JV/Prabhupada 1078 - Khusuk Lumantar Panggalih Lan Kalantipan Sadangunipun Sekawanlikur Jam Sadintenipun Ing Salebetipun Panggalih Menggah Ing Gusti Pangeran

Revision as of 17:02, 20 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1078 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Nalikanipun panjenengan kagungan rasa katresnan ingkang kiyat dhateng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila kawontenan punika ngantawisaken dhateng kawula sedanten kangge sanityasa nindakaken kuwajiban kawula sedanten, lan sanalikanipun ugi ngemut-emut Gusti Pangeran. Dados kawula sedanten kedah ngrembakaaken rasa punika. Sami kados Arjuna ingkang sanityasa ngemut-emut menggah ing Gusti Pangeran. Sadangunipun kaleh dasa sekawan jam sadinten, piyambakipun mboten nate nyupeaken Kṛṣṇa. Piyambakipun minangka mitranipun Kṛṣṇa kangge sadangunipun. Lan sanalikanipun piyambakipun ugi minangka sawijining kṣatriya. Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa mboten mrayogaaken dhateng Arjuna kangge ngendelaken kridha ngadilaga piyambakipun, lajeng tindak dhateng wana, tindak dhateng Himalaya kangge mertapa. Nalikanipun sistem yoga punika kaprayogaaken dhateng Arjuna, piyambakipun mboten purun nindakaken, amargi, "Sistem punika mestail kangge kawula." Lajeng Gusti Pangeran ngendika : yoginām api sarveṣāṁ mad-gatenāntarātmanā (BG 6.47). Mad-gatenāntarātmanā śraddhāvān bhajate yo māṁ sa me yuktatamo mataḥ. Dados sawijining priyantun ingkang sanityasa menggalih menggah ing Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila piyambakipun minangka yogī ingkang paling luhur, piyambakipun minangka jñānī ingkang paling linuwih lan piyambakipun ugi minangka panyembah ingkang paling mulya sanalikanipun. Gusti Pangeran mrayogaaken bilih tasmāt sarveṣu kāleṣu mām anusmara yudhya ca (BG 8.7). "Minangka kṣatriya, sampeyan ora isa ngendhegi ayahan ngadilagamu. Sampeyan kudu tetep menyang perang. Dadi nek sanalika iku sampeyan terus ngelingi Aku, mula bab iku dadi isa kaleksanan," anta-kāle ca mām eva smaran (BG 8.5), "lan ugo bakal dadi isa kaleksanan kangge ngelingi Aku nalika sampeyan tekaning pati."

Mayy arpita-mano-buddhir mām evaiṣyasy asaṁśayaḥ. Panjenenganipun ngendika sepindhah malih bilih mboten wonten karinga-ringan menggah ing perkawis punika. Menawi saijining priyantun masrahaken piyambakipun ing lebetipun pangladosan dhateng Gusti Pangeran, ing lebetipun pangladosan bhakti dhateng Gusti Pangeran, mayy arpita-mano-buddhir (BG 8.7). Amargi sejatosipun kawula sedanten mboten ngasta damel migunaaken salira kawula sedanten. Kawula sedanten ngasta damel migunaaken panggalih lan kalantipan kawula sedanten. Mila menawi kalantipan lan panggalih sanityasa kaewedaken ing lebetipun panggalih menggah ing Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mesthi kemawon limrahipun indriya-indriya kawula sedanten ugi dados ajeng kaewedaken ing lebetipun pangladosan dhateng Gusti Pangeran. Punika ingkang minangka guhyanipun Bhagavad-gītā. Sawijining priyantun kedah ngangsu kawruh wucalan punika, kados pundi anggenipun saget dados khusuk lumantar panggalih kaliyan kalantipan sadangunipun kaleh dasa sekawan jam sadinten ing lebetipun panggalih menggah ing Gusti Pangeran. Punika ajeng ngerencangi sawijining priyantun kangge mindhahaken piyambakipun mlebet ing karatyanipun Gusti Pangeran utawi mlebet ing swasana rohani sasampunipun nilaraken salira material piyambakipun. Para sarjana modern, piyambakipun sedanten sampun wewarsan mbudidaya kangge dugi ing planet candra, nanging dumugi kala punika piyambakipun sedanten dereng angsal damel. Nanging ing salebetipun Bhagavad-gītā punika, wonten setunggal prayoga. Umpaminipun sawijining priyantun kaparingaken gesang malih sadangunipun seket warsa lan piyambakipun ... Lan ing sadangunipun seket warsa punika mboten wonten setunggal tyang ingkang mbudidaya ngangkat piyambakipun mlebet ing pambudi rohani. Punika minangka pangudaraos ingkang sae sanget. Nanging sampun malih menawi sawijining priyantun nyobi nindakaken menggah ing punika sadangunipun sedasa utawi gasngsal warsa, mayy arpita-mano-buddhir (BG 8.7) ... Punika naming perkawis nindakaken kemawon. Lan tumindak ingkang kados mekaten saget kanthi gampil katindakaaken lumantar proses bhakti, śravaṇaṁ. Śravaṇaṁ. Proses ingkang paling gampil inggih menika mirengaken.

śravaṇaṁ kīrtanaṁ viṣṇoḥ
smaraṇaṁ pāda-sevanam
arcanaṁ vandanaṁ dāsyaṁ
sakhyam ātma-nivedanam
(SB 7.5.23)

Kasanga proses punika. Lan proses ingkang paling gampil inggih menika mirengaken.