JV/Prabhupada 1059 - Saben Tiyang Kagungan Satunggaling Sesambetan Mligi Kaliyan Gusti Pangeran

Revision as of 03:15, 12 May 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1059 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sasampunipun priyantun menika dados panyembah Gusti Pangeran, mila piyambakipun dados kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung langsung kaliyan Gusti Pangeran. Prekara punika minangka sawijining bakuning rembagan ingkang ngandhar-andhar sanget, nanging ringkesipun saget dipungendikakaken bilih sawijining panyembah Gusti Pangeran wonten ing salebetipun kawontenan ingkang sumambung kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos lumantar gangsal rupi lelampahan. Piyambakipun saget dados sawijining panyembah ing kawontenan ingkang pasif, piyambakipun saget dados sawijining panyembah ing kawontenan ingkang aktif, piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados mitra, piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados rama-ibu, lan piyambakipun saget dados sawijining panyembah krana dados kang kinasih.

Arjuna menika sawijining panyembah ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran minangka sawijining mitra. Gusti Pangeran menika saget dados mitra. Mesthi kemawon, ing kamitran ingkang kados ngaten kaliyan kamitran kagungan kita sedaya ing dunyo ingkang mboten langgeng menika, bentenipun inggih kathah lan ageng sanget. Kamitran ingkang menika inggih minangka kamitran rohani ingkang mboten samukawis tiyang saget kagungan kawontenan ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran kados menika. Saben tiyang kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung mligi kaliyan Gusti Pangeran lan kawontenan ingkang sumambung mligi menika dipunrentegaken lumantar kasampurnan pangladhosan bhakti. Ing lebetipun gesang kita kala punika, kita mboten kemawon sampun ngesupenaken Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, nanging kito ugi sampun ngesupenaken kawontenan ingkang sumambung kagungan kita ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Sagung dumadi, saking mayuta-yuta ingkang dumadi, piyambakipun kagungan sawijining kawontenan ingkang sumambung mligi ingkang langgeng piyambak-piyambak kaliyan Gusti Pangeran. Kawontenan ingkang sumambung mligi menika dipunsetani minangka svarūpa. Svarūpa. Lan lumantar tumindak pangladhosan bhakti, piyambakipun saged nggesangaken melih svarūpanipun piyambak-piyambak. Ugi tataran gegayuhan kados menika dipunsetani minangka svarūpa-siddhi, inggih menika kasampurnan saking kalenggahan dhasar piyambakipun. Dados Arjuna menika sawijining panyembah, lan piyambakipun sumambung kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dhahat Kuwaos lumantar lelampahan kamitran.

Kala punika, Bhagavad-gītā menika dipunandharaken dhateng Arjuna. Lajeng kados pundi Arjuna nampi andharan punika? Prekara punika inggih ugi kedhah dipuncathet. Kados pundi Arjuna nampi Bhagavad-gītā menika inggih dipunsetani ing Parwa Kaping Sedasa.

arjuna uvāca
paraṁ brahma paraṁ dhāma
pavitraṁ paramaṁ bhavān
puruṣaṁ śāśvataṁ divyam
ādi-devam ajaṁ vibhum
āhus tvām ṛṣayaḥ sarve
devarṣir nāradas tathā
asito devalo vyāsaḥ
svayaṁ caiva bravīṣi me
(BG 10.12-13)
sarvam etad ṛtaṁ manye
yan māṁ vadasi keśava
na hi te bhagavan vyaktiṁ
vidur devā na dānavāḥ.
(BG 10.14)

Inggih menika : arjuna uvāca paraṁ brahma paraṁ dhāma pavitraṁ paramaṁ bhavān puruṣaṁ śāśvataṁ divyam ādi-devam ajaṁ vibhum (BG 10.12). Ahus tvām ṛṣayaḥ sarve devarṣir nāradas tathā asito devalo vyāsaḥ svayaṁ caiva bravīṣi me (BG 10.13). Sarvam etad ṛtaṁ manye yan māṁ vadasi keśava na hi te bhagavan vyaktiṁ vidur devā na dānavāḥ. (BG 10.14). Kala punika Arjuna ngendika, sesampunipun mirengaken Bhagavad-gītā saking Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, piyambakipun nampi Kṛṣṇa minangka paraṁ brahma, Brahman Ingkang Utami. Brahman. Sagung dumadi sedaya menika Brahman, nanging sagung dumadi ingkang utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos menika Brahman Ingkang Utami utawi sagung dumadi ingkang utami. Ugi paraṁ dhāma. Paraṁ dhāma wigatosipun inggih menika Piyambakipun ingkang dados pasendhean utami kagem sedayanipun ingkang dumadi. Ugi pavitram. Pavitram menika wigatosipun inggih Piyambakipun ingkang suci nirmala saking sedaya karegetan. Lan Piyambakipun ugi dipunsetani minangka puruṣam. Puruṣam menika wigatosipun inggih menika Sang Ngrasika Ingkang Utami, śāśvatam, śāśvata wigatosipun ingkang dados kawitan utawi purwaka. Piyambakipun menika Kaprianggan Ingkang Dados Kawitan; divyam, rohani; devam, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos; ajam, mboten dipunlairaken; vibhum, ingkang dahat minulya.

Kala punika mbok menawi wonten kemawon tiyang ingkang ringa-ringa bilih Kṛṣṇa menika mitra Arjuna, amargi menika piyambakipun mbok menawi bakal ngendikan sedaya prakara punika dhateng mitra piyambakipun. Nanging Arjuna, ing salebetipun budidaya kagem ngicalaken karinga-ringan punika saking salebetipun manah sedaya para pamaos Bhagavad-gītā, mila piyambakipun ndamel rumusan lumantar sedaya piyambakipun ingkang kagungan kawisesan. Arjuna ngendika bilih Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos sanes kaliyan piyambakipun, Arjuna, kemawon, nanging Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipuntampi kados mekaten inggih ugi kaliyan para priyantun ingkang kagungan kawisesan kados Nārada, Asita, Devala, Vyāsa. Para kaprianggan punika dados para kaprianggan utami ing budidaya panyebaran seserepan Veda. Piyambakipun sedaya dipuntampi kaliyan sedaya para ācārya. Amargi menika Arjuna ngendika bilih, "Menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken dhateng kawula, kawulo nampi sedaya menika minangka sawijining kasampurnan ingkang paripurna."