JV/Prabhupada 1064 - Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1064 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1063 - Paringaken Kagem Kawula Sedaya Kamardikan Ingkang Ngelangkungi Tandang Lan Tumanggap Saking Sedaya Laku Lan Kridha|1063|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1063 - Nyuwun Punparingaken Dhateng Kawula Sedaya Kabebasan Saking Tandang Lan Tumanggapipun Sedaya Kridha|1063|JV/Prabhupada 1065 - Ing Wiwitanipun Satunggaling Priyantun Kedah Marsudi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika|1065}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|DeeccJeN26Y|Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredaya Saking Sedaya Sagung Dumadi <br />- Prabhupāda 1064}}
{{youtube_right|n7KsfHFuz4c|Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi<br />- Prabhupāda 1064}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredaya Saking Sedaya Sagung Dumadi Karumaosan ingkang utami, babagan punika bade dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing parwa ingkang mangandharaken bentenipun jīva kaliyan īśvara. Kṣetra-kṣetra-jña. Istilah Kṣetra-jña punika sampun dipunandharaken, bilih Gusti Pangeran ugi minangka kṣetra-jña utawi gadhah karumaosan, lajeng para jīva utawi sedaya sagung dumadi, piyambakipun ugi gadhah karumaosan. Nanging bentenipun inggih menika bilih sawijining dumadi naming rumaos wonten ing salebetipun saliranipun piyambak ingkang cumpen menika kemawon, wondening Gusti Pangeran rumaos ngelangkungi sedaya salira. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati ([[Vanisource:BG 18.61 (1972)|BG 18.61]]).  
Kainsapan ingkang utami, punika badhe dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing salebetipun parwa ingkang ngandharaken bentenipun antawis jīva lan īśvara. Kṣetra-kṣetra-jña. Istilah kṣetra-jña punika sampun dipunandharaken, bilih Gusti Pangeran ugi minangka kṣetra-jña utawi ingkang kagungan kainsapan, lan para jīva utawi sagung dumadi, sedayanipun ugi nggadhahi kainsapan. Nanging bentenipun inggih menika bilih satunggaling dumadi namung nginsapi wonten ing salebetipun saliranipun piyambak ingkang cumpen kemawon, senaos mekaten Gusti Pangeran nginsapi sedaya salira. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati ([[Vanisource:BG 18.61 (1972)|BG 18.61]]).  


Gusti Pangeran pinarak wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi, amargi menika Panjenenganipun rumaos ngelangkungi sedaya ewah kaliyan sedaya kridha saking sawijining jīva. Kawula sedaya kedahipun mboten nyupeaken babagan punika. Ugi sampun dipunandharaken bilih Paramātmā utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos pinarak wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi minangka īśvara, utawi minangka ingkang mangendhaliaken, lan Panjenenganipun nembe maringaken pituduh. Panjenenganipun nembe maringaken pituduh. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭhaḥ ([[Vanisource:BG 15.15 (1972)|BG 15.15]]). Wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi Panjenenganipun pinarak, lajeng Panjenenganipun maringaken pituduh kagem tumindak ingkang dipunkersaaken kaliyan sawijining dumadi. Sawijining dumadi kesupen datheng menapa ingkang kedahpun dipunlampahi kaliyan piyambakipun. Wiwitanipun sawijining dumadi nertamtoaken bilih piyambakipun ajeng tumindak ngelumantari sawijining lelampahan, lajeng piyambakipun dados kejiret wonten ing salebetipun tandang lan tumanggap saking karmanipun piyambak. Nanging sesampunipun gumantosi sawerni salira, nalika piyambakipun lumebet datheng werni salira lintune ... Kados nalika kawula sedaya gumantosi sawerni busana, saking sawerni busana dipungentos kaliyan werni busana lintune, mila sami babaganipun ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bilih, vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya ([[Vanisource:BG 2.22 (1972)|BG 2.22]]). Dados sami babaganipun nalika sawijining priyantun nembe gumantosi busana piyambakipun ingkang benten-benten, inggih mekaten ugi sedaya sagung dumadi, piyambakipun sedaya ugi nembe gumantosi salira-salira ingkang benten-benten, nembe ngelampahi pangalihan atma kaliyan nembe nelampahi panggeretan tandang lan tumanggap saking laku lan kridha piyambakipun ingkang kawuntat. Dados sedaya kridha punika saget dipunewahaken nalika sagung dumadi nembe wonten ing salebetipun sesipatan kabecikan, nalika piyambakipun nembe waras lan nalika piyambakipun mangertosi bilih kridha kados menapa ingkang kedahipun dipunlampahaken kaliyan piyambakipun, lan menawi piyambakipun tumindak kados mekaton, mila sedaya tandang lan tumanggap saking kridha piyambakipun ingkang kawuntat saget dipunewah. Amargi menika, karma punika mboten langgeng sesipatanipun. Babagan ingkang lintune, kapat-kapatipun babagan saking sedaya gangsal bakuning rembagan punika --- īśvara, jīva, prakṛti, kāla, lan karma --- kapat babagan punika langgeng sesipatanipun, samentawis karma, babagan punika mboten langgeng sesipatanipun.  
