JV/Prabhupada 1058 - Ingkang Dhawuh Bhagavad-gītā Inggih Menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa

Revision as of 08:08, 3 May 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1058 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ingkang ngunandika Bhagavad-gītā inggih menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa. Piyambakipun dipunwastani ing sajroning kaca saking Bhagavad-gītā minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuawos, Bhagavān. Mesthi kemawon, sebatan "bhagavān" kadang kawis katujoaken dhateng para tiyang utawi para dewa ingkang dahat kuwaos, nanging ing nginggil menika sebatan "bhagavān" mesthi kemawon katujoaken dhateng Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Kaprianggan Ingkang Dahat Minulya, nanging ring kala menika ugi kawulo sedanten kedah mangertos perkawis Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa menika, sami kaliyan perkawis Piyambakipun ingkang sampun diandharaken kaliyan para ācārya sedanten ... Ingkang dipunkersaaken inggih menika Śaṅkarācārya, Rāmānujācārya, Madhvācārya, Nimbārka Svāmī lan Śrī Caitanya Mahāprabhu kaliyan kathah ingkang lintunipun. Ing India kala meniko wonten kathah sanget sarjana lan ācārya, ingkang gadhah kuwaos perkawis seserepan Veda. Piyambakipun sedanten, ugi Śaṅkarācārya, sampun nampi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Gusti Pangeran piyambak ugi sampun njumenengaken Piyambakipun minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos ing sajroning Bhagavad-gītā. Piyambakipun ugi ditampi kados ngaten ing sajroning Brahmā-saṁhitā lan ing sajroning sedanten Purāṇa, utamanipun ing sajroning Bhāgavata Purāṇa : kṛṣṇas tu bhagavān svayam (SB 1.3.28). Milo amargi meniko kawulo sedanten kedah nampi Bhagavad-gītā miturut sejatosipun, sami kaliyan sampun ingkang dipunandharaken kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos piyambak.

Dados ing salebeting Parwa Kaping Papat saking Bhagavad-gītā, Gusti Pangeran ngendika :

imaṁ vivasvate yogaṁ
proktavān aham avyayam
vivasvān manave prāha
manur ikṣvākave 'bravīt
(BG 4.1)
evaṁ paramparā-prāptam
imaṁ rājarṣayo viduḥ
sa kāleneha mahatā
yogo naṣṭaḥ parantapa
(BG 4.2)
sa evāyaṁ mayā te 'dya
yogaḥ proktaḥ purātanaḥ
bhakto 'si me sakhā ceti
rahasyaṁ hy etad uttamam
(BG 4.3)

Ingkang dipunkersaaken inggih menika .... Gusti Pangeran ngendikan datheng Arjuna bilih, "Yoga iki, tata cara yoga iki, Bhagavad-gītā, wes Aku omongke dhewe kawitan menyang dewa srengenge lan dewa srengenge nerangke menyang Manu. Manu nerangke menyang Ikṣvāku, lan ngeliwati ikhtiar iku, ngeliwati garis paguronan, seka siji wong menyang wong sabanjure, tata cara yoga iki ditedhunake, lan sawise sawetara wektu, tata cara ini saiki wis ilang. Mergo bab kui, Aku saiki ngucapne meneh tata cara yoga sing padha iki menyang sampeyan, tata cara yoga Bhagavad-gītā sing padha lan sing wis tuwo, utawa sing kasebut minangka Gītopaniṣad. Amarga sampeyan iku panyembahKu lan sampeyan iku uga mitraKu, mula amung sampeyan wae sing kirane bisa mangerteni."

Kala menika andharanipun inggih menika bilih Bhagavad-gītā minangka sawijining kasusastran ingkang katujoaken para panyembah Gusti Pangeran. Wonten tigo kempalan para tiyang ingkang madosi Gusti Pangeran, ingkang sumahab para jñānī, yogī lan bhakta. Utawi ingkang dipunwastani para impersonalis, para meditator lan para panyembah. Dados andharanipun meniko sampun kawestara sanget. Gusti Pangeran ngendikan datheng Arjuna bilih, "Aku ngalantarake menyang sampeyan utawi Aku ndadekake sampeyan minangka kawitan ing paramparā (galer paguronan). Amarga paramparā utawa galer paguronan sing lawas saiki wis pedhot, mulane Aku arep ngedegake paramparā sing liane meneh sing bakuning dedungkapane padha karo sing wis ditedhunake seka dewa srengenge menyang sing liyane. Dadi sampeyan tampani banjur sampeyan sebarake. Utawa tata cara iki, tata cara yoga Bhagavad-gītā iki saiki pareng disebarke ngeliwati sampeyan. Sampeyan wis dadi sing nduweni kuwasa perkara Bhagavad-gītā." Dados menika wau pituduh bilih Bhagavad-gītā mligi dipunpituduhaken dhateng Arjuna, sang panyembah Gusti Pangeran, ingkang dados sisyaipun Kṛṣṇa. Lajeng sanes menika kemawon, piyambakipun sumambung raket sanget minangka rencangipun Kṛṣṇa. Amargi menika Bhagavad-gītā namung saget dipunmagertosi kaliyan tiyang ingkang gadhah bebuden ingkang sami kaliyan Kṛṣṇa. Dados piyambakipun kedah ngerupiaken sawijining panyembah, lan piyambakipun kedah wonten ing sajroning kawontenan ingkang sumambung langsung kaliyan Gusti Pangeran.

+++