JV/Prabhupada 0079 - Pangaos Sanes Kangge Kawula: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 0079 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1976 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
 
Line 9: Line 9:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 0078 - Cekap Namung Marsudi Kangge Mireng Kanthi Pitados|0078|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Kasuwur Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 0078 - Cekap Namung Marsudi Kangge Mireng Kanthi Pitados|0078|JV/Prabhupada 0080 - Kṛṣṇa Remen Sanget Dolanan Sareng Para Rencang Lare Kakungipun|0080}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->

Latest revision as of 17:43, 1 October 2020



Lecture on SB 1.7.6 -- Hyderabad, August 18, 1976

Sakmenika, para priyantun landa punika, piyambakipun sedaya sanes priyantun Hindu, sanes priyantun India lan ugi sanes para brāhmaṇa. Kadospundi piyambakipun saged nampi prinsip punika? Piyambakipun sedaya sanes para priyantun ingkang kirang lantip lan sanes para bajingan. Piyambakipun sedaya rawuh saking kulawargi ingkang kinurmatan lan kapunwucal kanthi sae. Dados, kawula ugi nggadhahi center-center wonten ing Iran. Wonten ing Teheran, kawula saweg wangsul saking mrika. Kawula nggadhahi kathah sanget para sisya saking kalangan Muslim, lan piyambakipun sedaya ugi nampi prinsip punika. Wonten ing Afrika, piyambakipun sedaya sampun nampi prinsip punika. Wonten ing Australia, piyambakipun sedaya ugi sampun nampi prinsip punika. Wonten ing sakindhenging jagad. Dados, punika ingkang minangka missi saking Caitanya Mahāprabhu.

pṛthivīte āche yata nagarādi grāma
sarvatra pracāra haibe mora nāma
(CB Antya-khaṇḍa 4.126)

Punika ingkang minangka jangka saking Gusti Pangeran Caitanya Mahāprabhu. Wonten ing sedaya kutha lan dhusun ingkang wonten ing sakindhenging jagad, pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika badhe sumebar. Dados pangaos punika sanes kangge kawula, nanging punika namung minangka satunggaling pamarsudi alit, satunggaling pamarsudi ingkang dipunluberi lembah manah Dados menawi satunggaling priyantun saged nindakaken, miturut istilahipun panjenengan, saged angsal damel, kenging menapa kawula sedaya mboten saged nindakaken perkawis ingkang sami punika? Caitanya Mahāprabhu sampun maringaken serat kuwaos dhateng sedaya priyantun India. Bhārata-bhūmite haila manuṣya-janma yāra (CC Adi 9.41). Panjenenganipun dhawuh perkawis punika dhateng para jalma, sanes dhateng para kucing lan para segawon. Dados, manuṣya-janma yāra janma sārthaka kari'. Wonten ing kawitanipun, iktiyaraken kangge mangertosi menapa pangangkahipun gesang punika. Punika dipunwastani minangka janma sārthaka. Janma sārthaka kari' kara para-upakāra. Mangga panjenengan miyos. Wonten pundi-pundi kathah sanget kabetahan dhateng kainsapan Kṛṣṇa.