Gusti Pangeran lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi, amargi menika Panjenenganipun nginsapi sedaya ewahipun jiwa lan sedaya kridhanipun salah satunggaling jīva tertamtu. Kawula sedaya kedahipun mboten kesupen dhateng perkawis punika. Ugi sampun dipunandharaken bilih Paramātmā utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi minangka īśvara, minangka ingkang ngendhalekaken, lan Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭhaḥ ([[Vanisource:BG 15.15 (1972)|BG 15.15]]). Wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi Panjenenganipun lenggah, lajeng Panjenenganipun maringaken pitedah kangge nindakaken kados dene ingkang dipunkersaaken dening satunggaling dumadi. Satunggaling dumadi kesupen datheng menapa ingkang kedahipun ditindakaken. Wiwitanipun piyambakipuni netepaken manahipun kangge nindakaken ngelumantari setunggaling cara tertamtu, lajeng piyambakipun dados kejiret wonten ing salebetipun tandang lan tumanggap saking karmanipun piyambak. Nanging sesampunipun gantos wujud salira, nalikanipun piyambakipun mlebet datheng wujud salira sanesipun ... Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya gantos sawerni rasukan, saking sawerni rasukan dipungentosi kaliyan sawerni rasukan sanesipun, mila sami kados denen ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bilih, vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya ([[Vanisource:BG 2.22 (1972)|BG 2.22]]). Satunggaling priyantun, sami kados dene nalinipun piyambakipun nggantos rasukanipun ingkang benten-benten, mila sami sami ugi perkawisipun kaliyan sagung dumadi, sedayanipun ugi saweg nggantos salira-salira ingkang benten-benten, pangalihan atma, panyeretipun tandang lan tumanggap saking kridhanipun ingkang kapengker. Dados sedaya kridha punika saget dipunrebah nalikanipun sagung dumadi saweg wonten ing salebetipun sipat kabecikan, nalikanipun piyambakipun saweg waras lan nalikanipun piyambakipun mangertosi kridha menapa kemawon ingkang kedah kalampahaken, lan menawi piyambakipun nindakaken ingkang kados mekaten, mila sedaya tandang lan tumanggap lan kridhanipun ingkang kapengker saget dipunrebah. Amargi menika, karma mboten langgeng sipatipun. Perkawis ingkang sanesipun, sekawan perkawis saking sedaya gangsal bakuning rembagan punika --- īśvara, jīva, prakṛti, kāla, lan karma --- sekawan perkawis punika langgeng sipatipun, sauntawis karma, perkawis punika mboten langgeng sipatipun.  


Semangkin, rembagan babagan īśvara ingkang gadhah karumaosan kaliyan Īśvara ingkang gadhah karumaosan ingkang utami, lajeng ugi bentenipun antawis Īśvara ingkang gadhah karumaosan ingkang utami utawi Gusti Pangeran kaliyan sedaya sagung dumadi, ing salebetipun kawontenan semangkin inggih menika dipunandharaken kados mekaten. Karumaosan, karumaosan saking Gusti Pangeran kaliyan sedaya sagung dumadi, sedaya karumaosan punika rohani sesipatanipun. Dados, sanes dipunsuraosaken bilih karumaosan punika dituwuhaken saking manunggalipun sedaya babagan punika. Punika inggih menika reriptan ingkang klentu. Teori ingkang mratelaaken bilih karumaosan ngerembaka saking manunggaling materi ing sawijining kawontenan mboten dipuntampi ing salebetipun Bhagavad-gītā. Pratela ingkang kados mekaten mboten saget dipuntampi. Karumaosan mbok menawi kemawon dipunenggokaken bendalanipun dening aling-aling ingkang mawujud minangka kawontenan-kawontenan material, sami babaganipun kados teja ingkang dipunbendalaken lumantar kaca warni, mbok menawi ketingalipun kados gadhah warni ingkang sami kaliyan kaca punika. Mila sami babaganipun bilih karumaosan Gusti Pangeran punika mboten dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material. Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Kṛṣṇa, Panjenenganipun ngendika bilih, mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ ([[Vanisource:BG 9.10 (1972)|BG 9.10]]). Nalika Panjenenganipun miyos wonten ing alam dunya material punika, karumaosan Panjenenganipun mboten dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material. Menawi karumaosan Panjenenganipun dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material, mila Panjenenganipun mesthi kemawon mboten saget ngunandikaaken bakuning rembagan rohani ing salebetipun Bhagavad-gītā. Mboten wonten sawijining dumadi ingkang saget atur priksa babagan alam dunya rohani tamanpa mardika saking karumaosan ingkang sampun dipunregedi kalyan kawontenan material. Dados Gusti Pangeran punika mboten nate dipunregedi kaliyan kawontenan material. Nanging karumaosan kawula sedaya semangkin nembe dipunregedi kaliyan kawontenan material. Dados sarining rembagan kados ingkang sampun dipunwulangaken kaliyan Bhagavad-gītā inggih menika bilih kawula sedaya kedah nyangaskaraaken karumaosan kawula sedaya ingang sampun dipunregedi kaliyan kawontenan material, lajeng sabanjuripun ing lebetipun karumaosan ingkang sampun suci punika kawula sedaya nindakaken kridha-kridha. Punika ingkang saget mbagyaaken kawula sedaya. Kawula sedaya mboten saget ngendelaken, kawula sedaya mboten saget ngendelaken kridha-kridha. Nanging kridha-kridha punika ingkang kedah disangaskaraaken. Lan kridha-kridha ingkang sampun dipunsangaskaraaken punika dipunwastani minangka bhakti. Bhakti suraosipun inggih menika bilih kridha-kridha punika, senadyan piyambakipun sedaya ketingalipun sami kados limrahipun kridha-kridha, nanging kridha-kridha punika sanes kridha-kridha ingkang reged amargi kridha-kridha punika sampun dipunsangaskaraaken. Dados sawijining priyantun ingkang wonten ing sesipatan kamboten-mangertosan mbok menawi kemawon mirsani bilih sawijining panyembah nembe ngasto damel kados limrahipun tiyang lintune, nanging sawijining priyantun ingkang namung gadhah sekedhik sanget seserepan punika, piyambakipun mboten mangertos bilih sedaya kridha-kridha saking sawijining panyembah utawi sedaya kridha-kridha Gusti Pangeran menika mboten nate dipunregedi kaliyan karumaosan material ingkang reged, keregedan ingkang sangkanipun saking tri guṇa, tiga sesipatan alam, nanging sedaya kridha-kridha punika inggih minangka karumaosan ingkang rohani. Dados karumaosan kawula sedaya sampun dipunregedi kaliyan kawontenan material, kawula sedaya kedah sumerap babagan punika.  
Sapunika, īśvara ingkang nggadhahi kainsapan kaliyan Īśvara ingkang kagungan kainsapanan ingkang utami, sarta bentenipun antawis Īśvara ingkang kagungan kainsapan ingkang utami utawi Gusti Pangeran kaliyan sagung dumadi, ing salebetipun kawontenan sapunika inggih kados mekaten. Kainsapan, kainsapan saking kekalihipun, saking Gusti Pangeran lan sagung dumadi, sedaya kainsapan punika rohani sipatipun. Maknanipun sanes bilih kainsapan punika dipunkasilaken saking manunggalipun sedaya perkawia kasebat. Punika satunggaling pamikiran ingkang klentu. Teori ingkang mratelaaken bilih kainsapan ngerembaka ing salebetipun kawontenan tertamtu saking wewantahan materi mboten dipuntampi ing salebetipun Bhagavad-gītā. Pratelan ingkang kados mekaten mboten saget dipuntampi. Kainsapan saget kemawon dipunpendalaken kanthi menceng dening aling-aling ingkang mawujud kawontenan-kawontenan material, sami kados dene teja ingkang dipunpendalaken lumantar kaca warni saget ugi badhe ketingal nggadhahi warni ingkang sami kaliyan kaca punika. Sami kados dene bilih kainsapan Gusti Pangeran punika mboten saget kaperbawan dening kawontenan material. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Kṛṣṇa, Panjenenganipun dhawuh bilih, mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ ([[Vanisource:BG 9.10 (1972)|BG 9.10]]). Nalikanipun Panjenenganipun miyos wonten ing ngalam donya material punika, kainsapanipun mboten kaperbawan dening kawontenan material. Menawi kainsapanipun saget kaperbawan dening kawontenan material, mila Panjenenganipun tamtu kemawon mboten saget ndawuhaken bakuning rembagan rohani ing salebetipun Bhagavad-gītā. Mboten wonten satungaling dumadi ingkang saget atur priksa perkawis ngalam donya rohani tanpa dados bebas saking kainsapan ingkang sampun cemer kados dene material. Dados Gusti Pangeran mboten cemer kados dene material. Nanging kainsapan kawula sedaya sapunika saweg cemer kados dene material. Dados sedayanipun, kados ingkang sampun kawulangaken dening Bhagavad-gītā inggih menika bilih kawula sedaya kedah nyucekaken kainsapanipun ingkang sampun cemer kados dene material, lan ing salebetipun kainsapan ingkang murni punika, sedaya kridha badhe  dipuntindakaken. Menika ingkang badhe ndadosaken kawula sedaya raharja. Kawula sedaya mboten saget ngendhegaken, kawula