JV/Prabhupada 1073 - Sampun Dangu Sanget Kawula Sedaya Mboten Ngendhegaken Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1073 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 1072 - Tilaraken Ngalam Dunya Material Punika Lan Angsalaken Kagesangan Ingkang Langgeng Kagungan Kawula Sedanten Ing Karatyan Ingkang Lestari|1072|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1072 - Tilaraken Ngalam Donya Material Punika Lan Angsalaken Gesangipun Kawula Sedaya Ingkang Langgeng Ing Karatyan Ingkang Lestari|1072|JV/Prabhupada 1074 - Sedaya Kasangsaran Ingkang Dipunlampahi Ing Ngalam Donya Material Punika Dipunsababaken Dening Salira Punika|1074}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|h6PY9S27t8c|Sampun Dangu Sanget Kawula Sedanten Mboten Ngendelaken Karsa Kangge Nguwaosi Ngalam Dunya Material<br/>- Prabhupāda 1073}}
{{youtube_right|Cv6B7yQIjgI|Sampun Dangu Sanget Kawula Sedaya Mboten Ngendhegaken Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material<br/>- Prabhupāda 1073}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Ing lebetipun Parwa 15 saking Bhagavad-gītā, sampun dipunsumaosaken citra ingkang sejatos saking ngalam dunya material punika. Dipunandharaken ing mrika bilih :  
Ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā, sampun dipuncaosaken citra sejatosipun ngalam donya material punika. Dipunandharaken ing mrika bilih :  


<div class="quote_verse">
<div class="quote_verse">
Line 43: Line 43:
</div>
</div>


Kala punika, ngalam dunya material punika dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā minangka sawijining wreksa ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil, ūrdhva-mūlam. Menapa panjenengan sedanten sampun nate mirsani sawijining wreksa ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil? Kawula sedanten nate mirsani wreksa ingkang kados mekaten, ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil, lumantar bendalan. Menawi kawula sedanten jumeneng ing bambingipun sawijining lepen utawi telaga, kawula sedanten saget mirsani bilih wreksa-wreksa ingkang wonten ing bambingipun lepen utawi telaga punika dibendalaken dhateng nginggil lumahipun toya minangka wreksa-wreksa ingkang uwitipun tuwuh dhateng ngandhap lan uwodipun tuwuh dhateng nginggil. Dados ngalam dunya material punika sayektosipun inggih menika sawijining bendalan saking ngalam dunya rohani. Sami kados bendalan saking wreksa ing bambingipun telogo ingkang ketingal kados kesungsang, inggih mekaten ugi ngalam dunya material punika, piyambakipun dipunwastani minangka ayang-ayang. Ing lebetipun sawijining ayang-ayang mboten nate saget wonten kasunyatan, nanging ing wekdal ingkang sami punika, saking ayang-ayang menika kawula sedanten saget mangertosi bilih wonten sawijining kasunyatan. Wonten sawijining lupiya saking ayang-ayang punika, upaminipun ayang-ayang saking toya ing sawijining segara wedhi, ingkang nuwuhaken citra bilih pindha wonten toya ing segara wedhi ingkang sayektosipun mboten wonten toya. Sami kados mekaten, ing salebetipun bendalan saking ngalam dunya rohani, utawi ing salebetipun ngalam dunya material punika, sampun mboten wonten keringa-ringan malih, mboten wonten karaharjan, mboten wonten toya. Nanging toya ingkang sejatos, utawi karaharjan ingkang sayektos, wonten ing lebetipun ngalam dunya rohani. Gusti Pangeran maringaken pituduh bilih sawijining priyantun kedah nggayuhi ngalam dunya rohani punika lumantar tata krama ingkang kados mekaten, nirmāna-mohā.  
Sapunika, ngalam donya material punika dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā minangka satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil, ūrdhva-mūlam. Menapa panjenengan sedaya sampun nate mirsani satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil? Kawula sedaya nate mirsani wreksa ingkang kados mekaten, ingkang oyodipun tuwuh manginggil, lumantar bendalan. Menawi kawula sedaya madeg ing pinggiripun satunggaling lepen utawi telaga, kawula sedaya saget mirsani bilih wreksa-wreksa ingkang wonten ing pinggiripun lepen utawi telaga punika dipunbendalaken ing nginggil lumahipun toya minangka wreksa-wreksa ingkang witipun tuwuh mangandhap lan oyodipun tuwuh manginggil. Dados ngalam donya material punika sayektosipun minangka satunggaling bendalan saking ngalam donya rohani. Sami kados dene bendalanipun wreksa ing pinggiripun telaga ingkang ketingalipun kados sungsang, sami kados dene, ngalam donya material punika, piyambakipun dipunwastani minangka bayangan. Bayangan. Lan ing salebetipun satunggaling bayangan mboten nate saget wonten kasunyatan, nanging sanalikanipun, saking bayangan punika kawula sedaya saget mangertosi bilih wonten satunggaling kasunyatan. Satunggaling tuladha saking bayangan, upaminipun bayanganipun toya ing satunggaling segara wedhi, ingkang nuwuhaken citra bilih ing segara wedhi ingkang mboten wonten toya, pindha wonten toya ing mrika. Sami kados dene, ing salebetipun bendalanipun ngalam donya rohani, utawi ing salebetipun ngalam donya material punika, sampun mboten dipunmangu-manguaken malih, mboten wonten karaharjan, mboten wonten toya. Nanging toya ingkang sejati, utawi karaharjan ingkang sejati, wonten ing salebetipun ngalam donya rohani. Gusti Pangeran maringaken pitedah bilih satunggaling priyantun kedah nggayuh ngalam donya rohani punika lumantar nindakaken tata krama ingkang kados mekaten, nirmāna-mohā.  


