JV/Prabhupada 0075 - Panjenengan Kedah Tindak Dhateng Satunggaling Guru



Lecture on SB 1.8.25 -- Mayapur, October 5, 1974

Nalikanipun satunggaling priyantun nggadhahi raos pengin mangertosi kangge ndherek miterang menggah ing pamendhetan-pamendhetan pirsa ingkang tataranipun langkung nginggil, brahma-jijñāsā, mila piyambakipun mbetahaken satunggaling guru..Tasmād guruṁ prapadyeta, "Panjenengan sakmenika nggadhahi raos pengin mangertosi menggah ing pambudi dhateng seserepan ingkang tataranipun langkung nginggil, amargi menika panjenengan kedah tindak dhateng satunggaling guru." Tasmād guruṁ prapadyeta. Sinten? Jijñāsuḥ śreya uttamam. Uttamam. Uttamam suraosipun punika ingkang wonten nglampahi pepeteng. Sedayanipun ngalam donya punika minangka pepeteng, amargi menika satunggaling priyantun ngersakaken tindak nglangkungi pepeteng. Tamasi mā jyotir gama. Pitedah Veda inggih menika, "Sampun ngimbar dhirinipun panjenengan wonten ing salebeting pepeteng. Mangga tindak dhateng teja." Teja punika minangka Brahman, brahma-jijñāsā. Dados satunggaling priyantun ingkang nggadhahi raos pengin mangertosi ... Sang uttama ... Udgata-tama yasmāt. Udgata-tama. Tama suraosipun ingkang mboten lantip. Dados ing donya rohani, mboten wonten ingkang mboten lantip. Jñāna. Para filsuf Māyāvādī, piyambakipun sedaya namung ngendikan, jñāna, jñānavān. Nanging jñāna punika mboten asipat klise. Wonten maneka werni jñāna. Sami kados dene wonten ing Vṛndāvana, jñāna ugi wonten ing mrika, nanging wonten kathah werninipun. Satunggaling priyantun ngersakaken nresnani Kṛṣṇa minangka abdi sewaka. Satunggaling priyantun ngersakaken nresnani Kṛṣṇa minangka mitra. Satunggaling priyantun ngersakaken kangge ngajeni raja brananipun Kṛṣṇa. Satunggaling priyantun ngersakaken nresnani Kṛṣṇa minangka rama lan ibu. Satunggaling priyantun ngersakaken nresnani Kṛṣṇa minangka kang kinasih, minangka ingkang paling dipuntresnani - Sedayanipun becik-becik kemawon. Lan satunggaling priyantun ngersakaken nresnani Kṛṣṇa minangka mengsahipun. Sami kados dene Kaṁsa. Punika ugi minangka vṛndāvana-līlā. Piyambakipun tansah menggalih menggah ing Kṛṣṇa kanthi cara ingkang benten, kados pundi caranipun kangge mejahaken Kṛṣṇa. Pūtanā, piyambakipun ugi kados miyos minangka satunggaling priyantun ingkang nresnani Kṛṣṇa kanthi ngaturaken payudharanipun kangge nyusoni Panjenenganipun, nanging gegayuhan atinipun inggih menika kados pundi caranipun kangge mejahi Kṛṣṇa. Nanging punika ugi dipunmastani minangka satunggaling raos tresna asih ingkang mboten mligi, raos tresna asih ingkang mboten mligi. Anvayāt.

Dados Kṛṣṇa minangka jagad-guru. Panjenenganipun minangka guru sejati. Lan sang guru punika piyambak saweg mucal ing salebetipun Bhagavad-gītā, samentawis kawula sedaya para bajingan ingkang ugal-ugalan, kawula sedaya, malah mboten nampi wucalan punika. Mangga dipunpirsani. Punika sababipun kawula sedaya minangka para mūḍha. Saben priyantun ingkang mboten pantes nampi wucalan-wucalan ingkang dipunparingaken dening sang jagad guru, mila piyambakipun minangka mūḍha. Amargi menika cara kawula sedaya kangge nyobi perkawis punika inggih menika menawi satunggaling priyantun mboten mangertosi Kṛṣṇa, menawi satunggaling priyantun mboten mangertosi kados pundi caranipun kangge tumut Bhagavad-gītā, mila kawula sedaya mastani piyambakipun minangka satunggaling bajingan. Mboten preduli, mbok menawi piyambakipun satunggaling mantri pangarsa, mbok menawi piyambakipun satunggaling hakim ageng utawi ... Mboten. "Mboten, piyambakipun satunggaling mantri pangarsa. Piyambakipun satunggaling hakim ageng. Panggah kemawon, mūḍhaḥ?" Inggih. "Kados pundi?" Māyayāpahṛta-jñānāḥ (BG 7.15). "Piyambakipun mboten nggadhahi seserepan menggah ing Kṛṣṇa. Piyambakipun kaliput dening māyā." Māyayāpahṛta-jñānā āsuraṁ bhāvam āśritāḥ. Amargi menika piyambakipun minangka mūḍha. Dados ringkesipun. Tamtu kemawon, panjenengan saged ngendikan menggah ing perkawis punika kanthi basa ingkang langkung susila, namung amrih mboten nuwuhaken geger kemawon, nanging saben priyantun ingkang mboten nampi Kṛṣṇa minangka jagad-guru lan mboten nampi wucalan-wucalanipun, mila piyambakipun minangka satunggaling bajingan. Sami kados dene mūḍha ing Jagannātha Purī punika. Piyambakipun ngendikan bilih, "Panjenengan lair malih. Mila panjenengan badhe saged ..." Sang mūḍha punika, wastani piyambakipun minangka bajingan. Kenging menapa? Gusti Pangeran minangka jagad-guru, lan sang mūḍha wau ugi ngendikan, "Kawula ugi minangka jagad-guru." Nanging sakleresipun piyambakipun sanes jagad-guru. Piyambakipun malah ugi mboten mangertosi menapa jagat punika. Piyambakipun minangka satunggaling kodhok. Lan piyambakipun mratelaaken piyambakipun minangka jagad-guru. Amargi menika piyambakipun minangka mūḍha. Kṛṣṇa ngendikan. Piyambakipun minangka mūḍha amargi piyambakipun dhereng nampi wucalan-wucalan ingkang dipunparingaken dening Kṛṣṇa.