JV/Prabhupada 0088 - Para Sisya Ingkang Sampun Dados Anggota Kempalanipun Kawula Sedaya, Piyambakipun Sedaya Sampun Maringaken Panampian Lumantar Indria Talingan, Lumantar Mireng



Lecture on BG 7.1 -- San Diego, July 1, 1972

Brahmā ngendikan. Lelampahanipun Brahmā ... Piyambakipun minangka dumadi ingkang paling utami wonten nglebet jagad raya punika. Piyambakipun ngendikan bilih, "Nalikanipun satunggaling priyantun purun ngendhegaken pakulinan menggah ing ngangen-angen ..." Jñāne prayāsam udapāsya. Piyambakipun kedah dados andhap asor lan lembah manah. Satunggal priyantun kedahipun mboten ngatonaken kadosipun piyambakipun mangertosi sembarang perkawis, bilih piyambakipun saged nginten-nginten sembarang perkawis lan piyambakipun saged mujudaken sembarang perkawis. Sami kados dene piyambakipun sedaya ingkang sebatanipun kemawon para sarjana, piyambakipun sedaya namung sakderma nginten-nginten kemawon lan namung ngiktiyar ingkang tamanpa guna. Mboten wonten ingkang saged panjenengan tindakaken. sedayanipun sampun dipunrancang. Panjenengan mboten saged ngewahi. Panjenengan namung saged mangertosi kados pundi hukum saweg lumaksana, namung dumugi wates punika kemawon ingkang paling saged panjenengan tindakaken. Panejengan sanes namung mboten saged ngewahi hukum punika, nanging panjenengan malah ugi mboten saged ndamel sarana ingkang langkung sae kangge hukum punika. Mboten. Panjenengan mboten saged nindakaken perkawis punika. Daivī hy eṣā guṇamayī mama māyā duratyayā. (BG 7.14). Duratyayā suraosipun ewed sanget. Dados nalikanipun Caitanya Mahāprabhu dipunparingi pirsa menggah ing pratelanipun Brahmā punika, bilih satunggaling priyantun kedahipun ngendhegaken iktiyar kangge nginten-nginten, bilih piyambakipun badhe mujudaken sembarang perkawis ... Pakulinan ingkang asipat umuk-umukan punika kedah dipundhegaken. Piyambakipun kedah dados andhap asor lan lembah manah sanget. Langkung ngandhap saking saeler suket. Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya napakaken sampeyan wonten nginggilipun suket, suket punika mboten protes. "Inggih ndara, mangga." Ingkang kados mekaten minangka ingkang dipunwastani minangka andhap asor utawi lembah manah. Tṛṇād api sunīcena taror api sahiṣṇunā. Taru suraosipun wit-witan. Wit-witan punika sabar lan sareh sanget.