<div class="quote_verse">
<div class="quote_verse">
Line 53: Line 53:
</div>
</div>


Padam avyayam punika, karatyan ingkang lestari punika saget dipungayuhi dening sawijining priyantun ingkang nirmāna-mohā. Nirmāna-mohā. Nirmāna suraosipun kawula sedanten nembe ngersaaken sanget ngangsalaken jejuluk-jejuluk. Kawula sedanten ngersaaken jejuluk-jejuluk punika kanthi klentu. Wonten tiyang ingkang ngersaken dados bendara, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados panguwaos, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados presiden utawi wonten tiyang ingkang ngersaaken dados sawijining artawan lan wonten tiyang ingkang ngersaaken dados ingkang lintune malih, dados ratu. Sedanten jejuluk punika, sampun dangu sanget kawula sedanten kasindet dhateng sedanten jejuluk punika ... Amargi sedanten jejuluk punika kabakuaken dhateng salira, wondene kawula sedanten sanes salira punika. Punika konsep kaping setunggal saking kainsafan rohani. Dados sawijining priyantun kedah mboten kagungan pangraos katresnan dhateng jejuluk-jejuluk. Lan jita-saṅga-doṣā, saṅga-doṣā. Kala punika kawula sedanten nembe wonten ing kasumambungan kaliyan tiga rupi sesipatan ngalam dunya, lan menawi kawula sedanten saget dados uwal saking kasumambungan punika lumantar pangladosan bhakti dhumateng Gusti Pangeran .... Sampun dangu sanget kawula sedanten mboten kagungan pangraos katresnan dhateng pangladosan bhakti dhumateng Gusti Pangeran saengga kawula sedanten mboten saget uwal saking katiga rupi sesipatan ngalam dunya punika. Amargi menika Gusti Pangeran ngendika, vinivṛtta-kāmāḥ, jejuluk-jejuluk utawi sindhetan-sindhetan punika wonten amargi saking nafsu kawula sedanten, saking karsa kawula sedanten. Kawula sedanten ngersaaken nguwaosi ngalam dunya material. Dados, sampun dangu sanget kawula sedanten mboten ngendelaken karsa kangge nguwaosi ngalam dunya material, mila dumugi kala punika ugi mboten wonten antawisipun kangge wangsul malih dhateng karatyan Gusti Pangeran, sanātana-dhāma. Dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair gacchanty amūḍhāḥ, amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat ([[Vanisource:BG 15.5 (1972)|BG 15.5]]). Karatyan ingkang lestari punika, ingkang mboten nate dipunleburaken kados ngalam dunya material punika, saget dipungayuhi dening amūḍhāḥ. Amūḍhāḥ suraosipun ingkang mboten kewidhengan, sawijining priyantun ingkang mboten kewidhengan dening kanikmatan ingkang lancung. Lan sawijining priyantun ingkang wonten ing salebetipun pangladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mila piyambakipun minangka tiyang ingkang cecek kangge nggayuhi karatyan ingkang lestari punika. Karatyan ingkang lestari punika mboten mbetahaken srengenge, candra utawi listrik. Kados mekaten punika andharan babagan anggenipun nggayuhi karatyan ingkang lestari.  
