JV/Prabhupada 1069 - Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah

Revision as of 10:14, 8 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1069 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Amargi punika, sanātana-dharma, kados sampun dipunandharaken ing nginggil bilih Gusti Pangeran punika kagungan sesipatan sanātana, lan panggenan rohani ingkang wonten ing antariksa rohani punika ugi kagungan sesipatan sanātana. Lajeng sagung dumadi, piyambakipun sedanten ugi kagungan sesipatan sanātana. Mila pasrawungan antawis Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos ingkang kagungan sesipatan sanātana kaliyan sagung dumadi ingkang ugi kagungan sesipatan sanātana ing panggenan ingkang sesipatanipun ugi sanātana minangka angkah utami saking kagesangan ing salebetipun salira manungsa. Gusti Pangeran punika linuwih lan sae sanget dhateng sagung dumadi. amargi sagung dumadi dipunpratelaaken minangka para putera saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Gusti Pangeran mratelaaken bilih : sarva-yoniṣu kaunteya sambhavanti mūrtayo yāḥ (BG 14.4). Sedanten kagesangan, sarwa sagung dumadi .... Wonten maneka warni sagung dumadi miturut karma piyambakipun sedanten ingkang benten-benten, nanging Gusti Pangeran mratelaaken bilih Panjenenganipun minangka rama saking sarwa sagung dumadi, lan Panjenenganipun tedhun dhateng ngalam dunya material punika kangge ngangsalaken malih sedanten jiwa-jiwa ingkang nembe kasindhet lan nembe supe punika, kersanipun saget wangsul dhateng sanātana-dhāma, dhateng antariksa ingkang kagungan sesipatan sanātana, saengga sagung dumadi ingkang ugi kagungan sesipatan sanātana punika saget ngewangsuli ngyasaaken kapinarakan piyambakipun ing salebetipun pasrawungan ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran rawuh piyambak lumantar maneka warni inkarnasi utawi pangejawantahan Panjenenganipun. Panjenenganipun ngintunaken abdi sewaka ingkang sampun dipunpitadosi sanget dening Panjenenganipun minangka putera utawi mitra Panjenenganipun lan minangka para ācārya, kangge ngangsalaken malih sedanten jiwa ingkang kasindhet punika.

Dados sanātana-dharma punika sanes minangka sawijining agama ingkang kagungan sesipatan sektarian. Sanātana-dharma punika minangka hakekat ingkang langgeng saking sagung dumadi ingkang ugi langgeng ing salebetipun kawontenan ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos ingkang langgeng. Dados, menawi kawula sedanten ngalelimbangaken sanātana-dharma, mila suraosipun inggih menika hakekat ingkang langgeng Śrīpāda Rāmānujācārya sampun mangandharaken tembung sanātana minangka : "Ingkang mboten kagungan kawitan lan ingkang mboten nate wasana." Lajeng nalika kawula sedanten ngrembag sanātana-dharma, mila kawula sedanten kedah nampi sedanten kawasesan saking Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kagungan kawitan lan mboten nate wasana. Tembung agama punika piyambak kagungan sakedhik kabentenan kaliyan tembung sanātana-dharma. Agama nglantaraken pangudaraos babagan kapitadosan. Kapitadosan saget ewah. Sawijining priyantun saget kemawon kagungan kapitadosan ing salebetipun sawijining agama tartamto, lan sesampunipun piyambakipun mbok menawi ajeng ngewahaken kapitadosan punika kangge nampi kapitadosan lintune. Nanging sanātana-dharma suraosipun inggih menika ingkang mboten saget ewah, mboten saget ewah. Sami kados toya ingkang sesipatanipun cuwer. Sesipatan cuwer punika mboten saget dipunewahaken saking toya. Kados ugi benter lan agni. Sesipatan benter punika mboten saget dipunewahaken saking agni. Lajeng mekaten ugi, hakekat langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, inggih ugi mboten saget dipunewahaken. Mboten wiyagah kangge ngewahaken sanātana-dharma. Kawula sedanten kedah manggihi menapa sejatosipun ingkang minangka hakekat langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng punika. Amargi menika nalika kawula sedanten ngrembag babagan sanātana-dharma, kawula sedanten kedah nampi sedanten kawasesan saking Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kagungan kawitan lan mboten nate wasana. Ingkang mboten kagungan kawitan lan ingkang mboten nate wasana punika mesthi kemawon mboten kagungan sesipatan sektarian utawi kagungan sesipatan ingkang naming kasingget ing salebetipun sawijinng singgetan kemawon. Nalika kawula ngawontenaken pasamuwan kangge ngrembag sanātana-dharma, para priyantun ingkang numutaken kapitadosan-kapitadosan agama ingkang mboten kagungan sesipatan langgeng mbok menawi sampun klentu nyuraosaken sanātana-dharma, bilih kawula nembe numindaaken ingkang sektarian sesipatanipun. Nanging menawi kanula sedanten marsudi babagan punika langkung lebet malih kaliyan nampi samukawis ing salebetipun terangipun teja seserepan modern, mila kawula sedanten ajeng saget mirsani sanātana-dharma minangka sawijining padamelan saking sedanten manungsa ing samukawis ngalam dunya punika, oh, sanes ... saking sagung dumadi ing jagad raya punika. Kapitadosan agama ingkang mboten kagungan sesipatan sanātana mbok menawi kagungan kawitan-kawitanipun ing salebetipun sejarah masyarakat manungsa, nanging mboten nate wonten sejarahipun sanātana-dharma, amargi sanātana-dharma punika salawasipun wonten ing salebetipun sejarah saking sagung dumadi. Menawi kawula sedanten ngrembag babagan sagung dumadi, mila saking kasusastraan ingkang kagungan kawasesan, kawula sedanten saget manggihi bilih sagung dumadi ugi mboten nate dipunwedalaken utawi pejah. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, babagan punika dipratelaaken krana kawistara sanget bilih sagung dumadi mboten nate dipunwedalaken, lan piyambakipun ugi mboten nate pejah. Piyambakipun langgeng, mboten saget dipunsirnaaken, lan piyambakipun mboten pejah sesampunipun salira material piyambakipun ingkang samentawis sesipatanipun punika dipunsirnaaken.