JV/680924 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Seattle

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Bhagavad-gītā dipunwaos dening mangsarakat manungsa sanes namung wonten ing India kemawon, nanging ugi wonten jawinipun India, wiwit wekdal ingkang sampun dangu sanget. Nanging ketiwasan, amargi sedayanipun sampun dados mlurud amargi sesambungan kaliyan cemer material, mila para priyantun ngawiti nyuraosaken Bhagavad-gītā lumantar mawarni-warni cara. Amargi menika kirang langkung gangsal atus warsa ingkang kapungkur, Gusti Pangeran Śrī Caitanya miyos lan Panjenenganipun ngawiti pakempalan kainsapan Kṛṣṇa wonten ngandhap tuntunan pribadi Panjenenganipun wonten ing Bengal. Panggenan wiyosipun Panjenenganipun dipuntepang minangka Navadvīpa. Panjenenganipun maringaken pitedah dhateng sedaya priyantun India kangge nyebaraken piweling kainsapan Kṛṣṇa punika dhateng sakindhenging jagat, wonten ing saben desa lan saben kutha. Kados mekaten pitedah Panjenenganipun.
680924 - Wawanrembag Ingkang Dipunrekam - Seattle