Padam avyayam punika, karatyan ingkang lestari punika saget dipungayuh dening satunggaling priyantun ingkang nirmāna-mohā. Nirmāna-mohā. Nirmāna suraosipun kawula sedaya saweg nglayokaken jejuluk-jejuluk. Kawula sedanten ngersaaken jejuluk-jejuluk punika kanthi klintu. Wonten tiyang ingkang ngersaaken dados bendara, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados panguwaos, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados presiden utawi wonten tiyang ingkang ngersaaken dados satunggaling artawan lan wonten tiyang ingkang ngersaaken dados ingkang sanesipun malih, dados ratu. Sedaya jejuluk punika, sampun dangu sanget kawula sedaya kasindet dhateng sedaya jejuluk punika ... Amargi sedaya jejuluk punika adhedasar dhateng salira, wondening kawula sedaya sanes salira punika. Punika minangka konsep kaping setunggal saking kainsapan rohani. Dados satunggaling priyantun kedah mboten nggadhahi raos kesengsem dhateng jejuluk-jejuluk. Lan jita-saṅga-doṣā, saṅga-doṣā. Sapunika kawula sedaya saweg wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan tigang werni sipat-sipat ngalam, lan menawi kawula sedaya saget uwal saking sesambetan punika lumantar paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran .... Sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngraos kesengsem dhateng paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran saengga kawula sedaya mboten saget uwal saking tigang werni sipat-sipat ngalam punika. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh, vinivṛtta-kāmāḥ, jejuluk-jejuluk utawi sindhetan-sindhetan punika miyos amargi wontenipun napsu kawula sedaya, amargi wontenipun pepinginanipun. Kawula sedaya ngersaaken nguwaosi ngalam donya material. Dados, sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngendhegaken pepinginan kangge nguwaosi ngalam material, mila dumugi sapunika ugi mboten wonten antawisipun kangge wangsul malih dhateng karatyan Gusti Pangeran, sanātana-dhāma. Dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair gacchanty amūḍhāḥ, amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat ([[Vanisource:BG 15.5 (1972)|BG 15.5]]). Karatyan ingkang lestari punika, ingkang mboten nate dipunleburaken kados ngalam donya material punika, saget dipungayuh dening amūḍhāḥ. Amūḍhāḥ suraosipun ingkang mboten dipunjudhegaken, satunggaling priyantun ingkang mboten dipunjudhegaken dening kanikmatan ingkang lancung. Lan satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mila piyambakipun minangka tiyang ingkang cecek kangge nggayuh karatyan ingkang lestari punika. Lan karatyan ingkang lestari punika mboten mbetahaken surya, candra utawi listrik. Kados mekaten sagebyaran citra anggenipun nggayuh karatyan ingkang lestari.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 04:10, 12 July 2019



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā, sampun dipuncaosaken citra sejatosipun ngalam donya material punika. Dipunandharaken ing mrika bilih :

ūrdhva-mūlam adhaḥ-śākham
aśvatthaṁ prāhur avyayam
chandāṁsi yasya parṇāni
yas taṁ veda sa veda-vit
(BG 15.1)

