| Sakmenika, kawula ngersakaken nganglipta panggenan-panggenan ingkang alus kangge ngrahapi indria asta punika, indria panganglipta. Nanging menawi asta punika dipunlimputi dening sawal asta, mila kawula mboten saged ngrahapi indria punika kanthi leres. Panjenengan saged mangertosi perkawis punika kanthi gampil. Indria punika wonten lan sampun cumawis, nanging menawi indria punika dipunlimputi kanthi lancung, mila senaos dene sarana punika wonten lan sampun cumawis, nanging kawula mboten saged ngrahapi indria punika kanthi sampurna. Sami ugi kados dene, kawula sedaya sampun ngangsalaken indria-indria gadhahipun kawula sedaya, nanging indria-indria punika sakmenika saweg dipunlimputi dening salira material punika. Kṛṣṇa maringaken pitedah wonten nglebet Bhagavad-gītā, bilih karaharjan ingkang kelangkung-langkung saget digayuh dening indria-indria punika, nanging sanes dening indria-indria ingkang saweg dipunlimputi kados mekaten.
|