JV/Prabhupada 1061 - Ing Salebetipun Bhagavad-gītā Punika Bakuning Rembaganipun Inggih Menika Pambudi Datheng Gangsal Kaluhuran Ingkang Benten-benten: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1061 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1060 - Kejawi Mbokbilih Sawijining Priyantun Menika Nampi Bhagavad-gītā Punika Krana Susila Anor Raga ...|1060|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1060 - Kejawi Menawi Satunggaling Priyantun Nampi Bhagavad-gītā Punika Kanthi Legawa ...|1060|JV/Prabhupada 1062 - Kawula Sedaya Nggadhahi Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material|1062}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|G9JE15msxco|Ing Salebetipun Bhagavad-gītā Punika Bakuning Rembaganipun Inggih Menika Pambudi Datheng Gangsal Kaluhuran Ingkang Benten-benten<br />- Prabhupāda 1061}}
{{youtube_right|0t_osOXoblg|Ing Salebetipun Bhagavad-gītā Punika Bakuning Rembaganipun Inggih Menika Pambudi Datheng Gangsal Kaluhuran Ingkang Benten-benten<br />- Prabhupāda 1061}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Dados Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Panjenenganipun miyos, yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati ([[Vanisource:BG 4.7 (1972)|BG 4.7]]), namung kangge njejegaken angkahipun kagesangan ingkang sejatos. Nalikanipun para priyantun sampun nyupekaken angkahipun kagesangan ingkang sejatos, inggih menika ingkang minangka pakaryan saking kagesangan ing salebetipun salira manungsa, mila kawontenan punika dipunwastani minangka dharmasya glāniḥ, utawi reribet dhateng kuwajiban saking umat manungsa. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, saking mayuto-yuto kathahipun umat manungsa, ingkang ngyasakaken, sawijining priyantun ingkang ngyasakaken pambudi datheng kapinarakan piyambakipun, mila namung kagem piyambakipun Bhagavad-gītā punika dipunngendikakaken. Kita sedaya punika kados nembe dipunuluaken kaliyan sang sardula kamboten-mangertosan, lajeng Gusti Pangeran, ingkang sanityasa munjung-munjung welas asihipun ingkang niskarana dhateng para dumadi, utamanipun dhateng sedaya umat manungsa, Panjenenganipun ngendikakaken Bhagavad-gītā, krana ndadosaken Arjuna, ingkang minangka mitra Panjenenganipun, kinarya sisya Panjenenganipun.
Dados Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Panjenenganipun miyos, yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati ([[Vanisource:BG 4.7 (1972)|BG 4.7]]), namung kangge njejegaken arah ingkang sejati ing salebetipun gesang. Nalikanipun para priyantun kesupen arah sejati ing salebetipun gesang, ingkang minangka kuwajiban saking gesangipun ing salebetipun raganipun para jalmi, pramila menika dipunsebat minangka dharmasya glāniḥ, utawi reribet dhateng kuwajiban saking para jalmi. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, saking semanten kathahipun para jalmi, ingkang ngawungoaken, satunggaling priyantun ingkang ngawungoaken pambudi datheng kalenggahanipun, mila namung kangge piyambakipun Bhagavad-gītā punika dipunsabdaken. Kawula sedaya punika kados saweg dipunulu dening sardula kamudha-daman, lan Gusti Pangeran, ingkang tansah welas asih tanpa karana dhateng para sagung dumadi, utaminipun dhateng sedaya para jalmi, Panjenenganipun nyabdaaken Bhagavad-gītā, kanthi mawisuda Arjuna, ingkang minangka mitra Panjenenganipun dados sisyanipun.  


Mesthi kemawon Arjuna .... Amargi piyambakipun minangka mitranipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, mila piyambakipun wonten ing saknginggilipun sedaya kamboten-semerapan. Sanadyan mekaten, Arjuna dipanggenaken ing salebetipun pepeteng saking Adilaga Kurukṣetra menika inggih namung kangge nyuwun pirsa babagan perkawis kagesangan dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, saengga salajengipun Gusti Pangeran saget ngandharake babagan perkawis punika kagem karaharjan sedaya umat manungsa ing tembe wingking, kagem nengeraken rancangan kegesangan piyambakipun sedaya kaliyan kajengipun saget tumindak ingkang cecek kaliyan rancangan menika, saengga pakaryan ing salebetipun kagesangan piyambakipun sedaya minangka manungsa saget dados sampurna.
Tamtu kemawon Arjuna .... Amargi piyambakipun minangka mitranipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, mila piyambakipun wonten ing nginggilipun sedaya kamudha-daman. Sanaos mekaten, Arjuna dipunselehaken ing salebetipun pepeteng saking Peperangan Kurukṣetra namung kangge nyuwun pirsa menggah ing perkawis ing salebetipun gesang dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, saengga salajengipun Gusti Pangeran saget ngandharaken menggah ing perkawis punika kangge karaharjan sedaya para jalmi ing tembe wingking, kangge nengeri rancangan ing salebetipun gesangipun lan kangge nindakaken ingkang sami kaliyan rancangan kasebat, saengga gesangipun, kuwajiban ing salebetipun gesang minangka jalmi saget dados sampurna.  


Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bakuning rembaganipun inggih menika pambudi datheng gangsal kaluhuran ingkang benten-benten. Kaluhuran ingkang kaping setunggal minangka pepundhutan pirsa perkawis sinten Gusti Pangeran menika. Perkawis punika minangka wucalan wiwitan ing salebetipun seserepan babagan Gusti Pangeran. Dados seserepan babagan Gusti Pangeran punika dipunadharaken wonten mriki. Saklajengipun, kapinarakan dhasar saking sedaya sagung dumadi, jīva. Īśvara kaliyan jīva. Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Piyambakipun inggih dipunwastani minangka īśvara. Īśvara suraosipun ingkang mangendhaliaken, lan jīva, sedaya sagung dumadi inggih menika .... Jīva, sedaya sagung dumadi, piyambakipun sedaya senes īśvara, senes ingkang mangendhaliaken. Nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang dipunkendhaliaken. Menawi kita ngaturi priksa, "Aku iki bebas, aku ora dikendaliake," atur priksa menika inggih atur priksa ingkang klentu, saengga menika senes tetengeran saking tiyang ingkang waras. Sedaya perkawis ing salebetipun kagesangan sagung dumadi sedaya menika dipunkendhaliaken. Samboten-mbotenipun piyambakipun dipunkendhaliaken ing salebetipun kegesangan ingkang kasindhet menika. Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā bakuning rembaganipun inggih menika budidaya pambudi perkawis Īśvara, Ingkang Maha Mangendhaliaken, babagan perkawis sedaya sagung dumadi ingkang dipunkendhaliaken, kaliyan babagan perkawis prakṛti, inggih menika ngalam dunya, ngalam dunya material. Salajengipun babagan perkawis kala utawi babagan perkawis dangunipun kawontenan saking sedaya jagad raya utawi wewujudan saking ngalam dunya menika kaliyan dangunipun kala ingkang langgeng. Salajengipun inggih babagan perkawis karma. Karma suraosipun inggih menika laku utawi kridha. Ing salebetipun sedaya wewujudan jagad raya ingkang wonten ing salebetipun wewujudan kosmik menika, wonten kathah sanget laku utawi kridha ingkang maneka-warni. Sedaya sagung dumadi sanityasa ewed ing salebetipun laku lan kridha ingkang maneka-warni menika. Dados kita sedaya kedah marsudi babagan perkawis īśvara, perkawis sinten Gusti Pangeran menika, saking Bhagavad-gītā, ugi babagan perkawis jīva, perkawis sinten sedaya sagung dumadi menika, kaliyan ugi babagan perkawis prakṛti utawi wewujudan kosmik punika, kaliyan ugi babagan perkawis kados pundi sedaya menika dipunkendhaliaken kalyan kala, kaliyan ugi menapa kemawon ingkang dipunwastani minangka laku utawi krida menika?
Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bakuning rembaganipun inggih menika pambudi datheng gangsal kaluhuran ingkang benten-benten. Kaluhuran ingkang kaping setunggal, sinten Gusti Pangeran menika. Punika minangka wucalan wiwitan ing salebetipun seserepan babagan Gusti Pangeran. Dados seserepan menggah ing Gusti Pangeran punika dipunadharaken wonten mriki. Salajengipun, kalenggahan dhasar saking sagung dumadi, jīva. Īśvara lan jīva. Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenenganipun dipunwastani minangka īśvara. Īśvara suraosipun ingkang ngendhalekaken, lan jīva, sagung dumadi inggih menika .... Jīva, sagung dumadi, piyambakipun sedaya sanes īśvara, sanes ingkang ngendhalekaken. Nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang dipunkendhalekaken. Menawi kawula ngaturi priksa bilih, "Aku iki bebas, aku ora dikendalekake," menika satunggaling atur ingkang klentu, pramila menika sanes tetengeran saking tiyang ingkang waras. Sagung dumadi dipunkendhalekaken ing samukawisipun. Samboten-mbotenipun piyambakipun dipunkendhalekaken ing salebetipun gesangipun ingkang kasindhet. Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā bakuning rembaganipun inggih menika budidaya kangge pitados menggah ing Īśvara, Ingkang Maha Ngendhalekaken, menggah ing sagung dumadi ingkang dipunkendhalekaken, lan menggah ing prakṛti, inggih menika ngalam donya, ngalam donya material. Salajengipun menggah ing kala utawi dangunipun kawontenan saking sedaya jagad raya, utawi wewujudan saking ngalam donya punika sarta dangunipun kala ingkang langgeng. Salajengipun ugi menggah ing karma. Karma suraosipun laku utawi kridha. Sedaya wewujudan jagad raya ingkang wonten ing salebetipun wewujudan kosmik menika, kebak dening laku utawi kridha ingkang maneka-warni. Sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun laku lan kridha ingkang maneka-warni menika. Dados kawula sedaya kedah marsudi menggah ing īśvara, menggah ing sinten Gusti Pangeran menika, saking Bhagavad-gītā, ugi menggah ing jīva, perkawis sinten sagung dumadi menika, lan ugi menggah ing prakṛti utawi wewujudan kosmik punika, lan ugi menggah ing kados pundi sedaya menika dipunkendhalekaken dening kala, lan ugi menapa kemawon ingkang dipunwastani minangka laku utawi krida menika?  