Sapunika, ngalam donya material punika dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā minangka satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil, ūrdhva-mūlam. Menapa panjenengan sedaya sampun nate mirsani satunggaling wreksa ingkang oyodipun tuwuh manginggil? Kawula sedaya nate mirsani wreksa ingkang kados mekaten, ingkang oyodipun tuwuh manginggil, lumantar bendalan. Menawi kawula sedaya madeg ing pinggiripun satunggaling lepen utawi telaga, kawula sedaya saget mirsani bilih wreksa-wreksa ingkang wonten ing pinggiripun lepen utawi telaga punika dipunbendalaken ing nginggil lumahipun toya minangka wreksa-wreksa ingkang witipun tuwuh mangandhap lan oyodipun tuwuh manginggil. Dados ngalam donya material punika sayektosipun minangka satunggaling bendalan saking ngalam donya rohani. Sami kados dene bendalanipun wreksa ing pinggiripun telaga ingkang ketingalipun kados sungsang, sami kados dene, ngalam donya material punika, piyambakipun dipunwastani minangka bayangan. Bayangan. Lan ing salebetipun satunggaling bayangan mboten nate saget wonten kasunyatan, nanging sanalikanipun, saking bayangan punika kawula sedaya saget mangertosi bilih wonten satunggaling kasunyatan. Satunggaling tuladha saking bayangan, upaminipun bayanganipun toya ing satunggaling segara wedhi, ingkang nuwuhaken citra bilih ing segara wedhi ingkang mboten wonten toya, pindha wonten toya ing mrika. Sami kados dene, ing salebetipun bendalanipun ngalam donya rohani, utawi ing salebetipun ngalam donya material punika, sampun mboten dipunmangu-manguaken malih, mboten wonten karaharjan, mboten wonten toya. Nanging toya ingkang sejati, utawi karaharjan ingkang sejati, wonten ing salebetipun ngalam donya rohani. Gusti Pangeran maringaken pitedah bilih satunggaling priyantun kedah nggayuh ngalam donya rohani punika lumantar nindakaken tata krama ingkang kados mekaten, nirmāna-mohā.

nirmāna-mohā jita-saṅga-doṣā
adhyātma-nityā vinivṛtta-kāmāḥ
dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair
gacchanty amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat
(BG 15.5)

Padam avyayam punika, karatyan ingkang lestari punika saget dipungayuh dening satunggaling priyantun ingkang nirmāna-mohā. Nirmāna-mohā. Nirmāna suraosipun kawula sedaya saweg nglayokaken jejuluk-jejuluk. Kawula sedanten ngersaaken jejuluk-jejuluk punika kanthi klintu. Wonten tiyang ingkang ngersaaken dados bendara, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados panguwaos, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados presiden utawi wonten tiyang ingkang ngersaaken dados satunggaling artawan lan wonten tiyang ingkang ngersaaken dados ingkang sanesipun malih, dados ratu. Sedaya jejuluk punika, sampun dangu sanget kawula sedaya kasindet dhateng sedaya jejuluk punika ... Amargi sedaya jejuluk punika adhedasar dhateng salira, wondening kawula sedaya sanes salira punika. Punika minangka konsep kaping setunggal saking kainsapan rohani. Dados satunggaling priyantun kedah mboten nggadhahi raos kesengsem dhateng jejuluk-jejuluk. Lan jita-saṅga-doṣā, saṅga-doṣā. Sapunika kawula sedaya saweg wonten ing salebetipun sesambetan kaliyan tigang werni sipat-sipat ngalam, lan menawi kawula sedaya saget uwal saking sesambetan punika lumantar paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran .... Sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngraos kesengsem dhateng paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran saengga kawula sedaya mboten saget uwal saking tigang werni sipat-sipat ngalam punika. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh, vinivṛtta-kāmāḥ, jejuluk-jejuluk utawi sindhetan-sindhetan punika miyos amargi wontenipun napsu kawula sedaya, amargi wontenipun pepinginanipun. Kawula sedaya ngersaaken nguwaosi ngalam donya material. Dados, sampun dangu sanget kawula sedaya mboten ngendhegaken pepinginan kangge nguwaosi ngalam material, mila dumugi sapunika ugi mboten wonten antawisipun kangge wangsul malih dhateng karatyan Gusti Pangeran, sanātana-dhāma. Dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair gacchanty amūḍhāḥ, amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat (BG 15.5). Karatyan ingkang lestari punika, ingkang mboten nate dipunleburaken kados ngalam donya material punika, saget dipungayuh dening amūḍhāḥ. Amūḍhāḥ suraosipun ingkang mboten dipunjudhegaken, satunggaling priyantun ingkang mboten dipunjudhegaken dening kanikmatan ingkang lancung. Lan satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun paladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mila piyambakipun minangka tiyang ingkang cecek kangge nggayuh karatyan ingkang lestari punika. Lan karatyan ingkang lestari punika mboten mbetahaken surya, candra utawi listrik. Kados mekaten sagebyaran citra anggenipun nggayuh karatyan ingkang lestari.