JV/Prabhupada 1059 - Saben Tiyang Kagungan Satunggaling Sesambetan Mligi Kaliyan Gusti Pangeran: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1059 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1058 - Ingkang Ngunandika Bhagavad-gītā Inggih Menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa|1058|JV/Prabhupada 1060 - Kecuali Jika Seseorang Menerima Bhagavad-gītā Ini Dengan Tunduk Hati|1060}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1058 - Ingkang Dhawuh Bhagavad-gītā Inggih Menika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa|1058|JV/Prabhupada 1060 - Kejawi Menawi Satunggaling Priyantun Nampi Bhagavad-gītā Punika Kanthi Legawa ...|1060}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:

<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|Rx0rekpSrJ8|Saben Tiyang Kagungan Sawijining Kawontenan Ingkang Sumambung Mligi Kaliyan Gusti Pangeran<br />- Prabhupāda 1059}}
{{youtube_right|EiC8jI0PX1U|Saben Tiyang Kagungan Satunggaling Sesambetan Mligi Kaliyan Gusti Pangeran<br />- Prabhupāda 1059}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->

Line 33: Line 33:

<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Sasampunipun priyantun menika dados panyembah Gusti Pangeran, mila piyambakipun dados kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung langsung kaliyan Gusti Pangeran. Prekara punika minangka sawijining bakuning rembagan ingkang ngandhar-andhar sanget, nanging ringkesipun saget dipungendikakaken bilih sawijining panyembah Gusti Pangeran wonten ing salebetipun kawontenan ingkang sumambung kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos lumantar gangsal rupi lelampahan. Piyambakipun saget dados sawijining panyembah ing kawontenan ingkang pasif, piyambakipun saget dados sawijining panyembah ing kawontenan ingkang aktif, piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados mitra, piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados rama-ibu, lan piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados kang kinasih.  
Sasampunipun satunggaling priyantun dados satunggaling panyembah Gusti Pangeran, piyambakipun kagungan sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran. Babagan punika minangka satunggaling sarining rembagan ingkang ngrembaka sanget, nanging ringkesipun saget dipunpratelaaken bilih satunggaling panyembah Gusti Pangeran wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar gangsal rupi kupiya. Satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang pasif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang aktif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados mitra, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados rama-ibu, lan satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados kang kinasih.  

Arjuna menika sawijining panyembah ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran minangka sawijining mitra. Gusti Pangeran menika saget dados mitra. Mesthi kemawon, ing kamitran ingkang kados ngaten kaliyan kamitran kagungan kita sedaya ing dunyo ingkang mboten langgeng menika, bentenipun inggih kathah lan ageng sanget. Kamitran ingkang menika inggih minangka kamitran rohani ingkang mboten samukawis tiyang saget kagungan kawontenan ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran kados menika. Saben tiyang kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung mligi kaliyan Gusti Pangeran lan kawontenan ingkang sumambung mligi menika dipunrentegaken lumantar kasampurnan pangladhosan bhakti. Ing lebetipun gesang kita kala punika, kita mboten kemawon sampun ngesupenaken Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, nanging kito ugi sampun ngesupenaken kawontenan ingkang sumambung kagungan kita ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Sagung dumadi, saking mayuta-yuta ingkang dumadi, piyambakipun kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung mligi ingkang langgeng piyambak-piyambak kaliyan Gusti Pangeran. Kawontenan ingkang sumambung mligi menika dipunsetani minangka svarūpa. Svarūpa. Lan lumantar tumindak pangladhosan bhakti, piyambakipun saged nggesangaken melih svarūpanipun piyambak-piyambak. Ugi tataran gegayuhan kados menika dipunsetani minangka svarūpa-siddhi, inggih menika kasampurnan saking kalenggahan dhasar piyambakipun. Dados Arjuna menika sawijining panyembah, lan piyambakipun sumambung kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dhahat Kuwaos lumantar lelampahan kamitran.  
Dados Arjuna menika satunggaling panyembah ing salebetipun sesambetan kaliyan Gusti Pangeran minangka satunggaling mitra. Gusti Pangeran saget dados satunggaling mitra. Tamtu kemawon, ing antawisipun memitran ingkang kados mekaten kaliyan memitran ingkang dipungadhahi kawula sedaya ing ngalam donya ingkang mboten langgeng menika, wonten bentenipun ingkang ageng sanget. Menika satunggaling memitran rohani ingkang ... mboten saben tiyang saget nggadhahi sesambetan kados menika kaliyan Gusti Pangeran. Saben tiyang nggadhahi satunggaling sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran lan sesambetan mligi menika dipunwungoaken lumantar kasampurnan paladhosan bhakti. Ing salebetipun gesang kawula sedaya sapunika, kawula sedaya mboten kemawon sampun nyupekaken Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, nanging kawula sedaya ugi sampun nyupekaken sesambetan langgeng kawula sedaya kaliyan Gusti Pangeran. Saben sagung dumadi, saking mayuta-yuta dumadi, piyambakipun nggadhahi satunggaling sesambetan mligi ingkang langgeng piyambak-piyambak kaliyan Gusti Pangeran. Sesambetan mligi menika dipunwastani minangka svarūpa. Svarūpa. Lan lumantar proses paladhosan bhakti, piyambakipun saget nggesangaken malih svarūpanipun piyambak-piyambak. Lan tataran gegayuhan kados menika dipunsebat minangka svarūpa-siddhi, inggih menika kasampurnan saking kalenggahan dhasar piyambakipun. Dados Arjuna menika satunggaling panyembah, lan piyambakipun nyambet kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar kupiya memitran.  

