JV/Prabhupada 1068 - Wonten Tigang Werni Kridha Ingkang Sami Kados Dene Sipatipun Ngalam Ingkang Benten-benten

Revision as of 07:00, 8 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1068 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun pūrṇam utami dahat paripurna, mila mboten wonten antawisipun bilih Panjenenganipun dipunkawonaken dening paugeran ngalam dunya material. Amargi menika sawijining priyantun kedah cekap lantip kangge mengertosi bilih kejawi Gusti Pangeran, mila mboten wonten tiyang ingkang minangka ingkang kagungan samukawis ing salebetipun jagad raya punika. Babagan punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā :

ahaṁ sarvasya prabhavo
mattaḥ sarvaṁ pravartate
iti matvā bhajante māṁ
budhā bhāva-samanvitāḥ
(BG 10.8)

Gusti Pangeran inggih menika Pangripta Ingkang Kawitan. Panjenenganipun minangka ingkang mangriptaaken dewa Brahmā. Panjenenganipun sayektos ingkang mangriptaaken ... Punika ugi dipunandharaken. Panjenenganipun ingkang mangriptaaken dewa Brahmā. Ing lebetipun Parwa Kaping Sewelas, Gusti Pangeran dipunandharaken minangka prapitāmaha (BG 11.39) amargi dewa Brahmā dipunandharaken minangka pitāmaha utawi eyang kakung. Nanging Gusti Pangeran menika malah ingkang dados pangripta saking eyang kakung punika. Dados kedahipun mboten wonten sawijining priyantun ingkang mrayogaaken piyambakipun minangka ingkang kagungan saking samukawis punika, nanging piyambakipun kedahipun nampi samukawis ingkang sampun ditamtoaken dening Gusti Pangeran minangka cadhongan pangupakaran piyambakipun. Kala punika, kathah lupiya babagan kados pundi kawula sedanten kedahipun migunaaken bageyan peparingan saking Gusti Pangeran punika. Babagan punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Ing kawitanipun, Arjuna sampun namtoaken bilih piyambakipun mboten purun ngadilaga. Katamtoan punika minangka pikantuk saking angen-angen piyambakipun. Arjuna sanjang dhateng Gusti Pangeran bilih piyambakipun mboten wiyagah ngerahapi karatyan sesampunipun piyambakipun mejahaken kulawarga piyambakipun. Wawasan punika dituwuhaken saking pambudi ingkang adedhasar salira material piyambakipun. Amargi piyambakipun menggalih bilih salira piyambakipun inggih menika piyambakipun lajeng sedanten kulawarga piyambakipun ingkang sesipatanipun salira punika, inggih menika sedherek-sedherekipun, pulunan-pulunanipun, marasepah kaliyan eyang kakungipun, piyambakipun sedaya minangka pamiyaran saking salira piyambakipun, lan piyambakipun nembe menggalih kados mekaten naming kangge ngalegani panyuwunan saking saliranipun piyambak. Lajeng samukawis sampun dingendikaaken dening Gusti Pangeran kagem ngewahaken wawasan ingkang mekaten punika. Lan wusantenipun piyambakipun mipakat kangge tumindak miturut pituduh saking Gusti Pangeran. Lajeng piyambakipun sanjang, kariṣye vacanaṁ tava (BG 18.73).

