JV/Prabhupada 0077 - Panjenengan Saged Ngulang Kanthi Ilmiyah Lan Kanthi Filsafat



Ratha-yatra -- San Francisco, June 27, 1971

Kṛṣṇa dhawuh, piyambakipun sedaya ingkang lumintu sekawanlikur jam sakdintenipun ewed ing salebeting paladosan dhateng Kṛṣṇa .... Sami kados dene para sisya punika, para anggotanipun Mangsarakat Kainsapan Kṛṣṇa, panjenengan badhe manggihaken bilih piyambakipun ewed sekawanlikur jam sakdintenipun ing salebeting paladosan dhateng Kṛṣṇa. Punika minangka, kersanipun kawula, suraosipun kainsapan Kṛṣṇa. Piyambakipun tansah ewed. Prayaan Ratha-yatra punika minangka salah satunggaling saking perkawis-perkawis punika, saengga paling mboten, ing satunggaling dinten, panjenengan sedaya badhe saged ewed ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa. Dados punika namung minangka perkawis nindakaken kemawon, lan menawi panjenengan nindakaken wonten ing sakdangunipun gesangipun, mangke wonten ing wekdal pejahipun, menawi panjenengan ngangsalaken kabegjan saged emut dhateng Kṛṣṇa, mila gesang panjenengan dados angsal damel. Perkawis nindakaken punika dipunbetahaken. yaṁ yaṁ vāpi smaran loke tyajaty ante kalevaram (BG 8.6). Kawula sedaya kedah nilaraken salira punika, perkawis punika minangka satunggaling kaniscayan. Nanging wonten ing wekdal pejahipun, menawi kawula sedaya emut dhateng Kṛṣṇa, mila saknalikanipun panjenengan dipunpindhahaken dhateng panggenanipun Kṛṣṇa. Kṛṣṇa wonten ing pundi-pundi, nanging senaos dene Kṛṣṇa kagungan panggenan mligi ingkang dipunwastani minangka Goloka Vṛndāvana. Panjenengan saged mangertosi bilih salira kawula sedaya, salira punika dipunsuraosaken minangka indria-indria, lan wonten saknginggilipun indria-indria wonten manah, ingkang asipat alus sanget lan ingkang mangendhalekaken indria-indria, lajeng ing saknginggilipun manah wonten kalantipan, lan ing saknginggilipun kalantipan wonten sang atma. Kawula sedaya mboten nggadhahi pawartos menggah ing perkawis punika, nanging menawi kawula sedaya nindakaken sistem bhakti-yoga punika, mila wonten ing pungkasanipun kawula sedaya dados mangertosi sinten sejatosipun kawula punika. Kawula sanes salira punika. Malahan kathah-kathah para sarjana agung lan para filsuf agung, piyambakipun sedaya ugi wonten ing saklebetipun konsep ingkang adhedasar salira punika. Saben priyantun saweg menggalih, "Kawula minangka salira punika," nanging penggalih punika klentu. Kawula sedaya sanes salira punika. Kawula sampun ngandharaken menggah ing perkawis punika. Salira suraosipun inggih menika indria-indria, nanging indria-indria punika dipunkendhalekaken dening manah, manah dipunkendhalekaken dening kalantipan lan kalantipan dipunkendhalekaken dening sang atma. Perkawis punika ingkang mboten panjenengan mangertosi. Ing sakindhenging jagad punika mboten wonten sistem pamucalan menggah ing kadospundi mangertosi kawontenanipun sang atma, ingkang dados kabetahan utami saking kridha pamangertosan kangge jalma manungsa. Pangangkahipun satunggaling jalma manungsa sanes namung kangge nelasaken wekdalipun kados para kewan, lumantar dhahar, sare, krama lan ngekahaken saliranipun. Ingkang kados menika minangka gesangipun para kewan. Kalantipan ingkang langkung nginggil saking para jalma manungsa kedhahipun dipunginakaken kangge mangertosi, "Kawula .... Kawula punika sinten? Kawula punika sang atma ingkang asipat rohani." Menawi kawula sedaya mangertosi bilih, "Kawula punika sang atma ingkang asipat rohani," mila konsep gesang ingkang adhedasar salira punika, ingkang sampun ngrisakaken ngalam donya punika ..... Lumantar konsep gesang ingkang adhedasar salira, kawula menggalih, "Kawula priyantun India," panjenengan menggalih, "Kawula priyantun Amerika," lajeng piyambakipun menggalih ingkang lintune, ingkang lintune malih. Nanging sejatosipun kawula sedaya menika setunggal. Kanula sedaya menika para atma ingkang asipat rohani. Kawula sedaya minangka para abdi sewaka ingkang langgeng saking Kṛṣṇa, Jagannātha.

Dados, dinten menika minangka dinten ingkang sae sanget lan dipunluberi kabegjan. Ing saklebetipun dinten menika, Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, nalikanipun Piyambakipun saweg wonten ing ngalam donya punika, Piyambakipun numuti prayaan grahana surya wonten ing Kurukṣetra, lajeng Kṛṣṇa, sesarengan kaliyan sedherek priyantunipun Balarāma, lan sedherek estrinipun, Subhadra, Piyambakipun sedaya rawuh ing lapangan Kurukṣetra. Lapangan Kurukṣetra punika taksih wonten ing India dumugi sakmenika. Menawi wonten ing satunggaling dinten panjenengan badhe sowan dhateng India, mila panjenengan badhe manggihi lapangan Kurukṣetra wonten mrika. Dados, prayaan Ratha-yatra punika dipuntindakaken kangge pangemut saking sowanipun Kṛṣṇa sesarengan kaliyan sedherek priyantun lan sedherek estrinipun dhateng Kurukṣetra. Dados, Gusti Pangeran Jagannātha, Gusti Pangeran Caitanya Mahāprabhu, Piyambakipun saweg wonten ing saklebetipun raos bingah ingkang sanget. Piyambakipun saweg wonten ing saklebetipun raos tresna asih rohani kados Rādhārāṇī, dados Piyambakipun menggalih, "Kṛṣṇa, mangga wangsul malih dhateng Vṛndāvana." Dados, Piyambakipun lajeng ngigel wonten ing sakngajengipun Ratha-yatra lan panjenengan badhe mangertosi menawi panjenengan maos pustaka-pustaka ingkang sampun panjenengan terbitaken, ..... ingkang dipunterbitaken dening mangsarakatipun kawula sedaya. Salah satunggaling pustaka punika kasuwur minangka Wucalanipun Gusti Pangeran Caitanya. Punika minangka pustaka ingkang wigatos sanget. Menawi panjenengan ngersakaken ngulangi pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika, mila kawula sedaya nggadhahi pustaka-pustaka ingkang wilanganipun cekap kathah. Panjenengan saged ngulang kanthi ilmiyah lan kanthi filsafat. Nanging menawi panjenengan mboten gadhah pepinginan kangge ngulang, menawi panjenengan namung nampi japa Hare Kṛṣṇa punika kemawon, mila wonten ing pungkasanipun sedayanipun badhe dipunpratelakaken dhateng panjenengan, lajeng panjenengan badhe mangertosi sesambetanipun kaliyan Kṛṣṇa.

Kawula ngaturaken matur sembah nuwun sanget amargi sampun sesarengan ngangsal-damelaken prayaan punika. Sakmenika mangga kawula sedaya nindakaken japa Hare Kṛṣṇa lan majeng kaliyan Jagannātha Swami. Hare Kṛṣṇa.