Kala punika, Bhagavad-gītā menika dipunandharaken dhateng Arjuna. Lajeng kados pundi Arjuna nampi andharan punika? Prekara punika inggih ugi kedhah dipuncathet. Kados pundi Arjuna nampi Bhagavad-gītā menika inggih dipunsetani ing Parwa Kaping Sedasa.  
Sapunika, Bhagavad-gītā menika dipunandharaken dhateng Arjuna. Lajeng kados pundi Arjuna nampi andharan punika? Bab menika inggih ugi kedhah dipunserat. Kados pundi Arjuna nampi Bhagavad-gītā dipunsebat ing Parwa Kaping Sedasa. Inggih menika :

<div class="quote_verse">
<div class="quote_verse">
Line 52: Line 52:
:asito devalo vyāsaḥ
:asito devalo vyāsaḥ
:svayaṁ caiva bravīṣi me
:svayaṁ caiva bravīṣi me
:([[Vanisource:BG 10.12-13|BG 10.12-13]])
:([[Vanisource:BG 10.12-13 (1972)|BG 10.12-13]])
</div>
</div>

Line 60: Line 60:
:na hi te bhagavan vyaktiṁ
:na hi te bhagavan vyaktiṁ
:vidur devā na dānavāḥ.
:vidur devā na dānavāḥ.
:([[Vanisource:BG 10.14|BG 10.14]])
:([[Vanisource:BG 10.14 (1972)|BG 10.14]])
</div>
</div>

Inggih menika : arjuna uvāca paraṁ brahma paraṁ dhāma pavitraṁ paramaṁ bhavān puruṣaṁ śāśvataṁ divyam ādi-devam ajaṁ vibhum (BG 10.12). Ahus tvām ṛṣayaḥ sarve devarṣir nāradas tathā asito devalo vyāsaḥ svayaṁ caiva bravīṣi me (BG 10.13). Sarvam etad ṛtaṁ manye yan māṁ vadasi keśava na hi te bhagavan vyaktiṁ vidur devā na dānavāḥ. (BG 10.14). Kala punika Arjuna ngendika, sesampunipun mirengaken Bhagavad-gītā saking Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, piyambakipun nampi Kṛṣṇa minangka paraṁ brahma, Brahman Ingkang Utami. Brahman. Sagung dumadi sedaya menika Brahman, nanging sagung dumadi ingkang utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos menika Brahman Ingkang Utami utawi sagung dumadi ingkang utami. Ugi paraṁ dhāma. Paraṁ dhāma wigatosipun inggih menika Piyambakipun ingkang dados pasendhean utami kagem sedayanipun ingkang dumadi. Ugi pavitram. Pavitram menika wigatosipun inggih Piyambakipun ingkang suci nirmala saking sedaya karegetan. Lan Piyambakipun ugi dipunsetani minangka puruṣam. Puruṣam menika wigatosipun inggih menika Sang Ngrasika Ingkang Utami, śāśvatam, śāśvata wigatosipun ingkang dados kawitan utawi purwaka. Piyambakipun menika Kaprianggan Ingkang Dados Kawitan; divyam, rohani; devam, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos; ajam, mboten dipunlairaken; vibhum, ingkang dahat minulya.  
Sapunika Arjuna matur, sesampunipun mirengaken Bhagavad-gītā saking Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, piyambakipun nampi Kṛṣṇa minangka paraṁ brahma, Brahman Ingkang Utami. Brahman. Saben dumadi inggih menika Brahman, nanging dumadi ingkang utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa menika Brahman Ingkang Utami utawi dumadi ingkang utami. Ugi paraṁ dhāma. Paraṁ dhāma suraosipun bilih Panjenenganipun ingkang dados papan sendhean utami saking samukawis. Lajeng pavitram. Pavitram suraosipun bilih Panjenenganipun ingkang suci nirmala saking sedaya cemer. Lan Panjenenganipun ugi dipunwastani minangka puruṣam. Puruṣam suraosipun inggih menika Ingkang Ngrahapi Paling Utami, śāśvatam, śāśvata suraosipun ingkang dados kawitan. Panjenenganipun Kaprianggan Ingkang Dados Kawitan; divyam, rohani; devam, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa; ajam, mboten dipunlairaken; vibhum, ingkang dahat minulya.  