sedaya mboten saget ngendhegaken kridha-kridha. Nanging kridha-kridha punika ingkang kedah dipunsucekaken. Lan kridha-kridha ingkang sampun dipunsucekaken punika dipunwastani minangka bhakti. Bhakti suraosipun bilih kridha-kridha punika, sanaos piyambakipun sedaya ketingalipun sami kados limrahipun kridha-kridha, nanging sedayanipun minangka kridha-kridha ingkang mboten cemer. Sedayanipun sampun dipunsucekaken. Dados satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun sipat mboten-lantip saget ugi mirsani bilih satunggaling panyembah saweg ngasta damel kados limrahipun tiyang sanesipun, nanging tiyang ingkang seserepanipun andhap sanget, piyambakipun mboten mangertosi bilih kridha-kridhanipun satunggaling panyembah utawi kridha-kridha Gusti Pangeran menika mboten cemer dening kainsapan material ingkang reged, rereged ingkang sangkanipun saking tri guṇa, tiga sipat ngalam, nanging kridha-kridha punika inggih minangka kainsapan ingkang rohani. Dados kainsapan kawula sedaya sampun cemer dening kawontenan material, kawula sedaya kedah mangertosi perkawis punika.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 17:44, 1 October 2020



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kainsapan ingkang utami, punika badhe dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing salebetipun parwa ingkang ngandharaken bentenipun antawis jīva lan īśvara. Kṣetra-kṣetra-jña. Istilah kṣetra-jña punika sampun dipunandharaken, bilih Gusti Pangeran ugi minangka kṣetra-jña utawi ingkang kagungan kainsapan, lan para jīva utawi sagung dumadi, sedayanipun ugi nggadhahi kainsapan. Nanging bentenipun inggih menika bilih satunggaling dumadi namung nginsapi wonten ing salebetipun saliranipun piyambak ingkang cumpen kemawon, senaos mekaten Gusti Pangeran nginsapi sedaya salira. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati (BG 18.61).

Gusti Pangeran lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi, amargi menika Panjenenganipun nginsapi sedaya ewahipun jiwa lan sedaya kridhanipun salah satunggaling jīva tertamtu. Kawula sedaya kedahipun mboten kesupen dhateng perkawis punika. Ugi sampun dipunandharaken bilih Paramātmā utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi minangka īśvara, minangka ingkang ngendhalekaken, lan Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭhaḥ (BG 15.15). Wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi Panjenenganipun lenggah, lajeng Panjenenganipun maringaken pitedah kangge nindakaken kados dene ingkang dipunkersaaken dening satunggaling dumadi. Satunggaling dumadi kesupen datheng menapa ingkang kedahipun ditindakaken. Wiwitanipun piyambakipuni netepaken manahipun kangge nindakaken ngelumantari setunggaling cara tertamtu, lajeng piyambakipun dados kejiret wonten ing salebetipun tandang lan tumanggap saking karmanipun piyambak. Nanging sesampunipun gantos wujud salira, nalikanipun piyambakipun mlebet datheng wujud salira sanesipun ... Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya gantos sawerni rasukan, saking sawerni rasukan dipungentosi kaliyan sawerni rasukan sanesipun, mila sami kados denen ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bilih, vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya (BG 2.22). Satunggaling priyantun, sami kados dene nalinipun piyambakipun nggantos rasukanipun ingkang benten-benten, mila sami sami ugi perkawisipun kaliyan sagung dumadi, sedayanipun ugi saweg nggantos salira-salira ingkang benten-benten, pangalihan atma, panyeretipun tandang lan tumanggap saking kridhanipun ingkang kapengker. Dados sedaya kridha punika saget dipunrebah nalikanipun sagung dumadi saweg wonten ing salebetipun sipat kabecikan, nalikanipun piyambakipun saweg waras lan nalikanipun piyambakipun mangertosi kridha menapa kemawon ingkang kedah kalampahaken, lan menawi piyambakipun nindakaken ingkang kados mekaten, mila sedaya tandang lan tumanggap lan kridhanipun ingkang kapengker saget dipunrebah. Amargi menika, karma mboten langgeng sipatipun. Perkawis ingkang sanesipun, sekawan perkawis saking sedaya gangsal bakuning rembagan punika --- īśvara, jīva, prakṛti, kāla, lan karma --- sekawan perkawis punika langgeng sipatipun, sauntawis karma, perkawis punika mboten langgeng sipatipun.

