sang rama punika dipunpejahaken dening Nṛsiṁhadeva, nanging Prahlāda Mahārāja, nalikanipun piyambakipun dipitedahaken dening Gusti Pangeran kangge mendhet berkah, piyambakipun malah ngendikan, "Gusti Pangeran kawula ingkang sae ati sanget, kawula sanes satunggaling saudagar, ingkang kanthi maringaken paladosan dhateng Panjenengan lajeng kawula badhe ngangsalaken satunggaling pikantuk. Nyuwun samudera pangaksamanipun kangge kawula." Nṛsiṁhadeva ngraos kalegan sanget, "Iki sawijining panyembah sing murni kuwi." Nanging sang panyembah murni ingkang sami punika malah mendhet dhateng Gusti Pangeran, "Gusti Pangeran kawula, rama kawula minangka satunggaling priyantun ingkang mboten pitados dhateng Panjenengan, lan piyambakipun sampun kathah sanget nindakaken kalepatan, mila kawula nyuwun amrih rama kawula punika dipunparingaken kamardikan." Lan Nṛsiṁhadeva dhawuh, "Bapakmu wis dimerdekakake, amarga awakmu dadi puterane. Sanadyan dheweke akeh banget lupute, ning dheweke wis dimardikakake, amarga awakmu dadi puterane. Ora mung bapakmu, ning uga bapak saka bapakmu, lan bapak saka pitung turunan mendhuwur, kabeh wis dimardikakake." Dados, menawi satunggaling Vaiṣṇava miyos wonten ing satunggaling kulawarga, mila piyambakipun sanes namung ndamel ramanipun dados mardika, nanging rama saking ramanipun, saking ramanipun, saking ramanipun lan mekaten saklajengipun kados punika. Punika minangka paladosan ingkang paling sae dhateng kulawarga, kanthi dados insap dhateng Kṛṣṇa. Kasunyatanipun, punika sampun kapuntindakaken wonten ing salah setunggal sisya kawula, Kārttikeya, ibuipun remen sanget sesrawungan, saengga nalikanipun piyambakipun ngersakaken kange kepanggih sareng ibuipun, sang ibu ngendikan, "Lungguh dhisik wae,. Aku arep menyang pesta jogedan." Kados mekaten punika sesambetanipun. Nanging mekaten, amargi piyambakipun, sang putera, insap dhateng Kṛṣṇa, mila piyambakipun makaping-kaping nyariosaken menggah ing Kṛṣṇa datheng ibuipun. Nalikanipun badhe pejah, sang ibu mendhet pirsa dhateng puteranipun, "Ana ngendi Kṛṣṇamu kuwi? Apa dheweke ana ning kene?" Lan saknalikanipun sang ibu pejah. Punika suraosipun piyambakipun emut dhateng Kṛṣṇa wonten ing wekdal pejahipun, lan saknalikanipun piyambakipun dipunmardikakaken. Punika dipunpratelakaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, yaṁ yaṁ vāpi smaran loke tyajaty ante kalevaram (BG 8.6). Wonten ing wekdal pejah, menawi satunggal priyantun emut dhateng Kṛṣṇa, mila gesangipun angsal damel. Dados sang ibu punika, amargi puteranipun, puteranipun insap dhateng Kṛṣṇa, mila piyambakipun ngangsalaken kamardikakanipun, tamanpa piyambakipun dados insap dhateng Kṛṣṇa. Dados punika ginanipun.