JV/Prabhupada 1061 - Ing Salebetipun Bhagavad-gītā Punika Bakuning Rembaganipun Inggih Menika Pambudi Datheng Gangsal Kaluhuran Ingkang Benten-benten

Revision as of 06:49, 26 October 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1061 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Panjenenganipun miyos, yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati (BG 4.7), namung kangge njejegaken angkahipun kagesangan ingkang sejatos. Nalikanipun para priyantun sampun nyupekaken angkahipun kagesangan ingkang sejatos, inggih menika ingkang minangka pakaryan saking kagesangan ing salebetipun salira manungsa, mila kawontenan punika dipunwastani minangka dharmasya glāniḥ, utawi reribet dhateng kuwajiban saking umat manungsa. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, saking mayuto-yuto kathahipun umat manungsa, ingkang ngyasakaken, sawijining priyantun ingkang ngyasakaken pambudi datheng kapinarakan piyambakipun, mila namung kagem piyambakipun Bhagavad-gītā punika dipunngendikakaken. Kita sedaya punika kados nembe dipunuluaken kaliyan sang sardula kamboten-mangertosan, lajeng Gusti Pangeran, ingkang sanityasa munjung-munjung welas asihipun ingkang niskarana dhateng para dumadi, utamanipun dhateng sedaya umat manungsa, Panjenenganipun ngendikakaken Bhagavad-gītā, krana ndadosaken Arjuna, ingkang minangka mitra Panjenenganipun, kinarya sisya Panjenenganipun.

Mesthi kemawon Arjuna .... Amargi piyambakipun minangka mitranipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, mila piyambakipun wonten ing saknginggilipun sedaya kamboten-semerapan. Sanadyan mekaten, Arjuna dipanggenaken ing salebetipun pepeteng saking Adilaga Kurukṣetra menika inggih namung kangge nyuwun pirsa babagan perkawis kagesangan dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, saengga salajengipun Gusti Pangeran saget ngandharake babagan perkawis punika kagem karaharjan sedaya umat manungsa ing tembe wingking, kagem nengeraken rancangan kegesangan piyambakipun sedaya kaliyan kajengipun saget tumindak ingkang cecek kaliyan rancangan menika, saengga pakaryan ing salebetipun kagesangan piyambakipun sedaya minangka manungsa saget dados sampurna.

Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bakuning rembaganipun inggih menika pambudi datheng gangsal kaluhuran ingkang benten-benten. Kaluhuran ingkang kaping setunggal minangka pepundhutan pirsa perkawis sinten Gusti Pangeran menika. Perkawis punika minangka wucalan wiwitan ing salebetipun seserepan babagan Gusti Pangeran. Dados seserepan babagan Gusti Pangeran punika dipunadharaken wonten mriki. Saklajengipun, kapinarakan dhasar saking sedaya sagung dumadi, jīva. Īśvara kaliyan jīva. Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Piyambakipun inggih dipunwastani minangka īśvara. Īśvara suraosipun ingkang mangendhaliaken, lan jīva, sedaya sagung dumadi inggih menika .... Jīva, sedaya sagung dumadi, piyambakipun sedaya senes īśvara, senes ingkang mangendhaliaken. Nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang dipunkendhaliaken. Menawi kita ngaturi priksa, "Aku iki bebas, aku ora dikendaliake," atur priksa menika inggih atur priksa ingkang klentu, saengga menika senes tetengeran saking tiyang ingkang waras. Sedaya perkawis ing salebetipun kagesangan sagung dumadi sedaya menika dipunkendhaliaken. Samboten-mbotenipun piyambakipun dipunkendhaliaken ing salebetipun kegesangan ingkang kasindhet menika. Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā bakuning rembaganipun inggih menika budidaya pambudi perkawis Īśvara, Ingkang Maha Mangendhaliaken, babagan perkawis sedaya sagung dumadi ingkang dipunkendhaliaken, kaliyan babagan perkawis prakṛti, inggih menika ngalam dunya, ngalam dunya material. Salajengipun babagan perkawis kala utawi babagan perkawis dangunipun kawontenan saking sedaya jagad raya utawi wewujudan saking ngalam dunya menika kaliyan dangunipun kala ingkang langgeng. Salajengipun inggih babagan perkawis karma. Karma suraosipun inggih menika laku utawi kridha. Ing salebetipun sedaya wewujudan jagad raya ingkang wonten ing salebetipun wewujudan kosmik menika, wonten kathah sanget laku utawi kridha ingkang maneka-warni. Sedaya sagung dumadi sanityasa ewed ing salebetipun laku lan kridha ingkang maneka-warni menika. Dados kita sedaya kedah marsudi babagan perkawis īśvara, perkawis sinten Gusti Pangeran menika, saking Bhagavad-gītā, ugi babagan perkawis jīva, perkawis sinten sedaya sagung dumadi menika, kaliyan ugi babagan perkawis prakṛti utawi wewujudan kosmik punika, kaliyan ugi babagan perkawis kados pundi sedaya menika dipunkendhaliaken kalyan kala, kaliyan ugi menapa kemawon ingkang dipunwastani minangka laku utawi krida menika?

Semangkin, saking gangsal bakuning rembagan menika, ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipuntemtoaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, utawi Kṛṣṇa, Brahman utawi Paramātmā ... Panjenengan sedaya angsal kemawon ngepunwastani Piyambakipun minangka menapa kemawon. Nanging Ingkang Maha Mangendhaliaken menika wonten saestu. Gusti Pangeran Ingkang Maha Mangendhaliaken menika wonten saestu. Dados, Ingkang Maha Mangendhaliaken menika minangka ingkang paling ageng saking lintune sedaya. Lajeng sedaya sagung dumadi gadhah sifat utawi kawontenan ingkang sami kaliyan Ingkang Maha Mangendhaliaken menika. Sami kaliyan Ingkang Maha Mangendhaliaken, kaliyan Gusti Pangeran. Piyambakipun mangendhaliaken pranatan-pranatan perkawis jagad raya, alam dunya, babagan perkawis menika sedaya .... Sedaya menika badhe dipunandharake ing salebetipun parwa-parwa sabanjuripun saking Bhagavad-gītā bilih kawontenan alam dunya material menika senes mandhiri. Alam dunya material menika lumampah numutaken pepurugan saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram (BG 9.10). "Alam dunya material iki lumaksana miturut pituduhKu," mayādhyakṣeṇa, "ono ing sajroning pangawat-awatKu."