Semangkin, saking gangsal bakuning rembagan menika, ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipuntemtoaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, utawi Kṛṣṇa, Brahman utawi Paramātmā ... Panjenengan sedaya angsal kemawon ngepunwastani Piyambakipun minangka menapa kemawon. Nanging Ingkang Maha Mangendhaliaken menika wonten saestu. Gusti Pangeran Ingkang Maha Mangendhaliaken menika wonten saestu. Dados, Ingkang Maha Mangendhaliaken menika minangka ingkang paling ageng saking lintune sedaya. Lajeng sedaya sagung dumadi gadhah sifat utawi kawontenan ingkang sami kaliyan Ingkang Maha Mangendhaliaken menika. Sami kaliyan Ingkang Maha Mangendhaliaken, kaliyan Gusti Pangeran. Piyambakipun mangendhaliaken pranatan-pranatan perkawis jagad raya, alam dunya, babagan perkawis menika sedaya .... Sedaya menika badhe dipunandharake ing salebetipun parwa-parwa sabanjuripun saking Bhagavad-gītā bilih kawontenan alam dunya material menika senes mandhiri. Alam dunya material menika lumampah numutaken pepurugan saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram ([[Vanisource:BG 9.10 (1972)|BG 9.10]]). "Alam dunya material iki lumaksana miturut pituduhKu," mayādhyakṣeṇa, "ono ing sajroning pangawat-awatKu."  
Sapunika, saking gangsal bakuning rembagan menika, ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipuntamtoaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, utawi Kṛṣṇa, Brahman utawi Paramātmā ... Panjenengan sedaya saget kemawon nyebat Panjenenganipun minangka menapa kemawon. Nanging Ingkang Maha Ngendhalekaken menika wonten saestu. Gusti Pangeran Ingkang Maha Ngendhalekaken menika saestu wonten. Dados, Ingkang Maha Ngendhalekaken menika minangka ingkang paling ageng saking sanesipun. Lan sagung dumadi gadhahi bebudhen ingkang sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken menika. Sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken, kaliyan Gusti Pangeran. Panjenenganipun kagungan kendhali dhateng pranatan-pranatan jagad raya, ngalam donya material, kados pundi menika sedaya .... Sedaya menika badhe dipunandharaken ing salebetipun parwa-parwa salajengipun saking Bhagavad-gītā bilih ngalam donya material menika mboten madeg nyalira. Ngalam donya material menika lumampah tumut arahan saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram ([[Vanisource:BG 9.10 (1972)|BG 9.10]]). "Ngalam donya material iki lumaku manut titahKu," mayādhyakṣeṇa, "ono ing sajroning pangawat-awatKu."  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 04:09, 12 July 2019



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Panjenenganipun miyos, yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati (BG 4.7), namung kangge njejegaken arah ingkang sejati ing salebetipun gesang. Nalikanipun para priyantun kesupen arah sejati ing salebetipun gesang, ingkang minangka kuwajiban saking gesangipun ing salebetipun raganipun para jalmi, pramila menika dipunsebat minangka dharmasya glāniḥ, utawi reribet dhateng kuwajiban saking para jalmi. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, saking semanten kathahipun para jalmi, ingkang ngawungoaken, satunggaling priyantun ingkang ngawungoaken pambudi datheng kalenggahanipun, mila namung kangge piyambakipun Bhagavad-gītā punika dipunsabdaken. Kawula sedaya punika kados saweg dipunulu dening sardula kamudha-daman, lan Gusti Pangeran, ingkang tansah welas asih tanpa karana dhateng para sagung dumadi, utaminipun dhateng sedaya para jalmi, Panjenenganipun nyabdaaken Bhagavad-gītā, kanthi mawisuda Arjuna, ingkang minangka mitra Panjenenganipun dados sisyanipun.