Sapunika, īśvara ingkang nggadhahi kainsapan kaliyan Īśvara ingkang kagungan kainsapanan ingkang utami, sarta bentenipun antawis Īśvara ingkang kagungan kainsapan ingkang utami utawi Gusti Pangeran kaliyan sagung dumadi, ing salebetipun kawontenan sapunika inggih kados mekaten. Kainsapan, kainsapan saking kekalihipun, saking Gusti Pangeran lan sagung dumadi, sedaya kainsapan punika rohani sipatipun. Maknanipun sanes bilih kainsapan punika dipunkasilaken saking manunggalipun sedaya perkawia kasebat. Punika satunggaling pamikiran ingkang klentu. Teori ingkang mratelaaken bilih kainsapan ngerembaka ing salebetipun kawontenan tertamtu saking wewantahan materi mboten dipuntampi ing salebetipun Bhagavad-gītā. Pratelan ingkang kados mekaten mboten saget dipuntampi. Kainsapan saget kemawon dipunpendalaken kanthi menceng dening aling-aling ingkang mawujud kawontenan-kawontenan material, sami kados dene teja ingkang dipunpendalaken lumantar kaca warni saget ugi badhe ketingal nggadhahi warni ingkang sami kaliyan kaca punika. Sami kados dene bilih kainsapan Gusti Pangeran punika mboten saget kaperbawan dening kawontenan material. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Kṛṣṇa, Panjenenganipun dhawuh bilih, mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ (BG 9.10). Nalikanipun Panjenenganipun miyos wonten ing ngalam donya material punika, kainsapanipun mboten kaperbawan dening kawontenan material. Menawi kainsapanipun saget kaperbawan dening kawontenan material, mila Panjenenganipun tamtu kemawon mboten saget ndawuhaken bakuning rembagan rohani ing salebetipun Bhagavad-gītā. Mboten wonten satungaling dumadi ingkang saget atur priksa perkawis ngalam donya rohani tanpa dados bebas saking kainsapan ingkang sampun cemer kados dene material. Dados Gusti Pangeran mboten cemer kados dene material. Nanging kainsapan kawula sedaya sapunika saweg cemer kados dene material. Dados sedayanipun, kados ingkang sampun kawulangaken dening Bhagavad-gītā inggih menika bilih kawula sedaya kedah nyucekaken kainsapanipun ingkang sampun cemer kados dene material, lan ing salebetipun kainsapan ingkang murni punika, sedaya kridha badhe dipuntindakaken. Menika ingkang badhe ndadosaken kawula sedaya raharja. Kawula sedaya mboten saget ngendhegaken, kawula sedaya mboten saget ngendhegaken kridha-kridha. Nanging kridha-kridha punika ingkang kedah dipunsucekaken. Lan kridha-kridha ingkang sampun dipunsucekaken punika dipunwastani minangka bhakti. Bhakti suraosipun bilih kridha-kridha punika, sanaos piyambakipun sedaya ketingalipun sami kados limrahipun kridha-kridha, nanging sedayanipun minangka kridha-kridha ingkang mboten cemer. Sedayanipun sampun dipunsucekaken. Dados satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun sipat mboten-lantip saget ugi mirsani bilih satunggaling panyembah saweg ngasta damel kados limrahipun tiyang sanesipun, nanging tiyang ingkang seserepanipun andhap sanget, piyambakipun mboten mangertosi bilih kridha-kridhanipun satunggaling panyembah utawi kridha-kridha Gusti Pangeran menika mboten cemer dening kainsapan material ingkang reged, rereged ingkang sangkanipun saking tri guṇa, tiga sipat ngalam, nanging kridha-kridha punika inggih minangka kainsapan ingkang rohani. Dados kainsapan kawula sedaya sampun cemer dening kawontenan material, kawula sedaya kedah mangertosi perkawis punika.