JV/Prabhupada 0080 - Kṛṣṇa Remen Sanget Dolanan Sareng Para Rencang Lare Kakungipun



Lecture on CC Madhya-lila 21.13-49 -- New York, January 4, 1967

e-mata anyatra nāhi śuniye adbhuta
yāhāra śravaṇe citta haya avadhūta
'kṛṣṇa-vatsair asaṅkhyātaiḥ'-śukadeva-vāṇī
kṛṣṇa-saṅge kata gopa-saṅkhyā nāhi jāni
(CC Madhya 21.18-19)

Gopa. Kṛṣṇa, panjenengan pirsa, wonten ing panggenanipun, Panjenenganipun namung kados satunggaling lare kakung enem ingkang yuswanipun nembelas taun lan kridha utaminipun inggih menika ngangen lembu wonten ing pangenan sareng para rencangipun, para rencang kakungipun, lajeng dolanan sareng piyambakipun sedaya. Punika kridha utaminipun Kṛṣṇa saben siyang. Dados Śukadeva Gosvāmī sampun nyerat satunggaling sloka ingkang sae sanget, bilih para lare kakung ingkang saweg dolanan sareng Kṛṣṇa, piyambakipun sedaya sampun ngempalaken kathah sanget kridha-kridha ingkang soleh ing saklebetipun wekdal ingkang rumiyinipun. Kṛta-puṇya-puñjāḥ (SB 10.12.7-11). Sākaṁ vijahruḥ. Itthaṁ satāṁ brahma-sukhānubhūtyā. Sakmenika, Śukadeva Gosvāmī nyerat. Para lare kakung ingkang saweg dolanan sareng Kṛṣṇa punika, piyambakipun sedaya saweg dolanan sareng sinten? Piyambakipun sedaya saweg dolanan sareng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, ingkang dipunmastani mboten kagungan kaprianggan dening para resi agung. Itthaṁ satāṁ brahma ... Brahma-sukha. Brahma, kainsapan dhateng Brahman ingkang rohani. Sumberipun kainsapan dhateng Brahman punika wonten mriki, Kṛṣṇa. Dados, para lare kakung ingkang saweg dolanan sareng Krishna punika, Panjenenganipun minangka sumberipun kainsapan dhateng Brahman. Itthaṁ satāṁ brahma-sukhānubhūtyā dāsyaṁ gatānāṁ para-daivatena. Lan dāsyaṁ gatānām, piyambakipun sedaya ingkang sampun nampi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka bendara, ingkang suraosipun para panyembah, kangge piyambakipun sedaya Kṛṣṇa minangka Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Kangge para kaum impersonalis, Panjenenganipun minangka Brahman Ingkang Murbeng Wasesa, lan kangge para kaum personalis, Panjenenganipun minangka Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Lan māyāśritānāṁ nara-dārakeṇa. Lajeng kangge piyambakipun sedaya ingkang saweg kapitenggengan dening ngalam ndonya material, kangge piyambakipun sedaya Panjenenganipun namung minangka limrahipun satunggaling lare kakung. Māyāśritānāṁ nara-dārakeṇa sākaṁ vijahruḥ kṛta-puṇya-puñjāḥ (SB 10.12.7-11). Sesarengan kaliyan Panjenenganipun, para lare kakung ingkang sampun ngempalaken mayuta-yuta kalairan ing saklebetipun kridha-kridha ingkang soleh, mila sakmenika piyambakipun sedaya ngangsalaken kalodhangan kangge dolanan sareng Panjenenganipun, adhep-adhepan sami kados dene limrahipun para lare alit ingkang saweg dolanan. Dados sami kados dene, Kṛṣṇa remen sanget dolanan sareng para rencang lare kakungipun. Punika dipunandharaken ing saklebetipun Brahma-saṁhitā. Surabhīr abhipālayantam, lakṣmī-sahasra-śata-sambhrama-sevyamānam (Bs. 5.29). Saklajengipun perkawis-perkawis punika ugi dipunandharaken wonten mriki.

eka eka gopa kare ye vatsa cāraṇa
koṭi, arbuda, śaṇkha, padma, tāhāra gaṇana
(CC Madhya 21.20)

Sakmenika, wonten kathah sanget rencangipun, para lare angen lembu, ingkang mboten wonten satunggal priyantunpun saged ngetang wilanganipun. Mboten wonten satunggal priyantunpun .... Tanpa wilangan, sedayanipun tanpa wilangan. Piyambakipun sedaya nggadhahi lembu ingkang kathahipun tanpa wilangan, wonten para rencang kakung ingkang kathahipun tanpa wilangan, sedayanjpun tanpa wilangan.

vetra, veṇu dala, śṛṅga, vastra, alaṅkāra,
gopa-gaṇera yata, tāra nāhi lekhā-pāra
(CC Madhya 21.21)

Sakmenika, para lare angen lembu punika, piyambakipun sedaya nyepeng setunggal dandha wonteng ing hastanipun, vetra. Lan piyambakipun sedaya piyambak-piyambak ugi nggadhahi setunggal suling. Vetra veṇu dala. Lan setunggal sekar tunjung kaliyan setunggal śṛṅgara utawi trompet. Śṛṅgara vastra, lan piyambakipun sedaya ngagem busana lan pangganggon ingkang sae sanget. Sami kados Kṛṣṇa ingkang ngagem busana lan panganggon ingkang sae sanget, para rencangipun, para lare angen kakung, piyambakipun sedaya ugi ngagem busana lan panganggon ingkang sae sanget. Nalikanipun panjenengan tindhak menyang ngalam ndonya rohani, mila panjenengan mboten badhe mangertosi sinten Kṛṣṇa lan sinten ingkang sanes Kṛṣṇa. Saben priyantun sami kados Kṛṣṇa. Sami kados dene, wonten ing planet Vaikuṇṭha, saben priyantun sami kados Viṣṇu. Punika dipunwastani minangka sarupya-mukti. Sagung dumadi, nalikanipun piyambakipun sedaya mlebet dhateng planet rohani, piyambakipun dados sami saenipun kados Kṛṣṇa lan Viṣṇu - mboten wonten bentenipun - amargi punika minangka ngalam ndonya ingkang tanpa wates. Kados mekaten bentenipun. Para kaum impersonalis, piyambakipun sedaya mboten saged mangertosi bilih wonten ing saklebetipun kapiyambakan mboten wenten bentenipun. Saknalikanipun piyambakipun sedaya menggalih menggah ing kapiyambakan, oh, piyambakipun sedaya menggalih bilih wonten bentenipun. Lan menapa malih kamardhikan? Inggih. Namung, sakleresipun mboten wonten bentenipun. Bentenipun namung bilih Kaprianggan Kṛṣṇa lan kaprianggan priyantun lintunipun, piyambakipun sedaya insap bilih, "Kṛṣṇa punika minangka obyek saking tresna asihipun kawula sedaya." Punika kemawon. Ingkang dados panceripun inggih menika Kṛṣṇa. Kanthi mekaten, para lare kakung lan para lare estri, sesarengan kaliyan Kṛṣṇa, sedayanipun saweg ngrahapi karaharjan rohani.