Kala punika mbok menawi wonten kemawon tiyang ingkang ringa-ringa bilih Kṛṣṇa menika mitra Arjuna, amargi menika piyambakipun mbok menawi bakal ngendikan sedaya prakara punika dhateng mitra piyambakipun. Nanging Arjuna, ing salebetipun budidaya kagem ngicalaken karinga-ringan punika saking salebetipun manah sedaya para pamaos Bhagavad-gītā, mila piyambakipun ndamel rumusan lumantar sedaya piyambakipun ingkang kagungan kawisesan. Arjuna ngendika bilih Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos sanes kaliyan piyambakipun, Arjuna, kemawon, nanging Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi kados mekaten inggih ugi kaliyan para priyantun ingkang kagungan kawisesan kados Nārada, Asita, Devala, Vyāsa. Para kaprianggan punika dados para kaprianggan utami ing budidaya panyebaran seserepan Veda. Piyambakipun sedaya dipuntampi kaliyan sedaya para ācārya. Amargi menika Arjuna ngendika bilih, "Menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken dhateng kawula, kawulo nampi sedaya menika minangka sawijining kasampurnan ingkang paripurna."  
Sapunika, mbok menawi wonten kemawon tiyang ingkang mangu-mangu bilih amargi Kṛṣṇa menika mitra Arjuna, mila mbok menawi piyambakipun badhe nyariosaken sedaya perkawis punika dhateng mitranipun. Nanging Arjuna, ing salebetipun budidaya kagem ngicalaken mangu-mangunipun saking pamikiran para pamaos Bhagavad-gītā, mila piyambakipun ndamel rumusan lumantar para ācārya ingkang kagungan kawisesan. Arjuna matur bilih Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa sanes kaliyan piyambakipun, Arjuna, kemawon, nanging Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi kados mekaten inggih ugi kaliyan para kaprianggan ingkang kagungan kawisesan kados Nārada, Asita, Devala, Vyāsa. Para kaprianggan punika minangka para kaprianggan utami ingkang nyebaraken seserepan Veda. Piyambakipun sedaya dipuntampi kaliyan sedaya ācārya. Amargi menika Arjuna matur bilih, "Menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken dhateng kawula, kawula nampi sedaya menika minangka satunggaling kasampurnan ingkang wetah."  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 04:08, 12 July 2019

660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sasampunipun satunggaling priyantun dados satunggaling panyembah Gusti Pangeran, piyambakipun kagungan sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran. Babagan punika minangka satunggaling sarining rembagan ingkang ngrembaka sanget, nanging ringkesipun saget dipunpratelaaken bilih satunggaling panyembah Gusti Pangeran wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar gangsal rupi kupiya. Satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang pasif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah ing kawontenan ingkang aktif, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados mitra, satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados rama-ibu, lan satunggaling priyantun saget dados satunggaling panyembah lumantar dados kang kinasih.

Dados Arjuna menika satunggaling panyembah ing salebetipun sesambetan kaliyan Gusti Pangeran minangka satunggaling mitra. Gusti Pangeran saget dados satunggaling mitra. Tamtu kemawon, ing antawisipun memitran ingkang kados mekaten kaliyan memitran ingkang dipungadhahi kawula sedaya ing ngalam donya ingkang mboten langgeng menika, wonten bentenipun ingkang ageng sanget. Menika satunggaling memitran rohani ingkang ... mboten saben tiyang saget nggadhahi sesambetan kados menika kaliyan Gusti Pangeran. Saben tiyang nggadhahi satunggaling sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran lan sesambetan mligi menika dipunwungoaken lumantar kasampurnan paladhosan bhakti. Ing salebetipun gesang kawula sedaya sapunika, kawula sedaya mboten kemawon sampun nyupekaken Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, nanging kawula sedaya ugi sampun nyupekaken sesambetan langgeng kawula sedaya kaliyan Gusti Pangeran. Saben sagung dumadi, saking mayuta-yuta dumadi, piyambakipun nggadhahi satunggaling sesambetan mligi ingkang langgeng piyambak-piyambak kaliyan Gusti Pangeran. Sesambetan mligi menika dipunwastani minangka svarūpa. Svarūpa. Lan lumantar proses paladhosan bhakti, piyambakipun saget nggesangaken malih svarūpanipun piyambak-piyambak. Lan tataran gegayuhan kados menika dipunsebat minangka svarūpa-siddhi, inggih menika kasampurnan saking kalenggahan dhasar piyambakipun. Dados Arjuna menika satunggaling panyembah, lan piyambakipun nyambet kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lumantar kupiya memitran.

Sapunika, Bhagavad-gītā menika dipunandharaken dhateng Arjuna. Lajeng kados pundi Arjuna nampi andharan punika? Bab menika inggih ugi kedhah dipunserat. Kados pundi Arjuna nampi Bhagavad-gītā dipunsebat ing Parwa Kaping Sedasa. Inggih menika :

arjuna uvāca
paraṁ brahma paraṁ dhāma
pavitraṁ paramaṁ bhavān
puruṣaṁ śāśvataṁ divyam
ādi-devam ajaṁ vibhum
āhus tvām ṛṣayaḥ sarve
devarṣir nāradas tathā
asito devalo vyāsaḥ
svayaṁ caiva bravīṣi me
(BG 10.12-13)
sarvam etad ṛtaṁ manye
yan māṁ vadasi keśava
na hi te bhagavan vyaktiṁ
vidur devā na dānavāḥ.
(BG 10.14)