JV/Prabhupada 0072 - Perkawisipun Abdi Sewaka Inggih Menika Kangge Pasrah Dhiri



Lecture on CC Madhya-lila 20.108-109 -- New York, July 15, 1976

Dados mboten wonten satunggaling priyantunpun ingkang saged dados bendara. Punika mestail. Panjenengan badhe manggihaken perkawis punika ing salebetipun pitedah punika, ekale īśvara kṛṣṇa āra saba bhṛtya (CC Adi 5.142). Namung Kṛṣṇa kemawon ingkang dados bendara, lan saben priyantun minangka abdi sewakanipun. Punika kalenggahanipun kawula sedaya ingkang sakleresipun. Nanging kawula sedaya ngiktiyaraken kangge dados bendara kanthi lancung. Punika minangka satunggaling budidaya gesang. Kawula ngiktiyaraken dados satunggaling ingkang sakleresipun sanes dhirinipun kawula sedaya piyambak. Kawula sedaya mangertosi tetembungan punika, "budidaya gesang," "panggah gesang minangka ingkang paling pantes." Dados punika minangka satunggaling budidaya. Kawula sedaya sanes bendara, namung panggah kemawon, kawula sedaya ngiktiyaraken kangge dados bendara. Filsafat Māyāvāda, piyambakipun sedaya ugi nglampahi maneka werni kridha mertapa sarta panebusan dosa ingkang awrat sanget, nanging menapa sakleresipun gagasanipun? Gagasanipun inggih menika bilih, "Kawula badhe manunggal kaliyan Gusti Pangeran." Kalepatan ingkang sami. Kalepatan ingkang sami. Piyambakipun sanes Gusti Pangeran, nanging piyambakipun ngiktiyaraken dados Gusti Pangeran. Senaos dene piyambakipun sampun nindakaken sakmekaten kathahipun kridha mertapa ingkang awrat, vairāgya, panampikan, sedayanipun ... Kadang kawis piyambakipun sedaya ngendhegaken sedaya perkawis ingkang sumambung kaliyan kanikmatan material, tindak dhateng wana, nindakaken maneka werni panebusan dosa ingkang awrat. Menapa gagasanipun? "Sakmenika kawula badhe manunggal kaliyan Gusti Pangeran." Kalepatan ingkang sami.

Dados māyā punika kiyat sanget, saengga kalepatan ingkang kados mekaten malah ugi panggah kapuntindakaken, senaos dene satunggaling priyantun punika sampun majeng sanget ing salebeting ingkang namung sebatanipun kemawon karohanen. Mboten. Amargi menika Caitanya Mahāprabhu saknalikanipun nglipta babagan utaminipun lumantar pitedahipun. Punika filsafatipun Caitanya Mahāprabhu. Wonten pundi Kṛṣṇa ndhawuhaken tetembungan wusananipun, sarva-dharmān parityajya mām ekaṁ śaraṇaṁ vraja. (BG 18.66).Panjenenganipun saweg dhawuh wonten ing salebetipun kapinarakan punika, Panjenenganipun minangka Kṛṣṇa, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Panjenenganipun mendhet, Panjenenganipun nuntut bilih, "Awakmu kabeh para bajingan, ndhegana sakkabehe kuwi. Pasrah dhiri marang Aku. Mula awakmu arepe dadi raharja." Punika minangka pitedah pamungkasipun saking Bhagavad-gītā. Caitanya Mahāprabhu, Kṛṣṇa ingkang sami namung saweg tumindak dados satunggaling panyembahipun Kṛṣṇa, amargi menika Panjenenganipun dhawuh perkawis ingkang sami. Kṛṣṇa dhawuh, "Pasrah dhiri marang Aku," lan Caitanya Mahāprabhu dhawuh bilih, "Kabeh dumadi minangka abdi sewakane Kṛṣṇa." Punika suraosipun bilih piyambakipun kedah pasrah dhiri. Perkawisipun abdi sewaka inggih menika kangge pasrah dhiri, sanes kangge pepadon kaliyan sang bendara kangge nuntut bilih, "Kawula sami drajadipun kaliyan panjenengan." Punika sedaya minangka fanastisma, satunggaling urun rembag ingkang mboten waras.

