Sami kados dene sang lare alit. Menawi kawula ngendikan dhateng lare alit punika bilih, “Surya wonten ing akasa,” mila sang lae alit badhe ngendikan, “Pitedahaken dhateng kawula wonten pundi surya menika.” Lajeng menawi setunggal priyantun ngendikan, “Inggih, mangga, kawula badhe mitedahaken surya dhateng panjenengan. Mangga minggah wonten nginggilipun pajenganipun griya. Kawula sampun mbeta suluh …” Mestail kangge mitedahaken surya nalikanipun wengi, senaos dene sang lare alit panggah nyuwun mirsani surya punika. Mila sami kados dene, piyambakipun sedaya ingkang namung jejulukipun kemawon para sarjana, piyambakipun sedaya sampun mratelakaken bilih Gusti Pangeran punika mboten wonten. Piyambakipun sedaya sami kados sang lare alit wau. Panjenengan kedahipun saget mangertosi. Sami kados dene satunggaling priyantun ingkang sampun majeng wonten nglebet seserepan, mila piyambakipun mangertosi bilih surya panggah wonten mrika. “Senaos dene kawula mboten saget mirsani surya punika nalikanipun wengi, nanging surya punika panggah wonten mrika.” Piyambakipun mitadosi perkawis punika. Sami kados dene, piyambakipun ingkang sampun majeng wonten nglebet seserepan rohani, piyambakipun sedaya saged mirsani Gusti Pangeran saben wekdal.
|