JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Kasuwur Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda

Revision as of 03:16, 3 May 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1057 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Prabhupāda:

oṁ ajñāna-timirāndhasya
jñānāñjana-śalākayā
cakṣur unmīlitaṁ yena
tasmai śrī-gurave namaḥ

(Kawula mangestupada dhateng guru kerohanen kawula, ingkang ngagem cayaning suluh seserepan sampun mbikakaken soca kawula, ingkang mboten saget mirsani amargi wonten ing sajroning lelimengan saking kamudha-daman.)

śrī-caitanya-mano-'bhīṣṭaṁ
sthāpitaṁ yena bhū-tale
svayaṁ rūpaḥ kadā mahyaṁ
dadāti sva-padāntikam

(Benjang menapa Śrīla Rūpa Gosvāmī Prabhupāda, ingkang sampun njumenengaken ing ngalam donya menika, karya kagem ndumugeaken kersanipun Śrī Caitanya, maringaken dhateng kawula pangayoman ing ngandhap ampeyan piyambakipun?)

vande 'haṁ śrī-guroḥ śrī-yuta-pada-kamalaṁ śrī-gurūn vaiṣṇavāṁś ca
śrī-rūpaṁ sāgrajātaṁ saha-gaṇa-raghunāthānvitaṁ taṁ sa-jīvam
sādvaitaṁ sāvadhūtaṁ parijana-sahitaṁ kṛṣṇa-caitanya-devaṁ
śrī-rādhā-kṛṣṇa-pādān saha-gaṇa-lalitā-śrī-viśākhānvitāṁś ca

(Kawula mangestupada ing ngandhap ampeyanipun guru karohanen kawula lan ing ngandhap ampeyanipun para guru karohanen sedanten ingkang wonten sajroning galer paguronan pangladosan bhakti. Kawula mangestupada dhateng para Vaiṣṇava sedanten lan dhateng Enem Gosvāmī, ingkang sumahab Śrīla Rūpa Gosvāmī, Śrīla Sanātana Gosvāmī, Raghunātha dāsa Gosvāmī, Jīva Gosvāmī kaliyan para rencang piyambakipun sedanten. Kawula mangestupada dhateng Śrī Advaita Ācārya Prabhu, Śrī Nityānanda Prabhu, Śrī Caitanya Mahāprabhu kaliyan para rencang Piyambakipun sedanten ingkang dipunpangagengi dening Śrīvāsa Ṭhākura. Lajeng kawulo mangestupada ing ngandhap ampeyanipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Śrīmatī Rādhārāṇī lan para gopī sedanten, ingkang dipunpangagengi dening Lalitā lan Viśākhā.)

he kṛṣṇa karuṇā-sindho
dīna-bandho jagat-pate
gopeśa gopikā-kānta
rādhā-kānta namo 'stu te

(O Śrī Kṛṣṇa pepundenipun kawula, Panjenengan menika rencang kagem para tiyang ingkang wonten ing sajroning pangrekaosan, lan Panjenengan menika sumber saking sedanten reriptan. Panjenengan menika bendara kagem para gopa sedanten lan Panjenengan menika katresnanipun para gopī, utamanipun Rādhārāṇī. Kawula mangestupada dhateng Panjenengan.)

tapta-kāñcana-gaurāṅgi
rādhe vṛndāvaneśvari
vṛṣabhānu-sute devi
praṇamāmi hari-priye

(Kawula mangestupada dhateng Rādhārāṇī, ingkang werni saliranipun sami kados emas cuwer, lan ingkang ngerupiaken Parameswari ing Vṛndāvana. Panjenengnan menika puterinipun Maharaja Vṛṣabhānu, lan Panjenengan menika ingkang ditresnani sanget dening Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa.)

vāñchā-kalpatarubhyaś ca
kṛpā-sindhubhya eva ca
patitānāṁ pāvanebhyo
vaiṣṇavebhyo namo namaḥ

(Kawulo mangestupada dhateng para Vaiṣṇava sedanten, ingkang dados panyembah Gusti Pangean. Piyambakipun saget maringaken kekajengan para tiyang sedanten, sami kados wit kalpavṛkṣa, wit ingkang saget maringaken sedanten kekajengan, lan piyambakipun sanityasa munjung-munjung welas asihipun datheng para sukma ingkang sampun dhawah.)