Amargi menika ing lebetipun ngalam dunya punika, umat manungsa mboten dipunkersaaken kangge sulayan kados para kucing kaliyan segawon. Piyambakipun sedanten kedah cekap lantip kangge mangertosi wigatosipun kagesangan ing salebetipun salira manungsa lan mboten tumindak kados limrahipun satwa. Kedahipun piyambakipun .... Sawijining manungsa kedahipun mangertosi angkahipun kagesangan ing salebetipun salira manungsa. Pituduh punika diparingaken ing lebetipun sedanten kasusastran Veda lan underanipun diparingaken ing lebetipun Bhagavad-gītā. Kasusastraan Veda katujoaken kangge sedanten umat manungsa nanging sanes katujoaken kangge para kucing lan segawon. Para kucing lan segawon saget mejahaken satwa lintune ingkang minangka dhaharan piyambakipun, lan sanadyan mekaten mboten wonten mala ingkang kedah dipuntanggel para satwa punika sedanten. Nanging menawi lajeng sawijining manungsa mejahaken satwa naming kangge ngalegaaken panyuwunan saking jihwa piyambakipun ingkang mboten saget dipunkendhaliaken, mila piyambakipun kedah nanggel jawabaken kridha punika amargi piyambakipun sampun ngelanggar paugeran ngalam punika. Lan ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipunandharaken krana kawistara sanget bilih wonten tiga rupi kridha miturut sesipatanipun ngalam ingkang benten-benten inggih menika : kridha ingkang sesipatanipun kabecikan, kridha ingkang sesipatanipun nafsu kaliyan kridha ingkang sesipatanipun kamudha-daman. Mekaten ugi, mila wonten tiga rupi dhaharan ugi inggih menika : dhaharan ing salebetipun sesipatan kabecikan, dhaharan ing salebetipun sesipatan nafsu kaliyan dhaharan ing salebetipun sesipatan kamudha-daman. Sedanten babagan punika dipunandharaken krana kawistara, lan menawi kawula sedanten numindakaken pituduh-pituduh saking salebetipun Bhagavad-gītā krana saleresipun, mila samukawis kagesangan kawula sedanten ajeng dados kasuceaken lan angkahipun kawula sedanten ajeng angsal damel. Yad gatvā na nivartante tad dhāma paramaṁ mama (BG 15.6).

Andharan punika dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih ing nginggilipun antariksa material punika, wonten antariksa rohani lintune, ingkang dipunwastani minangka antariksa sanātana. Ing antariksa material punika, ing antariksa ingkang kalimputan punika, kawula sedanten manggihi bilih samukawis ingkang wonten mrika samentawis sesipatanipun. Samukawis punika dipunwujudaken, lajeng mboten ewah sauntawis, lajeng ngangsalaken sawijining pikantuk, sasampunipun samukawis punika dados sungsud lan wusantenipun dados sirna. Kados mekaten paugeran saking ngalam dunya material punika. Panjenengan sampun angsal salira punika, lajeng panjenengan ugi angsal sawijining pikantuk utawi menapa kemawon ingkang dipunangriptaaken wonten mriki, lajeng ing wusantenipun sedanten punika ajeng disirnaaken Dados ing nginggilipun ngalam dunya ingkang samentawis sesipatanipun punika, wonten ngalam dunya lintune, lan andharan babagan ngalam punika inggih kados mekaten bilih : paras tasmāt tu bhāvaḥ anyaḥ (BG 8.20). Wonten ngalam lintune ingkang langgeng, sanātana, ingkang suraosipun minangka langgeng utawi lestari. Lan jīva, piyambakipun ugi dipunandharaken minangka sanātana. Mamaivāṁśo jīva-bhūtaḥ jīva-loke sanātanaḥ (BG 15.7). Sanātana, sanātana suraosipun langgeng. Lajeng Gusti Pangeran ugi dipunandharaken minangka sanātana ing lebetipun Parwa Kaping Sewelas. Dados amargi kawula sedanten kagungan kawontenan sumambung ingkang raket sanget kaliyan Gusti Pangeran, lan kawula sedanten kagungan sesipatan ingkang sami kaliyan Panjenenganipun ... Sanātana-dhama, Kaprianggan Ingkang Utami ingkang sanātana sesipatanipun kaliyan sagung dumadi ingkang sanātana ugi sesipatanipun, sedanten punika wonten ing tataran sesipatan ingkang sami. Amarginipun samukawis angkahipun saking Bhagavad-gītā inggih menika kangge nggesangaken maleh kapinarakan sanātana kawula sedanten utawi sanātana, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, utawi kapinarakan ingkang langgeng saking sagung dumadi. Kala punika kawula sedanten nembe ewed ing salebetipun maneka warni laku lan kridha ingkang samentawis sesipatanipun, lan sedanten laku kaliyan kridha punika nembe kasuceaken. Nalika kawula sedanten ngendelaken sedanten laku lan kridha ingkang samentawis sesipatanipun punika, sarva-dharmān parityajya (BG 18.66), lan nalika kawula sedanten numindaaken sedanten laku lan kridha ingkang dipunkersaaken dening Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila punika ingkang dipunwastani minangka kagesangan suci kagunganipun kawula sedanten.