JV/Prabhupada 1079 - Bhagavad-gītā Minangka Satunggaling Kasusastran Rohani Ingkang Kedah Dipunwaos Dening Satunggaling Priyantun Kanthi Ngatos-atos Sanget

Revision as of 16:25, 26 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1079 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Mirengaken Bhagavad-gītā utawi Śrīmad-Bhāgavatam saking priyantun ingkang sampun insaf diri, badhe nglatih dirinipun dados mlebet ing panggalih menggah ing Dumadi Ingkang Utami dangunipun sekawan likur jam sadinten, ingkang pungkasanipun badhe murugaken satunggaling priyantun, anta-kāle, kangge ngemut-emut Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, saengga nalikanipun nilaraken raganipun, piyambakipun badhe kagungan setunggal salira rohani, setunggal salira rohani, salira ingkang jumbuh kangge saget ndherek Gusti Pangeran. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh,

abhyāsa-yoga-yuktena
cetasā nānya-gāminā
paramaṁ puruṣaṁ divyaṁ
yāti pārthānucintayan
(BG 8.8)

Anucintayan, lumintu namung tansah menggalih menggah ing Panjenenganipun. Punika sanes setunggal proses ingkang ewed. Setunggaling priyantun kedah marsudi proses punika saking priyantun sanes ingkang sampun winasis lan ingkang salebetipun galer paguron punika. Tad vijñānārthaṁ sa gurum evābhigacchet (MU 1.2.12). Setunggaling priyantun kedahipun nyelaki priyantun sanes ingkang sampun nindakaken praktek punika. Dados abhyāsa-yoga-yuktena. Punika dipunwastani minangka abhyāsa-yoga, nindakaken. Abhyāsa ... Kados pundi anggenipun tansah emut dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Cetasā nānya-gāminā. Panggalih, panggalih punika tansah miber mrika-mriki. Mila setunggaling priyantun kedah nglatih kangge tansah ngendhalekaken penggalihipun mlebet dhateng wujudipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Ingkang Utami, utawi mlebet dhateng suwanten, mlebet dhateng asma Panjenenganipun ingkang langkung gampil. Kangge gantosipun ngendhalekaken penggalih kawula - amargi penggalih kawula judheg sanget, tansah ebah mrika-mriki, kawula saget ngedhalekaken talingan kawula dhateng geteripun suwanten saking Kṛṣṇa, lan sedaya wau badhe mbiyantu kawula. Punika abhyāsa-yoga. Cetasā nānya-gāminā paramaṁ puruṣaṁ divyaṁ. Paramaṁ puruṣa, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang wonten ing karatyan rohani, ing antariksa rohani, setunggaling priyantun saget nggayuh Panjenenganipun, anucintayan, kanthi teras-terasan menggalih. Dados proses-proses punika, sedaya anggenipun lan pirantinipun kasebataken ing salebetipun Bhagavad-gītā, lan mboten wonten pepalang kangge sinten kemawon. Sanes suraosipun bilih namung setunggal golongan tiyang tertamtu kemawon ingkang saget nggayuh menika. Menggalih menggah ing Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa inggih menika setunggaling perkawis ingkang saget dipuntindakaken, lan mirengaken menggah ing Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa inggih menika ugi perkawis ingkang saget dipuntindakaken kangge saben tiyang. Lan Gusti Pangran dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā :

māṁ hi pārtha vyapāśritya
ye 'pi syuḥ pāpa-yonayaḥ
striyo vaiśyās tathā śūdrās
te 'pi yānti parāṁ gatim
(BG 9.32)
kiṁ punar brāhmaṇāḥ puṇyā
bhaktā rājarṣayas tathā
anityam asukhaṁ lokam
imaṁ prāpya bhajasva mām
(BG 9.33)

Gusti Pangeran dhawuh bilih menapa malih tiyang ingkang kagungan drajat kagesangan ingkang paling andhap, drajat kagesangan ingkang paling andhap, utawi menapa malih setunggaling wanodya ingkang asor, utawi setunggal saudagar utawi para buruh ... Para saudagar, para buruh lan para wanodya, sedayanipun kasengguh wonten ing salebetipun golongan amargi sedayanipun dereng majeng. Nanging Gusti Pangeran dhawuh bilih sedayanipun wau ugi, utawi malah golongan ingkang langkung andhap saking sedayanipun, māṁ hi pārtha vyapāśritya ye 'pi syuḥ (BG 9.32), sanes sedayanipun kemawon utawi malah ingkang langkung andhap saking sedayanipun, utawi sinten kemawon. Mboten peduli sinten kemawon tiyang jaler utawi tiyang wanodya punika, saben tiyang ingkang nampi prinsip bhakti-yoga punika lan nampi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka kaluhuran ingkang agung saking kegesangan, arah lan angkahipun gesang ingkang paling agung ... Māṁ hi pārtha vyapāśritya ye 'pi syuḥ, te 'pi yānti parāṁ gatim. Parāṁ gatim punika ingkang wonten ing karatyan rohani lan ing antariksa rohani, sedayanipun saget nggayuh. Saben tiyang namung kedah nindakaken sistem punika. Sistem punika dipuntedahaken ing salebetipun Bhagavad-gītā kanthi sae sanget lan setunggaling priyantun saget ngginaken, ndamel gesangipun dados sampurna lan ngasilaken setunggaling tuntasing perkawising salebetipun gesangipun kangge sadangunipun. Punika ringkesan lan underan saking isinipun Bhagavad-gītā. Amargini menika, pungkasanipun bilih Bhagavad-gītā minangka setunggaling kasusastran rohani ingkang kedahipun dipunwaos dening satunggaling priyantun kanthi ngatos-atos sanget. Gītā-śāstram idaṁ puṇyaṁ yaḥ paṭhet prayataḥ pumān. Lan pungkasanipun mangke, menawi piyambakipun nglampahaken pitedah punika kanthi leres, mila piyambakipun badhe kabebasaken saking sedaya kasangsaran lan kuwatos ing gesangipun. Bhaya-śokādi-varjitaḥ (Gītā-māhātmya 1). Sedaya kuwatos ing gesangipun ing lebetipun gesang menika, lan piyambakipun badhe pikanthuk kagesangan rohani ing gesangipun salajengipun.

gītādhyāyana-śīlasya
prāṇāyama-parasya ca
naiva santi hi pāpāni
pūrva-janma-kṛtāni ca
(Gītā-māhātmya 2)

Dados kabegjan sanesipun bilih setunggaling priyantun maos Bhagavad-gītā, kanthi tulus lan temen sanget, mila kanthi kepareng Gusti Pangeran, wusananipun saking dosa-dosanipun kapengker mboten bakal badhe mangaribawani malih.