JV/Prabhupada 1066 - Para Priyantun Ingkang Kirang Lantip, Sedayanipun Mastani Kaluhuran Ingkang Utami Minangka Ingkang Mboten Kagungan Kaprianggan

Revision as of 08:43, 3 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1066 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados samukawis tatanan miyosaken lakon utami, lakon utami saking pangriptaan, lan ing salebeting lelakon punika, ingkang minangka lakon utami inggih menika Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, lajeng sedaya sagung dumadi, piyambakipun sedaya nanging minangka ingkang sesarengan ngasto damel. Lumantar asto damel sesarengan punika, piyambakipun sedaya ugi ngerahapi. Kawontenan ingkang sumambung punika nunggili kawontenan ingkang sumambung antawis bendara kaliyan abdi sewaka. Menawi bendara rumaos kalegan, menawi piyambakipun rumaos kalegan sanget, mila sedaya abdi sewaka ugi dados tumut rumaos kalegan. Kados mekaten tatananipun. Sami kados mekaton ugi babaganipun, bilih Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos kedahipun dipunarem-aremi, dipunlegaaken, sanadyan karsa kangge dados ingkang ngeripta kaliyan karsa kangge dados ingkang ngrahapi alam dunya material punika wonten ... Sedaya karsa punika wonten ing sedaya sagung dumadi amargi sedaya karsa punika ugi wonten ing Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Panjenenganipun sampun ngeriptaaken lan ngawujudaken alam dunya kosmik punika.

Amargi menika kawula sedaya ajeng manggihi ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih samukawis ingkang sangkep punika nyumahabi Pangendhali Utami, sedaya sagung dumadi ingkang dipunkendhaliaken, wewujudan alam dunya kosmik, kala ingkang langgeng kaliyan sedaya laku lan kridha, sedaya punika dipundharaken krana sangkep. Dados samukawis ingkang sesarengan wonten krana sangkep punika dipunwastani minangka Kaluhuran Paripurna. Samukawis ingkang sangkep punika utawi Kaluhuran Paripurna Ingkang Utami punika menawi mekaten inggih menika Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Śrī Kṛṣṇa. Kados sampun kawula utaraaken, bilih pangriptaan punika dipunlumaksanaaken lumantar energi-energi Panjenenganipun ingkang maneka warni, lan Panjenenganipun minangka Samukawis Ingkang Paripurna.

Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika ugi pinarak wonten ing ngadhapipun Kaprianggan Ingkang Paripurna. Brahmaṇo 'haṁ pratiṣṭhā (BG 14.27). Brahman ingkang mboten gadhah kaprianggan punika ... Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika ugi dipunandharaken krana werit ing salebetipun Brahma-sūtra minangka teja. Kados wonten tejanipun srengenge ingkang sangkanipun saking srengenge, utawi planet srengenge, mila sami kados mekaten babaganipun, Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan minangka teja gilang-gumilang saking Brahman Ingkang Utami utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Amargi menika Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika minangka pambudi ingkang mboten sangkep saking Samukawis Ingkang Paripurna, lan mekaten ugi konsepipun Paramātmā. Babagan punika ugi dipunandharaken. Puruṣottama-yoga. Nalika mangke kawula sedaya maos parwa ingkang ngandharaken babagan Puruṣottama-yoga, mila mangke ajeng ketingal bilih Kaprianggan Ingkang Utami, Puruṣottama, pinarak wonten ing sanginggilipun Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan lan minangka saperangan pambudi saking Paramātmā.

Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos dipunwastani minangka sac-cid-ānanda-vigrahaḥ (BS 5.1). Ing salebetipun Brahma-saṁhitā, kawitanipun diawiti kados mekaten : "īśvaraḥ paramaḥ kṛṣṇaḥ sac-cid-ānanda-vigrahaḥ/ anādir ādir govindaḥ sarva-kāraṇa-kāraṇam (BS 5.1)." "Govinda, Kṛṣṇa punika minangka karana saking sarwa karana. Panjenenganipun inggih menika Gusti Pangeran Ingkang Utami." Dados Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos kagungan sesipatan minangka sac-cid-ānanda-vigrahaḥ. Pambudi datheng Brahman ingkang mboten kagungan kaprianggan punika minangka pambudi dhateng bageyan sat, bageyan kalanggengan saking Panjenenganipun. Lajeng pambudi datheng Paramātmā punika minangka pambudi datheng sat-cit, pambudi datheng bageyan kalanggengan kaliyan kamangertosan. Nanging pambudi datheng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos utawi Kṛṣṇa minangka pambudi datheng sedaya sesipatan rohani kados sat, cit lan ānanda ing salebetipun wujud ingkang sangkep. Vigraha suraosipun sesepan utawi wujud. Avyaktaṁ vyaktim āpannaṁ manyante mām abuddhayaḥ (BG 7.24). Para priyantun ingkang kirang lantip, piyambakipun mastani Kaluhuran Ingkang Utami minangka ingkang mboten kagungan kaprianggan, nanging sejatosipun Panjeneganipun minangka sawijining priangga, priangga ingkang rohani sesipatanipun. Punika dipratelaaken ing salebetipun samukawis kasusastran Veda. Nityo nityānāṁ cetanaś cetanānām (Kaṭha Upaniṣad 2.2.13). Dados, sami kados kawula sedaya ingkang minangka priangga, sagung dumadi ingkang sesipatanipun individual, mila kawula sedaya minangka priangga-priangga ingkang kagungan individualitas kawula sedaya piyambak-piyambak, amargi kawula sedaya punika individual sesipatanipun, amargi menika sami babaganipun, Kaluhuran Ingkang Utami, Kaparipurnan Ingkang Utami punika ugi sawijining priangga. Nanging pambudi dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika minangka pambudi dhateng sedaya sesipatan rohani kados sat, cit, lan ānanda ing salebetipun wujud Panjenenganipun ingkang sangkep. Vigraha suraosipun wujud. Amargi menika Samukawis Ingkang Paripurna punika sanes mboten kagungan wujud. Menawi Panjenenganipun mboten kagungan wujud utawi Panjenenganipun mboten sangkep ing setunggal perkawis kemawon, mila Panjenenganipun mboten saget dados Samukawis Ingkang Paripurna. Samukawis Ingkang Paripurna kedah kagungan samubarang ing salebetipun menapa kemawon ingkang kawula sedaya lampahi lan Panjenenganipun kedah nglangkungi samubarang luwangan kawula sedaya. Menawi mboten mekaten, mila Panjenenganipun sanes Samukawis Ingkang Paripurna.

Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Paripurna utawi Samukawis Ingkang Paripurna kagungan daya kasantosan ingkang ageng sanget. Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate (CC Madhya 13.65, purport). Punika inggih ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, babagan kados pundi tumindakipun Panjenenganipun lumantar daya kasantosanipun Panjenenganipun ingkang maneka warni. Alam dunya material ingkang ngedab-edabi punika, ingkang pundi kawula sedaya semangkin nembe dipunpanggenaken, ugi sangkep amargi pūrṇam idam (Śrī Īśopaniṣad, Invocation). 24 unsur miturut filsafat Sāṅkhya, 24 unsur ingkang minangka sangkanipun alam dunya material punika naming minangka wewujudan ingkang samentawis kemawon sesipatanipun, krana sangkep dipuncecekaken kangge ngangsalaken samukawis ingkang sangkep, ingkang dipunbetahaken kangge pangupakaraan lan kasinambungan kagesangan jagad raya punika. Mboten dipunbetahaken pamarsudi wewahan saking lintune kangge pangupakaraan jagad raya. Samukawis lumaksana wonten ing wekdalipun piyambak-piyambak, ingkang dipuntamtoaken dening energi ingkang sangkanipun saking Samukawis Ingkang Paripurna. Lajeng menawi wekdalipun sampun sangkep, wewujudan-wewujudan samentawis punika ajeng disirnaaken dening tatanan ingkang sangkep saking Ingkang Paripurna.