Tamtu kemawon Arjuna .... Amargi piyambakipun minangka mitranipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, mila piyambakipun wonten ing nginggilipun sedaya kamudha-daman. Sanaos mekaten, Arjuna dipunselehaken ing salebetipun pepeteng saking Peperangan Kurukṣetra namung kangge nyuwun pirsa menggah ing perkawis ing salebetipun gesang dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, saengga salajengipun Gusti Pangeran saget ngandharaken menggah ing perkawis punika kangge karaharjan sedaya para jalmi ing tembe wingking, kangge nengeri rancangan ing salebetipun gesangipun lan kangge nindakaken ingkang sami kaliyan rancangan kasebat, saengga gesangipun, kuwajiban ing salebetipun gesang minangka jalmi saget dados sampurna.

Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bakuning rembaganipun inggih menika pambudi datheng gangsal kaluhuran ingkang benten-benten. Kaluhuran ingkang kaping setunggal, sinten Gusti Pangeran menika. Punika minangka wucalan wiwitan ing salebetipun seserepan babagan Gusti Pangeran. Dados seserepan menggah ing Gusti Pangeran punika dipunadharaken wonten mriki. Salajengipun, kalenggahan dhasar saking sagung dumadi, jīva. Īśvara lan jīva. Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenenganipun dipunwastani minangka īśvara. Īśvara suraosipun ingkang ngendhalekaken, lan jīva, sagung dumadi inggih menika .... Jīva, sagung dumadi, piyambakipun sedaya sanes īśvara, sanes ingkang ngendhalekaken. Nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang dipunkendhalekaken. Menawi kawula ngaturi priksa bilih, "Aku iki bebas, aku ora dikendalekake," menika satunggaling atur ingkang klentu, pramila menika sanes tetengeran saking tiyang ingkang waras. Sagung dumadi dipunkendhalekaken ing samukawisipun. Samboten-mbotenipun piyambakipun dipunkendhalekaken ing salebetipun gesangipun ingkang kasindhet. Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā bakuning rembaganipun inggih menika budidaya kangge pitados menggah ing Īśvara, Ingkang Maha Ngendhalekaken, menggah ing sagung dumadi ingkang dipunkendhalekaken, lan menggah ing prakṛti, inggih menika ngalam donya, ngalam donya material. Salajengipun menggah ing kala utawi dangunipun kawontenan saking sedaya jagad raya, utawi wewujudan saking ngalam donya punika sarta dangunipun kala ingkang langgeng. Salajengipun ugi menggah ing karma. Karma suraosipun laku utawi kridha. Sedaya wewujudan jagad raya ingkang wonten ing salebetipun wewujudan kosmik menika, kebak dening laku utawi kridha ingkang maneka-warni. Sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun laku lan kridha ingkang maneka-warni menika. Dados kawula sedaya kedah marsudi menggah ing īśvara, menggah ing sinten Gusti Pangeran menika, saking Bhagavad-gītā, ugi menggah ing jīva, perkawis sinten sagung dumadi menika, lan ugi menggah ing prakṛti utawi wewujudan kosmik punika, lan ugi menggah ing kados pundi sedaya menika dipunkendhalekaken dening kala, lan ugi menapa kemawon ingkang dipunwastani minangka laku utawi krida menika?

Sapunika, saking gangsal bakuning rembagan menika, ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipuntamtoaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, utawi Kṛṣṇa, Brahman utawi Paramātmā ... Panjenengan sedaya saget kemawon nyebat Panjenenganipun minangka menapa kemawon. Nanging Ingkang Maha Ngendhalekaken menika wonten saestu. Gusti Pangeran Ingkang Maha Ngendhalekaken menika saestu wonten. Dados, Ingkang Maha Ngendhalekaken menika minangka ingkang paling ageng saking sanesipun. Lan sagung dumadi gadhahi bebudhen ingkang sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken menika. Sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken, kaliyan Gusti Pangeran. Panjenenganipun kagungan kendhali dhateng pranatan-pranatan jagad raya, ngalam donya material, kados pundi menika sedaya .... Sedaya menika badhe dipunandharaken ing salebetipun parwa-parwa salajengipun saking Bhagavad-gītā bilih ngalam donya material menika mboten madeg nyalira. Ngalam donya material menika lumampah tumut arahan saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram (BG 9.10). "Ngalam donya material iki lumaku manut titahKu," mayādhyakṣeṇa, "ono ing sajroning pangawat-awatKu."