JV/Prabhupada 1073 - Sampun Dangu Sanget Kawula Sedaya Mboten Ngendhegaken Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material

Revision as of 10:03, 17 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1073 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ing lebetipun Parwa 15 saking Bhagavad-gītā, sampun dipunsumaosaken citra ingkang sejatos saking ngalam dunya material punika. Dipunandharaken ing mrika bilih :

ūrdhva-mūlam adhaḥ-śākham
aśvatthaṁ prāhur avyayam
chandāṁsi yasya parṇāni
yas taṁ veda sa veda-vit
(BG 15.1)

Kala punika, ngalam dunya material punika dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Gangsalwelas saking Bhagavad-gītā minangka sawijining wreksa ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil, ūrdhva-mūlam. Menapa panjenengan sedanten sampun nate mirsani sawijining wreksa ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil? Kawula sedanten nate mirsani wreksa ingkang kados mekaten, ingkang uwodipun tuwuh dhateng nginggil, lumantar bendalan. Menawi kawula sedanten jumeneng ing bambingipun sawijining lepen utawi telaga, kawula sedanten saget mirsani bilih wreksa-wreksa ingkang wonten ing bambingipun lepen utawi telaga punika dibendalaken dhateng nginggil lumahipun toya minangka wreksa-wreksa ingkang uwitipun tuwuh dhateng ngandhap lan uwodipun tuwuh dhateng nginggil. Dados ngalam dunya material punika sayektosipun inggih menika sawijining bendalan saking ngalam dunya rohani. Sami kados bendalan saking wreksa ing bambingipun telogo ingkang ketingal kados kesungsang, inggih mekaten ugi ngalam dunya material punika, piyambakipun dipunwastani minangka ayang-ayang. Ing lebetipun sawijining ayang-ayang mboten nate saget wonten kasunyatan, nanging ing wekdal ingkang sami punika, saking ayang-ayang menika kawula sedanten saget mangertosi bilih wonten sawijining kasunyatan. Wonten sawijining lupiya saking ayang-ayang punika, upaminipun ayang-ayang saking toya ing sawijining segara wedhi, ingkang nuwuhaken citra bilih pindha wonten toya ing segara wedhi ingkang sayektosipun mboten wonten toya. Sami kados mekaten, ing salebetipun bendalan saking ngalam dunya rohani, utawi ing salebetipun ngalam dunya material punika, sampun mboten wonten keringa-ringan malih, mboten wonten karaharjan, mboten wonten toya. Nanging toya ingkang sejatos, utawi karaharjan ingkang sayektos, wonten ing lebetipun ngalam dunya rohani. Gusti Pangeran maringaken pituduh bilih sawijining priyantun kedah nggayuhi ngalam dunya rohani punika lumantar tata krama ingkang kados mekaten, nirmāna-mohā.

nirmāna-mohā jita-saṅga-doṣā
adhyātma-nityā vinivṛtta-kāmāḥ
dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair
gacchanty amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat
(BG 15.5)

Padam avyayam punika, karatyan ingkang lestari punika saget dipungayuhi dening sawijining priyantun ingkang nirmāna-mohā. Nirmāna-mohā. Nirmāna suraosipun kawula sedanten nembe ngersaaken sanget ngangsalaken jejuluk-jejuluk. Kawula sedanten ngersaaken jejuluk-jejuluk punika kanthi klentu. Wonten tiyang ingkang ngersaken dados bendara, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados panguwaos, wonten tiyang ingkang ngersaaken dados presiden utawi wonten tiyang ingkang ngersaaken dados sawijining artawan lan wonten tiyang ingkang ngersaaken dados ingkang lintune malih, dados ratu. Sedanten jejuluk punika, sampun dangu sanget kawula sedanten kasindet dhateng sedanten jejuluk punika ... Amargi sedanten jejuluk punika kabakuaken dhateng salira, wondene kawula sedanten sanes salira punika. Punika konsep kaping setunggal saking kainsafan rohani. Dados sawijining priyantun kedah mboten kagungan pangraos katresnan dhateng jejuluk-jejuluk. Lan jita-saṅga-doṣā, saṅga-doṣā. Kala punika kawula sedanten nembe wonten ing kasumambungan kaliyan tiga rupi sesipatan ngalam dunya, lan menawi kawula sedanten saget dados uwal saking kasumambungan punika lumantar pangladosan bhakti dhumateng Gusti Pangeran .... Sampun dangu sanget kawula sedanten mboten kagungan pangraos katresnan dhateng pangladosan bhakti dhumateng Gusti Pangeran saengga kawula sedanten mboten saget uwal saking katiga rupi sesipatan ngalam dunya punika. Amargi menika Gusti Pangeran ngendika, vinivṛtta-kāmāḥ, jejuluk-jejuluk utawi sindhetan-sindhetan punika wonten amargi saking nafsu kawula sedanten, saking karsa kawula sedanten. Kawula sedanten ngersaaken nguwaosi ngalam dunya material. Dados, sampun dangu sanget kawula sedanten mboten ngendelaken karsa kangge nguwaosi ngalam dunya material, mila dumugi kala punika ugi mboten wonten antawisipun kangge wangsul malih dhateng karatyan Gusti Pangeran, sanātana-dhāma. Dvandvair vimuktāḥ sukha-duḥkha-saṁjñair gacchanty amūḍhāḥ, amūḍhāḥ padam avyayaṁ tat (BG 15.5). Karatyan ingkang lestari punika, ingkang mboten nate dipunleburaken kados ngalam dunya material punika, saget dipungayuhi dening amūḍhāḥ. Amūḍhāḥ suraosipun ingkang mboten kewidhengan, sawijining priyantun ingkang mboten kewidhengan dening kanikmatan ingkang lancung. Lan sawijining priyantun ingkang wonten ing salebetipun pangladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mila piyambakipun minangka tiyang ingkang cecek kangge nggayuhi karatyan ingkang lestari punika. Karatyan ingkang lestari punika mboten mbetahaken srengenge, candra utawi listrik. Kados mekaten punika andharan babagan anggenipun nggayuhi karatyan ingkang lestari.