JV/Prabhupada 0085 - Budaya Seserepan Suraosipun Seserepan Rohani



Lecture on Sri Isopanisad, Mantra 9-10 -- Los Angeles, May 14, 1970

"Para priyantun wicaksana sampun mratelakaken dhateng kawula sedaya bilih wonten satunggaling pikantuk ingkang dipunangsalaken saking budaya seserepan, lajeng dipunpratelakaken ugi bilih pikantuk ingkang benten dipunangsalaken saking budaya kakirang-lantipan. Dados, kala wingenanipun kawula sampun mratelakaken, dumugi wates tartamtu, menggah ing menapa menika budaya kakirang-lantipan punika lan menapa budaya seserepan punika. Budaya seserepan suraosipun seserepan rohani. Punika ingkang sinebut seserepan ingkang sejati. Lan kamajengan seserepan ingkang dipuntujokaken kangge sekecanipun utawi kangge pangayoman dhateng salira material punika, punika ingkang sinebut minangka budaya kakirang-lantipan. Amargi senaos mekaten panjenengan ngiktiyar kangge ngayomi salira punika, lelampahan ingkang limrah saking salira punika panggah badhe kelampahan. Menapa menika? Janma-mṛtyu-jarā-vyādhi (BG 13.9). Panjenengan mboten badhe saged ngrahajengaken salira punika saking kalairan lan pejah ingkang makaping-kaping, lan saking lelara saha yuswa sepuh nalikanipun salira punika saweg maujud. Dados, para priyantun saweg ewed sanget ngrembakakaken seserepan menggah ing salira punika, senaos dene saben wekdal piyambakipun sedaya mirsani bilih salira punika saweg dados mindhak bubrah. Pejahipun salira sampun dipuntamtokaken nalikanipun salira punika dipunlairaken. Punika kasunyatanipun. Dados, panjenengan mboten saged ngendhegi lelampahan ingkang limrah saking salira punika. Panjenengan kedah ngadhepi prosesipun salira ingkang sinebut kalairan, pejah, yuswa sepuh lan lelara.

Dados, amargi menika Bhāgavata dhawuh, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke (SB 10.84.13). Salira punika dipundamel saking tiga unsur ingkang utami, inggih menika riyak, amperu lan hawa. Punika pratelan miturut Veda saha sistem anggenipun ngusadani Āyurveda Salira punika minangka satunggaling karung ingkang isenipun inggih menika riyak, amperu lan hawa. Nalika yuswa sampun sepuh, ideranipun hawa dados kathah alanganipun, amargi menika para priyantun sepuh dados kenging rematik saha kathah sanget lelara saking salira punika. Mila Bhāgavata dhawuh, "Satunggaling priyantun ingkang sampun nampi kempalanipun amperu, riyak lan hawa minangka sang dhiri, mila piyambakipun minangka satunggaling kemar utawi keledai. Sakleresipun, punika kasunyatanipun. Menawi kawula sedaya nampi kempalanipun amperu, riyak lan hawa minangka dhirinipun kawula sedaya piyambak ... Mila priyantun ingkang lantip, filsuf ingkang ageng, sarjana ingkang wasis sanget, menapa suraosipun bilih piyambakipun ugi minangka kempalanipun saking amperu, riyak lan hawa? Mboten. Punika minangka satunggaling kalepatan. Piyambakipun benten saking amperu punika, saking riyak punika lan ugi saking hawa punika. Piyambakipun minangka sang atma. Lan miturut karmanipun, piyambakipun ngetingalaken lan mujudaken bakat utawi gawan lairipun. Dados, piyambakipun sedaya mboten mangertosi karma punika, hukum karma punika. Saengga kenging menapa kawula sedaya saget manggihi kathah sanget kaprianggan ingkang benten-benten?