JV/Prabhupada 1080 - Ringkesan Ing Salebetipun Bhagavad-gītā - Gusti Pangeran Ingkang Maha Tunggal Inggih Menika Kṛṣṇa Ingkang Mboten Asipat Sektarian

The printable version is no longer supported and may have rendering errors. Please update your browser bookmarks and please use the default browser print function instead.


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kanthi gumontang sanget Gusti Pangeran dhawuh ing salebetipun bageyan pungkasanipun Bhagavad-gītā : ahaṁ tvāṁ sarva-pāpebhyo mokṣayiṣyāmi mā śucaḥ (BG 18.66). Panjenenganipun ngasta tanggel-jawabipun. Satunggaling priyantun ingkang sampun pasrah dhateng Gusti Pangeran, mila Panjenenganipun ngasta tanggel-jawabipun kanthi ngayomi, ngayomi saking sedaya kelepatanipun.

mala-nirmocanaṁ puṁsāṁ
jala-snānaṁ dine dine
sakṛd gītāmṛta-snānam
saṁsāra-mala-nāśanam
(Gītā-māhātmya 3)

Satunggaling priyantun sesuci dhirinipun saben dinten kanthi siram ngagem toya, nanging satunggaling priyantun ingkang nindakaken sesuci dhirinipun sepindhah kemawon mawi toya suci Gangganipun Bhagavad-gītā, mila kalepatan-kalepatan ing salebetipun gesang materialipun ingkang reged dipunlebur sedayanipun.

gītā su-gītā kartavyā
kim anyaiḥ śāstra-vistaraiḥ
yā svayaṁ padmanābhasya
mukha-padmād viniḥsṛtā
(Gītā-māhātmya 4)

Amargi Bhagavad-gītā dipunsabdaaken dening Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila para priyantun kedahipun ... Para priyantun mboten perlu malih maos kasusastran Veda sanesipun. Cekap menawi piyambakipun maos lan mirengaken Bhagavad-gītā kanthi dipunsimak lan lumintu, gītā su-gītā kartavyā... Lan tamtu kemawon satunggaling priyantun kedahipun ngginaaken cara punika. Gītā su-gītā kartavyā kim anyaiḥ śāstra-vistaraiḥ. Amargi wekdal sakpunika para priyantun saweg kekirangan sanget ing salebetipun samukawis, saengga mestail sanget kangge mindhahaken kawigatosanipun dhateng sedaya kasusastran Veda. Setunggal kasusastran Veda punika kemawon sampun cekap amargi punika minangka underan saking sedaya kasusastran Veda, ugi mliginipun amargi punika dipunsabdaaken piyambak dening Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa.

bhāratāmṛta-sarvasvaṁ
viṣṇu-vaktrād viniḥsṛtam
gītā-gaṅgodakaṁ pītvā
punar janma na vidyate
(Gītā-māhātmya 5)

Kados dene ingkang sampun dipunaturaken bilih satunggaling priyantun ingkang ngunjuk toya bengawan Gangga, mila piyambakipun ugi ngangsalaken kabebasan, menapa malih menawi ingkang dipununjuk menika toya Bhagavad-gītā? Bhagavad-gītā minangka madu ing salebetipun Mahābhārata, lan punika dipunprayogekaken dening Viṣṇu. Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa minangka Viṣṇu ingkang sepindhahan. Viṣṇu-vaktrād viniḥsṛtam. Panjenenganipun miyos saking tutukipun Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gaṅgodakaṁ, bengawan Gangga dipunaturaken dipunmunculaken saking sakngandhapipun sampeyan-padma Gusti Pangeran lan Bhagavad-gītā dipunmunculaken saking tutukipun Gusti Pangeran. Tamtu kemawon, mboten wonten bentenipun antawis tutuk lan sampeyanipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Senaos mekaten, saking kalenggahan ingkang netral, kawula sedaya saget nyinau bilih Bhagavad-gītā tansah langkung wigatos tinimbang toya bengawan Gangga.

sarvopaniṣado gāvo
dogdhā gopāla-nandana
pārtho vatsaḥ su-dhīr bhoktā
dugdhaṁ gītāmṛtaṁ mahat
(Gītā-māhātmya 6)

Gītopaniṣad punika kados dene satunggaling lembu, lan Gusti Pangeran kasuwur minangka sang pangangoning lembu, lan Panjenenganipun saweg meres pohan lembu punika. Sarvopaniṣado. Lan menika minangka underan saking sedaya Upaniṣad ingkang dipunumpamekaken kados dene satunggaling lembu. Lan Gusti Pangeran ingkang minangka pangangoning lembu ingkang mumpuni sanget, Panjenenganipun saweg meres pohanipun lembu punika. Dan pārtho vatsaḥ. Lan Arjuna kados dene satunggaling pedhet. Lan su-dhīr bhoktā. Lan para sarjana ingkang wasis sarta para panyembah ingkang murni, sedayanipun kedahipun nampi pohan punika. Su-dhīr bhoktā dugdhaṁ gītāmṛtaṁ mahat. Madu punika, pohanipun Bhagavad-gītā punika dipuntujoaken kangge para panyembah ingkang wasis.

ekaṁ śāstraṁ devakī-putra-gītam
eko devo devakī-putra ev
eko mantras tasya nāmāni yāni
karmāpy ekaṁ tasya devasya sevā
(Gītā-māhātmya 7)

Sapunika ngalam donya punika kedahipun nyinau wucalan punika saking Bhagavad-gītā : Ekaṁ śāstraṁ devakī-putra-gītam. Namung wonten setunggal kasusastran kemawon, setunggal kasusastran sesarengan kangge saindhenging ngalam donya, kangge para priyantun saking saindhenging ngalam donya, lan menika Bhagavad-gītā punika. Devo devakī-putra eva. Lan namung wonten setunggal Gusti Pangeran kangge saindhenging ngalam donya, inggih menika Śrī Kṛṣṇa. Lan : eko mantras tasya nāmāni. Lan namung wonten setunggal tembang, mantra, namung wonten setunggal tembang pepujan, setunggal donga, utawi setunggal tembang pepujan, inggih menika panyebatan asma Panjenenganipun, Hare Kṛṣṇa Hare Kṛṣṇa Kṛṣṇa Kṛṣṇa Hare Hare, Hare Rāma Hare Rāma Rāma Rāma Hare Hare. Eko mantras tasya nāmāni yāni karmāpy ekaṁ tasya devasya sevā. Lan namung wonten setunggal pedamelan kemawon, inggih menika ngladosi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Menawi setunggaling priyantun sampun nyinau Bhagavad-gītā, mila piyambakipun badhe dados ngersaaken sanget kangge nggadhai setunggal agama, setunggal Gusti Pangeran, setunggal sastra suci lan setunggal pedamelan utawi setunggal kridha ing salebetipun gesang. Sampun dipunringkesaken ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih setunggal, setunggal Gusti Pangeran inggih menika Kṛṣṇa. Kṛṣṇa sanes Gusti Pangeran ingkang asipat sektarian, saking asma Kṛṣṇa ..... Kṛṣṇa suraosipun, kados sampun dipunandharaken ing nginggil, Kṛṣṇa suraosipun kanikmatan ingkang paling nginggil.