śrī-kṛṣṇa-caitanya
prabhu-nityānanda
śrī-advaita gadādhara
śrīvāsādi-gaura-bhakta-vṛnda

(Kawula mangestupada dhateng Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Caitanya, Prabhu Nityānanda, Śrī Advaita, Gadādhara, Śrīvāsa kaliyan sedanten para panyembah Gusti Pangeran Śrī Caitanya.)

hare kṛṣṇa hare kṛṣṇa kṛṣṇa kṛṣṇa hare hare
hare rāma hare rāma rāma rāma hare hare

(O Gusti Pangeran pepundhenipun kawula, O daya kerohanen Gusti Pangeran, kawula nyuwun kersanipun sanityasa dipundherekaken ing sajroning pangladhosan bhakti datheng Panjenengan. Kala meniko kawula nembe ewed lan libed ing sajroning pangladhosan dhateng ngalam donya meniki. Kawula nyuwun dhateng Panjenengan mugi kawula dipunparingaken kersanipun sanityasa dipundherekaken ing sajroning pangladhosan bhakti dhateng Panjenengan.)

Tembung Pambikak ing Gītopaniṣad dening A.C. Bhaktivedanta Swami, panyerat pustaka Śrīmad-Bhāgavatam, Margi Ingkang Gampil Dhateng Planet Lintune, editor kalawarta Wangsul Dhateng Gusti Pageran, lan pustaka ingkang lintune.

Bhagavad-gītā ugi dipuntepang dados Gītopaniṣad, underan saking seserepan Veda, lan ingkang ngerupiaken salah sawijining pustaka ingkang paling wigatos saking Upaniṣad-Upaniṣad ingkang wonten salebetipun kasusastran Veda. Wonten katah suraos-suraos perkawis Bhagavad-gītā ing basa Inggris lan kenging menapa dipunbetahaken kawontenanipun suraos ingkang lintune saking Bhagavad-gītā ing basa Inggris, saget diwedharaken kados ing ngandhap meniki. Setunggal priyantun setri saking Amerika, Ibu Charlotte Le Blanc, nyuwun dhateng kawula kersanipun kawula mrayogaaken dhateng piyambakipun setunggal Bhagavad-gītā ing basa Inggris ingkang saget dipunwaos kaliyan piyambakipun. Mesthi kemawon, ing Amerika wonten kathah sanget suraos Bhagavad-gītā ing basa Inggris, nanging kawulo semerap menawi suraos ingkang kados mekaten sanes wonten kathah ing Amerika kemawon, nanging inggih ugi wonten kathah ing India, nanging mboten wonten sawijining suraos-suraos meniko ingkang saget dipunwastani dados suraos ingkang gadhah kuwaos, amargi meh sedanten suraos-suraos Bhagavad-gītā menika ngajengaken wohing pamikir saking panyeratipun piyambak-piyambak lumantar suraos saking Bhagavad-gītā nanging sepi ing angliptaning sukma saking Bhagavad-gītā miturut sejatosipun.

Sukma Bhagavad-gītā dipunwastani ing sajroning Bhagavad-gītā menika piyambak, ingkang saget diandharake kados ing ngandhap niki. Menawi kawula sedanten ajeng ngunjuk sawernane jampi, milo kawula sedaya kedhah dherek pituduh ingkang kaserat ing wedharan saking jampi menika. Kawulo sedanten mboten saget ngunjuk jampi menika sakersanipun kawulo sedanten piyambak utowo miturut pituduh saking rencang lintune, nanging kawulo sedanten kedah ngunjuk jampi meniko miturut pituduh ingkang sampun dipunserat ing botolipun jampi meniko lan kedah miturut pituduh ingkang sampun diparingaken kaliyan dokter. Mekaten ugi, Bhagavad-gītā kedah dipunpendhet utawi dipuntampi miturut sejatosipun, sami kalian ingkang sampun dipunpurugaken kaliyan Gusti Pangeran ingkang sanjang piyambak.