JV/Prabhupada 1063 - Nyuwun Punparingaken Dhateng Kawula Sedaya Kabebasan Saking Tandang Lan Tumanggapipun Sedaya Kridha
660219-20 - Lecture BG Introduction - New York
Paringaken Kagem Kawula Sedaya Kamardikan Ingkang Ngelangkungi Tandang Lan Tumanggap Saking Sedaya Laku Lan Kridha Sami ugi perkawisipun, ing salebetipun kagesangan kala punika, kawula sedaya nembe ngerahapi pamiyos saking laku lan kridha kawula sedaya piyambak-piyambak. Umpaminipun kawula minangka sawijining saudagar ingkang lantip lan sampun sengkud sanget makarya, lajeng kawula sampun ngempalaken arta ingkang kathah sanget. Mila semangkin kawula sampun dados tiyang ingkang nembe ngerahapi. Nanging sami mawon perkawisipun, umpaminipun kawula ngawiti pamarsudi kawula menika ndamel bandha pawitan ingkang kathah sanget, nanging pamarsudi kawulo menika mboten kasil. Mila sedaya arto kawula dados ical, lan kawula semangkin sampun dados tiyang ingkang wonten ing salebeting kerekaosan. Dados sami mawon perkawisipun, bilih ing salebetipun saben wewengkon saking kagesangan kawula sedaya, kawula sedaya menika ngerahapi pamiyos saking pakaryan kawula sedaya piyambak-piyambak. Punika ingkang dipunwastani minangka karma.
Dados sedaya babagan punika, īśvara, jīva, prakṛti, utawi Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, lajeng sedaya sagung dumadi, alam dunya material, kala ingkang langgeng kaliyan sedaya kridha kawula sedaya ingkang maneka warni, sedaya punika dipunandharaken ing selebetipun Bhagavad-gītā. Semangkin, saking gangsal babagan punika, inggih menika Gusti Pangeran, sagung dumadi, alam dunya material kaliyan kala, sekawan babagan punika sedaya gadhah sesipatan ingkang langgeng. Lajeng, wewujudan saking prakṛti punika mbok menawi kemawon nanging sauntawis sesipatanipun, nanging wewujudan punika senes wewujudan ingkang lancung. Wonten para filsuf ingkang atur priksa bilih wewujudan alam dunya material menika lancung, nanging miturut filsafat saking Bhagavad-gītā utawi miturut filsafatipun para Vaiṣṇava, piyambakipun mboten mrayogaaken pratela punika bilih wewujudan jagad raya menika lancung. Piyambakipun mrayogaaken bilih wewujudan menika inggih niyata, nanging sesipatanipun sauntawis kemawon. Babagan punika kados mega ingkang wonten ing antariksa nalika mangsa rendheng dipunawiti. Ing mangsa rendheng kawula sedaya saget mirsani bilih wonten kathah sanget tetuwuhan enggal ingkang warninipun ijem, medal saking sedaya lumahipun bumi. Lan nalika mangsa rendheng sampun purna, mila mega punika inggih ugi ical. Limrahipun, sedaya tetuwuhan menika bakal dados garing kemropok lan bumi punika bribah maleh dados cengkar. Dados sami perkawisipun, wewujudan material punika kelampahan ing salebetipun sawijining mangsa utawi kala ingkang sampun ditamtoaken dangunipun. Kawula sedaya saget mengertosi babagan punika lumantar kaca-kaca saking Bhagavad-gītā. Bhūtvā bhūtvā pralīyate (BG 8.19). Sedaya wewujudan menika dados negdab-edabi sanget ing salebetipun mangsa utawi kala ingkang dangunipun sampun ditamtoaken, lajeng piyambakipun ical maleh. Inggih mekaten menika dedamelanipun prakṛti. Nanging lumaksananipun perkawis punika langgeng sesipatanipun, amargi menika sesipatanipun prakṛti punika inggih langgeng. Perkawis punika ugi inggih sanes perkawis ingkang lancung, amargi Gusti Pangeran sampun mrayogaaken bilih, mama prakṛti, "prakṛtiKu." Apareyam itas tu viddhi me prakṛtiṁ parām (BG 7.5). Bhinnā prakṛti, bhinnā prakṛti, aparā prakṛti. Alam dunya material punika minangka energi ingkang uwal saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, lan sedaya sagung dumadi menika ugi inggih minangka energi saking Gust Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, nanging piyambakipun mboten nate uwal saking Panjenenganipun. Piyambakipun sanityasa sumambung langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Dados Gusti Pangeran, sedaya sagung dumadi, alam dunya material kaliyan kala, piyambakipun sedaya menika sesipatanipun kekal. Nanging perkawis inggkang setunggal punika, inggih menika karma, sesipatanipun mboten langgeng. Temahan saking karma utawi kridha punika mbokbilih kemawon sampun dangu sanget yuswanipun. Kawula sedaya semangkin nembe ngrekaosi utawi ngerahapi pamiyos saking laku utawi kridha kawula sedaya saking purwa kala, nanging kawula sedaya saget ngewahaken wusana saking karma utawi laku kawula sedaya. Babagan punika inggih gumantung marang kasampurnaan seserepan kawula sedaya. Mboten ringa-ringa maleh, kawula sedaya nembe ewed ing salebetuipun laku lan kridha ingkang maneka warni, nanging kawula sedaya mboten mangertosi laku kaliyan kridha kados menapa kemawon ingkang kedahipun kawula sedaya lumaksani, ingkang saget maringaken kamardikan ngelangkungi tandang lan tumanggap saking sedaya laku lan kridha datheng kawula sedaya. Perkawis punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.
Semangkin, kapinarakan saking Īśvara inggih menika minangka karumaosan ingkang utami. Kapinarakan saking Īśvara utawi Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos inggih menika minangka karumaosan ingkang utami. Lajeng sedaya jīva utawi sedaya sagung dumadi, amargi piyambakipun sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunsinjangaken saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila piyambakipun sedaya ugi gadah karumaosan. Sawijining dumadi punika ugi gadhah karumaosan. Sagung dumadi dipunandharaken minangka prakṛti utawi energi, lajeng alam dunya material ugi dipunandharaken minangka prakṛti, nanging antawis kalih-kalihipun, sawijining prakṛti ingkang dipunwastani minangka para jīva, piyambakipun gadhah karumaosan. Wondening prakṛti ingkang lintune mboten gadhah karumaosan. Punika bentenipun. Amargi menika jīva prakṛti dipunwastani minangka ingkang langkung nginggil amargi piyambakipun gadhah karumaosan ingkang sawarni kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran inggih menika minangka karumaosan ingkang utami. Sawijining priyantun kedahipun mboten mrayogaaken bilih sawijining jīva utawi dumadi ugi gadhah karumaosan ingkang utami. Sanes mekaten. Sawijining dumadi mboten saget gadhah karumaosan utami ing sedaya tataran saking kasampurnaan piyambakipun. Pratela punika minangka teori ingkang mlatrahaken. Pratela kados mekaten inggih minangka teori ingkang ngruwet-ruwetaken. Nanging inggih saestu piyambakipun gadhah karumaosan. Mekaten kemawon. Nanging piyambakipun mboten gadhah karumaosan ingkang utami.