Mila Caitanya Mahāprabhu dhawuh, jñāne prayāsam udapāsya namanta eva ... "Utawa banjur kuwi, Aku nglereni proses ngira-ngira iki lan dadi luwih andhap asor, pada dene karo sing awakmu usulke. Banjur apa kuwajibanKu sakteruse?" Kuwajiban saklajengipun inggih menika, namanta eva. Dados andhap asor utawi lembah manah, san-mukharitāṁ bhavadīya-vārtām, kedahipun panjenengan nyelaki satunggaling priyantun ingkang minangka satunggaling panyembah, lan panjenengan kedah mireng saking piyambakipun. Sthāne sthitāḥ. Panjenenganpanggah wonten ing panggenanipun panjenengan. Panjenengan panggah minangka priyantun Amerika. Panjenengan panggah minangka priyantun India. Panjenengan panggah minangka priyantun Kristen. Panjenengan panggah minangka priyantun Hindu. Panjenengan panggah minangka priyantun ingkang kekulitanipun cemeng. Panjenengan panggah minangka priyantun ingkang kekulitanipun pethak. Panjenengan panggah minangka satunggaling priyantun estri, satunggaling priyantun kakung, menapa kemawon kawontenanipun panjenengan. Cekap namung kanthi mireng piwulang ingkang dipunparingaken dening para atma ingkang sampun insap. Perkawis punika dipunprayogekaken sanget. Lan nalikanipun panjenengan mireng, mila panjenengan ugi badhe ngangen-angen. Sami kados dene nalikanipun panjenengan saweg mirengaken kawula. Menawi panjenengan ngangen-angen. "Menapa ingkang dipundhawuhaken dening Swamiji ...?" Sthāne sthitāḥ śruti-gatāṁ tanu-vāṅ-manobhiḥ. Śruti-gatām. Śruti suraosipun nampi lumantar talingan. Menawi panjenengan ngangen-angen saha ngiktiyar kangge mangertosi sakwetahipun, mila sekedhik mbaka sekedhik panjenengan badhe ... Amargi angkahipun inggij menika kainsapan dhiri. Dados tembung "dhiri" wonten mriki dipuntujokaken kangge Sang Dhiri Ingkang Utami. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenenganipun minangka Sang Dhiri Ingkang Utami. Kawula sedaya minangka para bageyan pletikanipun ingkang mboten saged dipunuwalaken. Dados lumantar proses punika, Caitanya Mahāprabhu dhawuh, Gusti Pangeran, Ajita, Panjenenganipun ingkang mboten nate dipunkawonaken ... Menawi panjenengan ... Menawi panjenengan ngersakaken kangge mangertosi Gusti Pangeran kanthi cara sesumbar, mila panjenengan mboten badhe nate mangertosi. Gusti Pangeran mboten nate nampi tantangan. Amargi Gusti Pangeran punika linuwih sanget, lajeng kenging menapa Panjenenganipun kedah nampi tantangan panjenengan? Menawi panjenengan ngendikan, "Oh, Gusti Pangeran ingkang sae ati sanget, nyuwun keparengipun kangge rawuh mriki. Kawula ngersakaken kepanggih kaliyan Panjenengan," mila Gusti Pangeran sanes ingkang kados mekaten, bilih Panjenenganipun badhe nindakaken sedaya pitedah saking panjenengan. Malah panjenengan ingkang kedahipun nindakaken pitedahipun. Mila saklajengipun nembe kawula sedaya badhe nginsapi Gusti Pangeran. Gusti Pangeran dhawuh, "Pasrah dhiri," sarva-dharmān parityajya mām ekaṁ śaraṇaṁ vraja. (BG 18.66). Lumantar proses ingkang kados mekaten, mila panjenengan badhe nyinau menggah ing Gusti Pangeran. Sanes lumantar, "Oh, kawula ngersakaken tepang kaliyan Gusti Pangeran. Kawula punika lantip sanget, kawula nginten-nginten kados mekaten, kados mekaten." Mboten.

Dados lumantar mireng kados mekaten ... Kawula sedaya saweg ngrembag menggah ing mireng punika. Proses mireng punika wigati sanget. Sedayanipun gadhahan kawula sedaya, pakempalan punika, pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika, sampun sumebar amargi para sisya ingkang sampun ngempal kaliyan kawula sedaya, piyambakipun sedaya sampun maringaken panampian lumantar indria talingan, lumantar mireng. Kanthi mireng, sedayanipun ingkang wonten ing saklebeting dhiri piyambakipun sedaya dados ewah lan piyambakipun sedaya sampun ngempal kanthi setuhu lan ... Sedayanipun saweg lumaksana. Dados mireng punika wigati sanget. Kawula sedaya mbikak kathah sanget center namung kangge maringaken kalodhangan dhateng para priyantun kangge mirengaken dhawuh rohani punika. Dados panjenengan sedaya, mangga pendhet kalodhangan punika lajeng ginakaken, kersanipun kawula, pigunanipun proses mireng punika.