piśācī pāile yena mati-cchanna haya
māyā-grasta jīvera se dāsa upajaya

Satunggaling abdi sewaka mboten saged dados bendara. Punika mestail. Nanging mekaten .... Menawi kawula sedaya panggah nindakaken konsep gesang ingkang klentu punika bilih, "Kawula sanes bendara, kawula minangka abdi sewaka," er ... "Kawula sanes abdi sewaka, kawula minangka bendara," mila piyambakipun badhe nandhang sangsara. Māyā badhe maringaken kasangsaran dhateng piyambakipun. Daivī hy eṣā. Sami kados dene para durjana, para bajingan lan para maling, piyambakipun sedaya nampik pranatanipun pangreh, "Kawula mboten preduli dhateng pangreh." Nanging punika suraosipun sanes bilih piyambakipun lajeng nampi kasangsaran kanthi lila. Piyambakipun kedah mituhoni hukum pangreh. Menawi piyambakipun mboten mituhoni hukum menika lan dados satunggaling durjana, mila piyambakipun badhe dipunlebetaken dhateng pakunjaran. Lan lumantar pameksan, lumantar anteman, lumantar hukuman, mila piyambakipun kedah nampi, "Inggih, inggih, kawula nampi."

Dados punika māyā. Daivī hy eṣā guṇamayi mama māyā duratyayā (BG 7.14). Kawula sedaya wonten ing sakngandhapipun kawisesanipun māyā. Prakṛteḥ kriyamāṇāni guṇaiḥ karmāṇi sarvaśaḥ (BG 3.27). Kenging menapa? Amargi kawula sedaya sampun mratelaaken dhirinipun kawula sedaya minangka bendara. Abdi sewaka saweg mratelaaken dhirinipun minangka bendara, mila kawusananipun inggih menika kasangsaran. Lan saknalikanipun kawula sedaya nampi bilih, "Kawula sedaya sanes bendara, kawula minangka abdi sewaka," mila kasangsaran dados ical. Punika filsafat ingkang prasaja sanget. Punika minangka mukti. Mukti suraosipun sampun dugi dhateng tataran ingkang leres. Punika mukti. Mukti dipunandharaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam, muktir hitvā anyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ (SB 2.10.6). Mukti suraosipun ngendhegaken sedaya perkawis ingkang namung minangka umuk-umukan punika, anyathā. Piyambakipun minangka abdi sewaka, nanging piyambakipun menggalih kados satunggaling bendara. Punika minangka anyathā., kawontenan ingkang kuwalik. Dados nalikanipun piyambakipun ngendhegaken konsep gesang ingkang kuwalik punika, ingkang mratelaaken bilih piyambakipun minangka bendara, mila piyambakipun dados mukti, piyambakipun dados kapunmardikakaken saknalikanipun ugi. Mukti mboten ndadosaken panjenengan kedah nindakaken sakmekaten kathahipun kridha mertapa awrat ingkang kathah nelasaken wekdal punika lan mboten ndadosaken panjenengan kedah tindak dhateng wana utawi tindak dhateng Himalaya sarta mertapa kanthi menet pangambetipun sakmekaten caranipun lan ingkang sanesipun. Mukti mboten mbetahaken kathah perkawis ingkang kados mekaten. Cekap namung kanthi mangertosi dhasaring babaganipun bilih, "Kawula minangka abdi sewakanipun Kṛṣṇa" - lan panjenengan saknalikanipun sampun dados satunggaling mukta. Punika suraosipun mukti ingkang dipunparingaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam. Muktir hitvā anyathā rūpaṁ svarūpeṇa avasthitiḥ. Sami kados dene satungaling durjana ing salebeting pakunjaran, menawi piayambakipun dados andhap asor bilih, "Kangge saklajengipun kawula badhe dados mituhoni hukum. Lajeng kawula badhe mituhoni hukum-hukum pangreh kanthi setuhu sanget," Mila kadang kawis piyambakipun badhe ngangsalaken pangirangan wekdal hukumanipun saengga piyambakipun saged dipunmardikakaken langkung awit kanthi maringaken satunggaling pratela. Mila kawula sedaya saged dados dipunmardikakaken saknalikanipun saking pakunjaran kawontenan material punika menawi kawula sedaya nampi wucalanipun Caitanya Mahāprabhu, jīvera svarūpa haya nitya kṛṣṇera dāsa (CC Madhya 20.108-109).